Mazmur 37:1-40

  • Wong sing percaya marang Yéhuwah bakal makmur

    • Aja jèngkèl merga wong jahat (1)

    • ”Ngrasa seneng merga Yéhuwah” (4)

    • ”Gelem dituntun Yéhuwah” (5)

    • ”Wong sing wataké alus bakal terus manggon ing bumi” (11)

    • Wong sing bener ora bakal kekurangan panganan (25)

    • Wong sing bener bakal manggon ing bumi saklawasé (29)

Lagu sing digawé Daud. א [Alef] 37  Aja jèngkèl* merga wong jahat,Lan aja iri karo wong sing kelakuané ora bener.+   Wong-wong kuwi bakal kaya suket sing cepet layu+Lan kaya suket ijo sing cepet mati. ב [Bet]   Kowé kudu percaya karo Yéhuwah lan nindakké sing apik.+ Kowé kudu tetep manggon ing tanah iki, lan kowé kudu setya+ wektu urusan karo wong liya.   Kowé bakal ngrasa seneng* merga Yéhuwah,Lan Dhèwèké bakal nggawé apa sing mbok péngini kelakon. ג [Gimel]   Kowé kudu gelem dituntun* Yéhuwah.+ Kowé kudu ngendelké Dhèwèké, lan Dhèwèké bakal tumindak kanggo kepentinganmu.+   Dhèwèké bakal nggawé tumindakmu sing bener bersinar kaya cahaya pas ésukLan nggawé tumindakmu sing adil kaya cahaya matahari pas awan. ד [Dalet]   Kowé kudu sabar ngentèni Yéhuwah.+ Kowé kudu ngentèni lan berharap marang Dhèwèké. Aja jèngkèl karo wongSing berhasil nindakké rencanané.+ ה [He]   Aja nesu, lan aja ngamuk.+ Aja jèngkèl, lan aja nindakké sing jahat.   Wong jahat mesthi bakal dipatèni,+Tapi wong sing berharap marang Yéhuwah bakal terus manggon ing bumi.+ ו [Waw] 10  Sedhéla manèh, wong sing jahat ora bakal ana manèh.+ Nèk mbok gatèkké panggonané,Dhèwèké wis ora ana manèh ing kono.+ 11  Tapi wong sing wataké alus bakal terus manggon ing bumi.+ Wong-wong kuwi bakal seneng merga ngrasa ayem banget.+ ז [Zayin] 12  Wong sing jahat nggawé rencana jahat kanggo nglawan wong sing bener.+ Wektu ndelok wong sing bener kuwi, dhèwèké nesu. 13  Yéhuwah bakal ngécé wong jahat kuwi,Merga Dhèwèké ngerti wong kuwi bakal mati.+ ח [Het] 14  Wong jahat ngetokké pedhangé lan nyiapké* busur panahéKanggo nyerang wong sing ditindhes lan wong mlarat,Kanggo matèni wong-wong sing tumindaké bener. 15  Ning pedhangé nusuk jantungé wong jahat kuwi dhéwé.+ Busur panahé wong-wong kuwi bakal ditugel. ט [Tet] 16  Luwih apik harta sing sithik duwèké wong benerTimbang harta sing akèh duwèké wong jahat.+ 17  Kekuwatané wong jahat bakal disingkirké,Ning Yéhuwah bakal ndhukung wong sing bener. י [Yod] 18  Yéhuwah ngerti kesusahan sing dialami wong sing ora salah,*Lan Dhèwèké bakal mènèhi wong kuwi warisan sing bakal ana saklawasé.+ 19  Wong kuwi ora bakal digawé isin wektu ana bencana. Wektu ana kelaparan, wong kuwi bakal nduwé akèh panganan. כ [Kaf] 20  Ning, wong jahat mesthi bakal mati.