Yérémia 10:1-25

  • Allahé bangsa-bangsa dibandhingké karo Gusti Allah sing urip (1-16)

  • Ora suwé manèh Yérusalèm dihancurké lan penduduké ditawan (17, 18)

  • Yérémia sedhih banget (19-22)

  • Dongané Yérémia (23-25)

    • Manungsa ora isa ngarahké langkah (23)

10  Hé wong Israèl, rungokna omongané Yéhuwah sing disampèkké marang kowé.  Iki sing diomongké Yéhuwah: ”Aja tiru-tiru kebiasaané bangsa-bangsa liya.+ Aja wedi karo tandha-tandha ing langit senajan bangsa liya padha wedi karo kuwi.+   Kuwi merga kebiasaané wong-wong kuwi ora ana gunané. Pengrajin negor wit saka hutan,Terus nggawé kuwi dadi patung nganggo alaté.+   Bar kuwi, patung mau dihiasi nganggo pérak lan emas+Lan ditancepké ing lemah nganggo palu lan paku bèn ora tiba.+   Kaya wong-wongan ing kebon timun, patung-patung kuwi ora isa ngomong.+ Patung-patung kuwi kudu diangkat merga ora isa mlaku.+ Aja wedi karo patung-patung kuwi merga kuwi ora isa nyilakani kowé lan ya ora isa nindakké sing apik.”+   Ora ana sing kaya Njenengan.+ Njenengan hébat. Njenengan, sing jenengé Yéhuwah, nduwé kuwasa sing gedhé.   Sapa sing ora wedi karo Njenengan, oh Rajané kabèh bangsa?+ Njenengan pancèn pantes diajèni,Sebab ing antarané wong-wong sing wicaksana ing kabèh kerajaan ing bumiOra ana sing kaya Njenengan.+   Wong-wong kuwi ora masuk akal lan bodho.+ Tuntunan saka patung kayu kuwi ora ana gunané.+   Lèmpèngan pérak sing dituku saka Tarsyis+ lan emas saka UfazDigunakké para pengrajin lan pengrajin logam kanggo nglapisi patung kuwi. Patung-patung kuwi diklambèni benang biru lan wol ungu. Patung-patung kuwi digawé karo wong-wong sing ahli. 10  Ning Yéhuwah kuwi bener-bener Gusti Allah. Dhèwèké kuwi Gusti Allah sing urip+ lan Raja kanggo saklawasé.+ Nesuné isa nggawé bumi goncang,+Lan ora ana bangsa sing tahan ngadhepi nesuné. 11  *Omongna iki marang wong-wong kuwi,”Allah-allah sing ora nggawé langit lan bumiBakal lenyap saka bumi lan saka ngisor langit iki.”+ 12  Dhèwèké kuwi Sing Nggawé bumi nganggo kuwasané. Dhèwèké nggawé tanah sing subur nganggo kawicaksanané+Lan nggelar langit nganggo pemahamané.+ 13  Wektu Dhèwèké ngetokké swarané,Banyu ing langit padha gemuruh.+ Dhèwèké nggawé méga* munggah saka ujung-ujung bumi,+Ngongkon kilat metu bareng karo* udan,Lan ngetokké angin saka gudhang-gudhangé.+ 14  Saben wong tumindak ora masuk akal lan tanpa pengetahuan. Saben pengrajin logam bakal digawé isin merga patung ukirané.+ Patung logam* kuwi mung ngapusi. Patung-patung kuwi ora isa ambegan.+ 15  Kuwi kabèh ora ana gunané lan pantes diécé.+ Pas Gusti Allah nyingkirké patung-patung kuwi, kuwi kabèh bakal lenyap. 16  Ning, Gusti Allahé* Yakub ora kaya patung-patung kuwi,Sebab Dhèwèké kuwi sing nggawé sak kabèhé,Lan Israèl kuwi tongkat pusakané.*+ Jenengé yaiku Yéhuwah pemimpiné pasukan.+ 17  Gawanen lunga barang-barangmu saka tanah iki,Hé wong wédok* sing dikepung. 18  Iki sing diomongké Yéhuwah: ”Saiki Aku bakal ngusir penduduk tanah iki,+Lan Aku bakal nggawé wong-wong kuwi susah.” 19  Cilaka tenan aku, merga aku wis dihancurké.+ Lukaku ora isa diobati. Aku kandha, ”Ya iki penyakitku. Iki kudu tak tanggung. 20  Kémahku wis dihancurké, lan tali-tali kémahé wis dipedhot.+ Anak-anakku wis ninggalké aku lan wis ora ana manèh.+ Ora ana manèh sing isa masang utawa ngedegké kémahku. 21  Para gembala wis tumindak bodho+ lan ora njaluk tuntunané Yéhuwah.+ Kuwi sebabé tumindaké wong-wong kuwi tanpa pemahamanLan kabèh ternaké kocar-kacir.”+ 22  Rungokna! Ana kabar sing lagi waé tak tampa. Ana keributan saka tanah lor.+ Ana pasukan teka saka kana arep nggawé kutha-kutha Yéhuda dadi telantar lan dadi panggonané asu liar.+ 23  Oh Yéhuwah, aku ngerti tenan nèk manungsa ora isa milih dalané dhéwé. Wong sing mlaku ora isa ngarahké langkahé.+ 24  Oh Yéhuwah, tulung kandhani aku sesuai karo sing mbok karepké,Ning aja karo nesu,+ bèn Njenengan ora nyingkirké aku.+ 25  Njenengan kudu nesu marang bangsa-bangsa sing nolak Njenengan+ lan marang suku-suku sing ora nyebut jeneng-Mu,Sebab wong-wong kuwi wis nyingkirké Yakub.+ Wong-wong kuwi wis nyingkirké dhèwèké nganti entèk+ lan nggawé tanahé dadi telantar.+

Katrangan Tambahan

Ay. 11 asliné ditulis nganggo basa Aram.
Utawa mungkin ”Nggawé pintu-pintu air kanggo”.
Utawa ”uap”.
Utawa ”Patung saka logam sing dilebur”.
Lit.: ”Bagéané”.
Utawa ”kuwi duwèké sing paling berharga”.
Maksudé, Yérusalèm.