Injil Markus 4:1-41

  • PERUMPAMAAN SOAL KERAJAAN SWARGA (1-34)

    • Petani (1-9)

    • Alesané Yésus nggunakké perumpamaan (10-12)

    • Perumpamaan soal petani dijelaské (13-20)

    • Lampu ora didèlèhké ing ngisor kranjang (21-23)

    • Nèk mènèhi akèh, bakal nampa akèh (24, 25)

    • Wong sing nyebar benih turu (26-29)

    • Biji sing cilik banget (30-32)

    • Nggunakké perumpamaan (33, 34)

  • Yésus nggawé badai mandheg (35-41)

4  Yésus mulai mulang manèh ing pinggir laut, lan ana wong akèh banget sing ngumpul ing cedhaké. Mula, Yésus munggah ing prau lan lungguh ing kono. Prau kuwi rada ngedoh saka pantai, lan wong akèh kuwi tetep ana ing pantai.+  Terus, Yésus mulangké apa sing bener marang wong-wong kuwi nggunakké perumpamaan.+ Yésus kandha,+  ”Rungokna. Ana petani sing nyebar benih.+  Wektu benih kuwi disebar, ana sing tiba ing pinggir dalan, terus manuk-manuk teka lan notholi nganti entèk.  Benih liyané tiba ing panggonan sing lemahé sithik lan akèh watuné. Benih kuwi langsung thukul merga lemahé ora jero.+  Ning, pas kena panasé matahari, benih sing thukul kuwi dadi garing lan layu merga akaré ora jero.  Benih liyané tiba ing antarané suket eri. Suket kuwi saya gedhé lan njiret benih kuwi nganti benih kuwi ora isa ngasilké buah.+  Ning, ana benih sing tiba ing lemah sing subur. Terus, benih kuwi thukul, dadi saya gedhé, lan ngasilké buah. Buahé luwih akèh timbang sing ditandur, ana sing ping 30, ping 60, lan ping 100.”+  Yésus kandha manèh, ”Sapa waé sing nduwé kuping, rungokna tenanan.”+ 10  Terus, wektu Yésus dhèwèkan, rasul 12 lan murid-murid liyané takon karo Yésus soal perumpamaan kuwi.+ 11  Yésus ngomong karo wong-wong kuwi, ”Kowé wis diwènèhi pemahaman soal rahasia suci+ Kerajaané Gusti Allah, ning wong-wong liyané mung dikandhani liwat perumpamaan thok.+ 12  Dadi, senajan isa ndelok, wong-wong kuwi tetep ora isa ngerti, lan senajan krungu, wong-wong kuwi tetep ora isa paham. Wong-wong kuwi ya ora bakal bali marang Gusti Allah lan ora bakal diapura.”+ 13  Terus, Yésus kandha, ”Nèk kowé ora ngerti artiné perumpamaan iki, terus piyé kowé isa ngerti artiné perumpamaan liyané? 14  ”Petani kuwi maksudé wong sing martakké berita soal Kerajaan.+ 15  Benih sing tiba ing pinggir dalan kuwi maksudé wong-wong sing ngrungokké berita kuwi, ning ora let suwé, Sétan teka+ lan ngrampas berita sing wis disebar ing njero atiné.+ 16  Benih sing tiba ing panggonan sing akèh watuné kuwi maksudé wong-wong sing ngrasa seneng pas krungu berita kuwi lan langsung nampa,+ 17  ning berita kuwi ora mlebu ing atiné. Wong-wong kuwi nampa berita kuwi, ning mung sedhéla thok. Sakwisé ngalami kesengsaraan utawa dianiaya merga berita kuwi, wong-wong kuwi dadi ora percaya manèh karo berita kuwi.* 18  Benih liyané tiba ing antarané suket eri. Iki maksudé wong-wong sing ngrungokké berita kuwi,+ 19  ning berita kuwi ora ngasilké buah merga rasa kuwatir+ ing urip,* kekayaan sing nggawé wong-wong kapusan,+ lan kepénginan+ liyané mlebu ing atiné lan njiret berita kuwi. 20  Sing terakhir, benih sing tiba ing lemah sing subur kuwi maksudé wong-wong sing ngrungokké lan ngrasa seneng wektu nampa berita kuwi, terus ngasilké buah. Buahé luwih akèh timbang sing ditandur, ana sing ping 30, ping 60, lan ping 100.”