+ Mungsuh-mungsuhé Yéhuwah bakal ora ana manèh kaya padhang rumput sing subur sing suketé gampang layu. Wong-wong kuwi bakal ilang kaya asap. ל [Lamed] 21  Wong sing jahat nyilih tapi ora mbalèkké manèh,Ning wong sing bener murah hati* lan seneng mènèhi.+ 22  Wong sing diberkahi Gusti Allah bakal terus manggon ing bumi,Ning wong sing dikutuk Gusti Allah bakal dipatèni.+ מ [Mem] 23  Yéhuwah bakal nuntun* tumindaké wong+Nèk Dhèwèké seneng karo apa sing ditindakké wong kuwi.+ 24  Senajan kesandhung, wong kuwi ora bakal tiba+Merga Yéhuwah nyekel tangané wong kuwi.*+ נ [Nun] 25  Mbiyèn aku isih enom lan saiki aku wis tuwa,Ning aku ora tau ndelok wong sing bener ditinggalké+Utawa anak-anaké njaluk-njaluk panganan.+ 26  Dhèwèké ikhlas wektu nyilihi sing dibutuhké wong liya,+Lan anak-anaké bakal diberkahi Gusti Allah. ס [Samekh] 27  Kowé kudu nindakké sing apik,+ aja nganti nindakké sing jahat,Bèn kowé urip saklawasé. 28  Yéhuwah seneng karo tumindak sing adil,Lan Dhèwèké ora bakal ninggalké wong sing setya.+ ע [Ayin] Wong kuwi bakal terus dilindhungi.+ Ning, keturunané wong sing jahat bakal dipatèni.+ 29  Wong sing bener bakal manggon ing bumi+Lan bakal manggon ing kono saklawasé.+ פ [Pe] 30  Omongané wong sing bener mbantu wong liya dadi wicaksana,Lan dhèwèké ngomongké apa sing adil.+ 31  Hukumé Gusti Allahé ana ing atiné.+ Dhèwèké bakal terus manut karo hukum kuwi.+ צ [Tsade] 32  Wong jahat ngincer wong sing benerLan nggolèk kesempatan kanggo matèni wong kuwi. 33  Tapi Yéhuwah ora bakal meneng waé nèk wong jahat matèni wong bener+Lan ora bakal nganggep salah wong bener wektu diadili.+ ק [Qof] 34  Kowé kudu terus berharap marang Yéhuwah lan manut karo préntahé,Lan Dhèwèké bakal nggawé kowé unggul lan terus manggon ing bumi. Kowé bakal ndelok+ wektu wong jahat dipatèni.+ ר [Res] 35  Aku wis tau ndelok wong sing kejem lan jahat saya makmur,Kaya wit sing rimbun ing tanah sing subur.+ 36  Ning, wong kuwi ujug-ujug mati lan ora ana manèh.+ Tak golèki, ning aku ora nemokké dhèwèké.+ ש [Syin] 37  Gatèkna wong sing ora salah,*Lan terus deloken wong sing bener,+Merga uripé sukmbèn mesthi bakal ayem.+ 38  Tapi wong sing nglanggar hukumé Gusti Allah bakal disingkirké. Wong sing jahat bakal dipatèni.+ ת [Taw] 39  Mung Yéhuwah sing isa nylametké wong sing bener.+ Dhèwèké dadi bèntèngé wong-wong kuwi pas ana kesusahan.+ 40  Yéhuwah bakal mbantu lan mbébaské wong-wong kuwi.+ Dhèwèké bakal mbébaské lan nylametké wong-wong kuwi saka wong jahat,Merga wong-wong kuwi nggolèk perlindungan marang Dhèwèké.+

Katrangan Tambahan

Utawa ”nesu”.
Utawa ”bahagia banget”.
Lit.: ”Glundhungna dalanmu marang”.
Utawa ”masang tali ing”.
Lit.: ”ngerti dinané wong sing ora salah”.
Utawa ”apikan”.
Utawa ”nguwatké”.
Utawa ”nyekel wong kuwi nganggo tangané”.
Utawa ”wong sing terus setya”.