Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Sapa sing Isa Nggawé Bumi Iki Dadi Apik Manèh?

Sapa sing Isa Nggawé Bumi Iki Dadi Apik Manèh?

 Akèh sing sedhih ndelok bumi iki rusak lan akèh makhluk hidup sing punah merga kelakuané manungsa. Menurut para ahli, kelakuané manungsa saya suwé saya parah.

 Apa bumi bakal hancur gara-gara manungsa? Isa ora manungsa nggawé bumi dadi apik manèh?

Apa manungsa isa nggawé bumi dadi apik?

 Menurut para ahli, manungsa isa nggawé bumi iki dadi apik. Tapi, ana sing kudu diubah. Apa waé kuwi?

  •   Ora ngrusak tanah, hutan, rawa-rawa, lan laut.

  •   Nganggo cara bertani sing ora ngrusak lingkungan lan nganggo sumber ènergi sing alami.

  •   Luwih akèh mangan tumbuhan daripada mangan daging lan iwak, terus ya aja mbuwang-mbuwang panganan.

  •   Ora srakah.

 Piyé menurut njenengan? Apa kabèh wong, termasuk pamréntah lan pebisnis, isa ngupayakké kuwi kabèh? Merga saiki akèh wong sing srakah lan mung mikirké kepentingané dhéwé, isa ora kuwi kelakon?​—2 Timotius 3:1-5.

Ana harapan

 Ing Alkitab dijelaské nèk bumi isa dadi apik manèh. Menurut Alkitab, manungsa ora isa nggawé bumi iki dadi apik. Tapi, ing kono ya dijelaské piyé carané Gusti Allah nggawé bumi iki dadi apik manèh.

 Ngapa manungsa ora isa nggawé bumi dadi apik manèh? Yéhuwah a kuwi sing nyiptakké bumi. Dhèwèké péngin manungsa ngopèni bumi. (Purwaning Dumadi 1:28; 2:15) Bèn isa ngopèni bumi, manungsa kudu manut karo petunjuké Gusti Allah. (Wulang Bebasan 20:24) Nèk ora manut, manungsa ora bakal isa nggawé bumi dadi luwih apik. (Wulang Bebasan 21:30; Yérémia 10:23) Tapi kenyataané, manungsa malah ora manut lan sak karepé dhéwé.​—Pengkhotbah 7:29.

 Apa sing kudu diubah? Gusti Allah bakal nyingkirké wong-wong sing ngrusak bumi. (Wahyu 11:18; 21:1) Mulané Gusti Allah ngomong, ”Deloken. Aku nggawé kabèh dadi anyar.”​—Wahyu 21:5.

 Piyé carané Gusti Allah nggawé bumi dadi apik manèh? Pamréntahané manungsa bakal diganti karo Kerajaané Gusti Allah. Rajané kuwi Yésus Kristus. Dhèwèké bakal mréntah bumi.​—Danièl 2:44; Matius 6:10.

 Mengko pas Kerajaané Gusti Allah mréntah, kabèh manungsa bakal manut. Dadi, mengko manungsa isa nggawé bumi iki dadi apik manèh. (Yésaya 11:9) Ing Alkitab ya dijelaské nèk manungsa mengko bakal bahagia lan ora perlu ngrusak lingkungan. Liwat Kerajaané Gusti Allah, sukmbèn:

 Ora suwé manèh, kuwi kabèh bakal kelakon. Bèn isa ngerti luwih akèh, wacanen artikel ”Kapan Kratoné Allah Mréntah Bumi?

a Yéhuwah kuwi jenengé Gusti Allah.​—Mazmur 83:18.