Filipi 4:1-23

  • Kudu rukun, bahagia, lan mikirké apa waé sing apik (1-9)

    • Aja nguwatirké apa waé (6, 7)

  • Paulus ngajèni bantuané wong Filipi (10-20)

  • Salam penutup (21-23)

4  Mula, sedulur-sedulur sing tak sayangi lan tak kangeni, kowé kuwi sing nggawé aku bahagia, lan kanggoku kowé kaya mahkota.+ Sedulur-sedulur sing tak sayangi, kowé kudu terus setya+ dadi muridé Gusti.  Aku njaluk tenanan marang Éuodia lan Sintikhé bèn rukun wektu ngabdi marang Gusti.+  Aku ya njaluk marang kowé kabèh, kanca nyambut gawéku sing sejati, bèn kowé terus mbantu sedulur-sedulur wédok kuwi. Sedulur-sedulur wédok kuwi wis kerja keras bareng aku demi kabar apik lan bareng karo Klémen lan kanca-kanca nyambut gawéku sing liyané, sing jenengé ana ing buku kehidupan.+  Kowé kudu terus bahagia merga Gusti. Kowé tak kandhani manèh: Kowé kudu bahagia.+  Kowé kudu nduduhké marang kabèh wong nèk kowé seneng ngalah.*+ Gusti kuwi cedhak.  Aja nguwatirké apa waé.+ Tapi, ing kabèh keadaan, kowé kudu terus ndonga njaluk tuntunané Gusti Allah+ lan terus ngucap syukur.  Nèk kowé nindakké kuwi, Gusti Allah bakal mènèhi kowé rasa ayem+ sing ora isa dipahami manungsa. Terus, liwat Kristus Yésus, Gusti Allah bakal njaga ati+ lan pikiranmu.  Mula, sedulur-sedulurku, terus pikirna apa waé sing bener, sing penting, sing adil, sing murni, sing nggawé awaké dhéwé nresnani wong liya, sing terhormat, sing apik, lan sing pantes dialem.+  Kowé kudu nindakké+ apa waé sing wis mbok sinau, mbok tampa, mbok rungokké, lan mbok delok saka aku, supaya Gusti Allah sing nggawé ayem mberkahi kowé. 10  Aku seneng banget lan ngucap syukur marang Gusti merga kowé mulai mikirké aku manèh.+ Mbiyèn kowé terus mikirké aku, ning kowé ora nduwé kesempatan kanggo mbantu aku. 11  Aku ngomong kaya ngéné dudu merga aku lagi kekurangan. Aku wis ngerti carané bèn ngrasa puas* ing keadaan apa waé.+ 12  Pas aku nduwé sithik+ utawa nduwé akèh, aku tetep bahagia. Ing keadaan apa waé, ora soal aku ngelih* utawa wareg, nduwé sithik utawa akèh, aku wis ngerti carané bèn ngrasa puas. 13  Aku nduwé kekuwatan kanggo ngadhepi apa waé, merga Gusti mènèhi aku kekuwatan.+ 14  Ning, kowé apikan banget merga wis mbantu aku wektu aku sengsara. 15  Sedulur-sedulur ing Filipi, kowé wis ngerti nèk wektu aku mangkat saka Makédonia sakwisé kowé pertama kali sinau soal kabar apik, mung kowé jemaat sing mbantu aku lan gelem nampa bantuanku.+ 16  Pas aku ana ing Tésalonika, kowé ngirim bantuan kanggo aku, ora mung ping pisan, ning ping loro. 17  Iki ora berarti aku péngin éntuk hadiah saka kowé. Ning, aku péngin kowé seneng mènèhi bèn kowé éntuk akèh manfaat. 18  Tapi, aku nduwé kabèh sing tak butuhké, malah nganti akèh banget. Saiki aku ora kekurangan apa-apa sakwisé Épafroditus+ mènèhké kiriman saka kowé. Kuwi kaya korban sing wangi+ lan nyenengké Gusti Allah. 19  Merga Gusti Allahku sugih banget, Dhèwèké bakal nyedhiakké kabèh kebutuhanmu+ liwat Kristus Yésus. 20  Muga-muga Gusti Allah, yaiku Bapaké awaké dhéwé, diluhurké saklawasé. Amin. 21  Aku titip salam kanggo wong-wong suci sing dadi muridé Kristus Yésus. Sedulur-sedulur sing ana bareng karo aku ya ngirim salam kanggo kowé. 22  Kabèh wong suci, khususé sing ana ing istanané Kaisar,+ ya ngirim salam kanggo kowé. 23  Muga-muga Gusti Yésus Kristus apikan banget karo kowé merga kowé terus nduwé semangat.

Katrangan Tambahan

Utawa ”kowé masuk akal”.
Utawa ”ngrasa cukup”.
Utawa ”luwé”.