+ 21  Yésus ya kandha, ”Lampu minyak mesthiné ora didèlèhké ing ngisor kranjang utawa ngisor ambèn, tapi ing panggonan sing dhuwur, ta?+ 22  Kabèh sing didhelikké bakal diduduhké, lan kabèh sing ditutup rapet-rapet bakal dibukak.+ 23  Sapa waé sing nduwé kuping, rungokna tenanan.”+ 24  Terus, Yésus kandha marang wong-wong kuwi, ”Gatèkna tenanan apa sing mbok rungokké iki.+ Nèk kowé mènèhi akèh, kowé ya bakal nampa akèh, malah luwih akèh timbang sing mbok wènèhké. 25  Wong sing nduwé pemahaman bakal nampa luwih akèh pemahaman,+ malah nganti akèh banget. Ning, wong sing ora nduwé pemahaman bakal kélangan pemahamané, termasuk pemahamané sing mung sithik.”+ 26  Yésus neruské omongané, ”Kerajaané Gusti Allah kuwi kaya wong sing nyebar benih ing lemah. 27  Saben dina, wong kuwi turu pas bengi lan tangi pas ésuk. Ning, wong kuwi ora ngerti nèk benih kuwi ya thukul lan dadi saya dhuwur. 28  Lemah kuwi dhéwé sing nggawé benih kuwi ngasilké buah. Awalé, benih kuwi thukul, terus metu gandumé, lan akhiré dadi gandum sing siap dipanèn. 29  Wektu musim panèn wis teka, wong mau nyabetké arité lan manèn gandum-gandum kuwi.” 30  Yésus kandha manèh, ”Kerajaané Gusti Allah isa dipadhakké karo apa lan isa dijelaské nganggo perumpamaan apa? 31  Kerajaané Gusti Allah kuwi kaya biji sing cilik banget.* Wektu disebar ing lemah, biji kuwi sing paling cilik ing antarané kabèh biji ing bumi.+ 32  Ning sakwisé disebar, biji kuwi thukul lan dadi tanduran sayur sing paling gedhé ing antarané tanduran sayur liyané. Tanduran kuwi ya ngasilké cabang-cabang sing gedhé. Mula, manuk-manuk ing langit isa nggawé susuh lan ngéyub ing kono.” 33  Wektu mulangké berita soal Kerajaan, Yésus nggunakké akèh perumpamaan+ kaya ngono, sesuai karo apa sing isa dipahami wong-wong kuwi. 34  Malah, nèk Yésus mulang mesthi nganggo perumpamaan. Ning, artiné perumpamaan-perumpamaan kuwi mung dijelaské marang murid-muridé.+ 35  Dina kuwi, pas wis bengi, Yésus ngomong karo murid-muridé, ”Ayo lunga ing sabrang.”+ 36  Terus, sakwisé murid-murid ngongkon wong akèh kuwi mulih, Yésus lan murid-muridé langsung numpak prau lan lunga saka kono. Wektu kuwi, ya ana prau-prau liyané sing ngetutké.+ 37  Ujug-ujug ana badai. Prauné diterjang ombak nganti kebak banyu.+ 38  Ning, wektu kuwi Yésus lagi turu nganggo bantal ing prau bagéan mburi. Mula, murid-murid nggugah Yésus lan kandha, ”Guru, apa njenengan ora ndelok nèk awaké dhéwé wis mèh mati?” 39  Terus, Yésus tangi. Dhèwèké nggetak angin kuwi lan kandha marang laut, ”Meneng! Mandhega!”+ Bar kuwi, anginé langsung mandheg, lan keadaané dadi tenang. 40  Terus, Yésus ngomong, ”Ngapa kok kowé wedi? Apa kowé isih durung nduwé iman?” 41  Murid-murid kuwi wedi banget lan padha ngomong, ”Sapa ta sakjané wong iki kok nganti angin lan laut waé manut karo dhèwèké?”+

Katrangan Tambahan

Lit.: ”wong-wong kuwi kesandhung”.
Utawa ”ing sistem donya”. Deloken Daftar Istilah.
Deloken ctn. ing Mat 13:31.