Roma 15:1-33

  • Ramah lan apikan kaya Kristus (1-13)

  • Paulus kuwi abdi kanggo bangsa-bangsa (14-21)

  • Rencana perjalanané Paulus (22-33)

15  Awaké dhéwé sing kuwat kudu nanggung kelemahané wong sing lemah.+ Aja mung nyenengké awakmu dhéwé.+  Ayo padha nyenengké wong liya lan nindakké apa sing apik kanggo nguwatké wong liya,+  merga Kristus waé ora nyenengké dhèwèké dhéwé.+ Kitab Suci kandha soal dhèwèké, ”Aku diécé wong-wong sing ngécé Njenengan.”+  Kabèh ayat sing ditulis mbiyèn ditulis kanggo mulang awaké dhéwé.+ Awaké dhéwé nduwé harapan merga ayat-ayat kuwi mbantu awaké dhéwé bèn sabar+ lan mènèhi awaké dhéwé penghiburan.+  Muga-muga Gusti Allah mbantu kowé bèn sabar lan kuwat. Aku ya ndonga bèn Gusti Allah mènèhi kowé pikiran sing padha kaya pikirané Kristus Yésus,  sing isa nggawé kowé bersatu+ wektu ngluhurké Gusti Allah, yaiku Bapaké Yésus Kristus Gustiné awaké dhéwé.  Mula, kowé kudu ramah lan apikan karo wong liya,+ padha kaya Kristus ya wis apikan karo kowé,+ supaya Gusti Allah diluhurké.  Aku ngandhani kowé nèk Kristus wis dadi pelayané wong-wong Yahudi*+ kanggo mbuktèkké nèk omongané Gusti Allah kuwi mesthi bener lan janjiné Gusti Allah marang nènèk moyangé wong-wong kuwi isa dipercaya.+  Dhèwèké ya nindakké kuwi bèn bangsa-bangsa liya ngluhurké Gusti Allah sing wis apikan.+ Ana ayat sing kandha, ”Kuwi sebabé aku bakal ngluhurké Njenengan ing antarané bangsa-bangsa, lan aku bakal nyanyi pujian kanggo jeneng-Mu.”+ 10  Ayat liya ya kandha, ”Wong-wong saka kabèh bangsa kudu ngrasa seneng bareng umaté.”+ 11  Ayat liyané manèh kandha, ”Hé kabèh bangsa, pujinen Yéhuwah,* lan muga-muga kabèh suku bangsa muji Dhèwèké.”+ 12  Yésaya ya kandha, ”Ana wong saka keturunané* Isai+ sing bakal teka lan mréntah akèh bangsa,+ lan bangsa-bangsa bakal berharap marang dhèwèké.”+ 13  Muga-muga Gusti Allah, sing mènèhi kowé harapan, nggawé kowé bener-bener bahagia lan ngrasa ayem merga kowé percaya marang Dhèwèké. Muga-muga harapanmu isa saya kuwat lan kowé éntuk kekuwatan saka roh suci.+ 14  Sedulur-sedulur, aku dhéwé yakin nèk tumindakmu apik lan kowé nduwé pengetahuan. Kowé ya isa mènèhi naséhat marang* wong liya. 15  Ning, terus terang, ana sing tak tulis kanggo ngélingké kowé. Merga Gusti Allah wis apikan banget marang aku, 16  aku isa dadi abdiné Kristus Yésus lan ngumumké kabar apik marang bangsa-bangsa.+ Aku kerja keras nindakké gawéan sing suci iki bèn Gusti Allah nampa wong-wong saka bangsa liya. Wong-wong kuwi kaya korban sing digawé suci liwat roh suci. 17  Mula, aku seneng merga dadi pengikuté Kristus Yésus lan nindakké tugas saka Gusti Allah. 18  Aku ora bakal ngomongké soal apa sing wis tak tindakké. Ning, aku mung bakal ngomongké soal apa sing wis diomongké lan ditindakké Kristus liwat aku, supaya aku isa mbantu wong-wong saka bangsa liya bèn manut karo dhèwèké. 19  Wong-wong kuwi manut merga mukjijat+ sing ditindakké nganggo roh suciné Gusti Allah. Mula, ing dhaérah-dhaérah saka Yérusalèm nganti Ilirikum, kabar apik soal Kristus wis tak wartakké nganti rampung.+ 20  Aku ngupaya sak isa-isané kanggo martakké kabar apik ing panggonan-panggonan sing wong-wongé durung ngerti soal Kristus,* supaya aku ora neruské gawéan sing wis dimulai wong liya.* 21  Iki sesuai karo ayat sing kandha, ”Wong sing durung dikandhani soal dhèwèké bakal kenal dhèwèké, lan wong sing durung tau krungu bakal padha ngerti.”+ 22  Kuwi sebabé aku ping bola-bali ora isa teka marani kowé. 23  Ning saiki, aku wis ngrampungké gawéan nginjilku ing wilayah iki, lan wis pirang-pirang taun aku péngin banget marani kowé. 24  Dadi, pas perjalananku menyang Spanyol mengko, muga-muga aku isa ketemu kowé. Terus, sakwisé bergaul karo kowé, kowé isa ngancani aku nganti tekan sebagéan perjalananku. 25  Ning saiki, aku bakal lunga ing Yérusalèm kanggo nglayani wong-wong suci ing kana,+ 26  merga sedulur-sedulur ing Makédonia lan Akhaya seneng mènèhi sumbangan kanggo wong-wong suci sing mlarat ing Yérusalèm.+ 27  Sedulur-sedulur kuwi seneng mènèhi sumbangan, lan sakjané ngrasa wajib* nindakké kuwi. Wong-wong suci ing Yérusalèm wis mbagi berkahé marang sedulur-sedulur kuwi, mula sedulur-sedulur kuwi ya ngrasa wajib nyukupi kebutuhané wong-wong suci kuwi.+ 28  Mula, aku bakal nggawa sumbangan kuwi lan mastèkké kuwi ditampa karo wong-wong kuwi. Sakwisé kuwi, aku bakal mampir ing panggonanmu pas perjalanan menyang Spanyol. 29  Aku yakin nèk pas aku teka mengko, aku bakal teka lan nggawa berkah sing akèh banget saka Kristus. 30  Sedulur-sedulur, merga awaké dhéwé nduwé iman marang Yésus Kristus Gustiné awaké dhéwé, lan merga roh suci wis nggawé awaké dhéwé nresnani wong liya, aku njaluk bèn kowé tenanan ndongakké aku,+ kaya sing tak tindakké. 31  Dongakna bèn aku dislametké+ saka wong-wong ing Yudéa sing ora percaya marang Yésus lan bèn pelayananku kanggo wong-wong suci ing Yérusalèm ditampa.+ 32  Terus, nèk pancèn cocog karo karepé Gusti Allah, aku bakal ngrasa seneng banget wektu marani kowé, lan awaké dhéwé isa padha-padha nguwatké. 33  Muga-muga Gusti Allah sing nggawé kowé ayem mberkahi kowé.+ Amin.

Katrangan Tambahan

Lit.: ”wong-wong sing disunat”.
Deloken Lamp. A5.
Lit.: ”akaré”.
Utawa ”isa mulang”.
Lit.: ”jenengé Kristus”.
Lit.: ”ora mbangun ing ndhuwur pondhasiné wong liya”.
Utawa ”ngrasa nduwé utang kanggo”.