Mazmur 34:1-22

  • Yéhuwah nylametké abdiné

    • ”Ayo bareng-bareng ngluhurké jenengé” (3)

    • Malaékaté Yéhuwah njaga (7)

    • ”Deloken lan rasakna nèk Yéhuwah kuwi apikan” (8)

    • Ora ana balungé sing bakal ditugel (20)

Daud éthok-éthok édan+ ing ngarepé Abimèlèkh, terus Abimèlèkh ngusir Daud. Sakwisé lunga saka kono, Daud nggawé lagu iki. א [Alef] 34  Aku bakal terus muji Yéhuwah. Aku ora bakal mandheg muji Dhèwèké. ב [Bet]   Aku bakal muji Yéhuwah.+ Wong sing wataké alus bakal krungu lan ngrasa seneng. ג [Gimel]   Ayo mulyakké Yéhuwah bareng karo aku.+ Ayo bareng-bareng ngluhurké jenengé. ד [Dalet]   Aku ndonga marang Yéhuwah, lan Dhèwèké njawab aku.+ Dhèwèké nylametké aku saka apa waé sing nggawé aku wedi.+ ה [He]   Wong sing percaya marang Dhèwèké mesthi bakal bahagiaLan ora bakal kecéwa. ז [Zayin]   Aku iki wong cilik sing njaluk tulung marang Yéhuwah, lan Dhèwèké ngrungokké aku. Dhèwèké mbébaské aku saka kabèh kesusahan.+ ח [Het]   Malaékaté Yéhuwah njaga* wong sing wedi marang* Gusti Allah,+Lan Dhèwèké nylametké wong-wong kuwi.+ ט [Tet]   Deloken lan rasakna nèk Yéhuwah kuwi apikan.+ Wong sing nggolèk perlindungan marang Dhèwèké kuwi bahagia. י [Yod]   Hé kowé kabèh sing nyembah Yéhuwah,* kowé kudu wedi marang* Dhèwèké,Merga wong sing wedi marang Dhèwèké ora bakal kekurangan apa-apa.+ כ [Kaf] 10  Singa-singa sing kuwat* isa waé ngelih,*Ning wong sing nggolèk tuntunané Yéhuwah ora bakal kekurangan apa-apa.+ ל [Lamed] 11  Ayo mréné, anak-anakku, rungokna aku. Aku bakal ngajari kowé bèn wedi marang* Yéhuwah.+ מ [Mem] 12  Sapa sing péngin bahagia? Sapa sing péngin dawa umuré?+ נ [Nun] 13  Aja nganti kowé* ngomongké sing èlèk.+ Ati-ati, aja nganti kowé* ngapusi.+ ס [Samekh] 14  Kowé kudu nindakké sing apik, aja nganti nindakké sing jahat.+ Kowé kudu ngupaya rukun karo kabèh wong lan tetepa rukun.+ ע [Ayin] 15  Yéhuwah* nggatèkké wong sing bener,+Lan Dhèwèké* ngrungokké wektu wong kuwi njaluk tulung.+ פ [Pe] 16  Yéhuwah nolak wong sing tumindaké jahat. Wong kuwi bakal mati, lan ora ana wong ing bumi sing bakal kèlingan karo wong kuwi.+ צ [Tsade] 17  Wong sing bener njaluk tulung, lan Yéhuwah ngrungokké wong kuwi.+ Dhèwèké nylametké wong kuwi saka kesusahan.+ ק [Qof] 18  Yéhuwah cedhak karo wong sing atiné susah,+Lan Dhèwèké nylametké wong sing putus asa.*+ ר [Res] 19  Wong sing bener ngalami akèh kesusahan,*+Tapi Yéhuwah mbébaské wong kuwi saka kabèh kesusahan mau.+ ש [Syin] 20  Dhèwèké nglindhungi kabèh balungé wong kuwi,Blas ora ana sing bakal ditugel.+ ת [Taw] 21  Wong jahat bakal mati merga kena bencana. Wong sing sengit karo wong sing bener bakal dianggep salah lan dihukum. 22  Yéhuwah nylametké para abdiné. Kabèh wong sing nggolèk perlindungan marang Dhèwèké ora bakal dianggep salah lan dihukum.+

Katrangan Tambahan

Utawa ”kémah ing sekitaré”.
Utawa ”Hé kowé sing dipisahké kanggo nglayani Yéhuwah”.
Utawa ”Singa-singa enom sing rambuté dawa”.
Utawa ”luwé”.
Lit.: ”ilatmu”.
Lit.: ”lambému”.
Lit.: ”Mripaté Yéhuwah”.
Lit.: ”kupingé”.
Utawa ”cilik ati”.
Utawa ”bencana”.