Langsung mlebu

Apa Bumi Bakal Dihancurké?

Apa Bumi Bakal Dihancurké?

Jawaban ing Alkitab

 Ora. Bumi ora bakal dihancurké, diobong, utawa diganti karo planèt liyané. Ing Alkitab disebutké nèk Gusti Allah nyiptakké bumi bèn isa dienggoni saklawasé.

  •   ”Wong sing bener bakal manggon ing bumi lan bakal manggon ing kono saklawasé.”​—Mazmur 37:29.

  •   ”[Gusti Allah] nggawé bumi tetep ana ing panggonané lan saklawasé ora bakal pindhah saka panggonané.”​—Mazmur 104:5.

  •   ”Bumi tetep ana saklawasé.”​—Pengkhotbah 1:4.

  •   ”Sing Mbentuk bumi, lan sing nggawé bumi bèn ana sakterusé . . . nyiptakké bumi merga ana tujuané, yaiku bèn dienggoni manungsa.”​—Yésaya 45:18.

Apa manungsa bakal ngancurké bumi?

 Yéhuwah ora bakal meneng waé nèk bumi dihancurké merga polusi, perang, utawa liyané. Dhèwèké bakal ”nyingkirké wong-wong sing lagi ngrusak bumi”. (Wahyu 11:18) Piyé carané?

 Gusti Allah bakal ngganti pamréntahané manungsa karo pamréntahané Gusti Allah sing ana ing swarga, merga pamréntahané manungsa malah ngrusak bumi. (Danièl 2:​44; Matius 6:​9, 10) Pamréntahané Gusti Allah bakal dipimpin karo Yésus Kristus. (Yésaya 9:​6, 7) Wektu ing bumi, Yésus nduwé kekuwatan sing luar biasa kanggo ngendhalèni alam. (Markus 4:​35-​41) Sukmbèn, Yésus bakal nggawé bumi iki dadi Firdaus.​—Matius 19:28; Lukas 23:43.

Menurut Alkitab apa bumi bakal dihancurké nganggo geni?

 Ora. Ana wong-wong sing mikir kaya ngono merga maca 2 Pétrus 3:7. Ing ayat kuwi disebutké, ”Langit lan bumi sing saiki ana bakal dihancurké nganggo geni.” Tapi, sakjané sing dimaksud ing ayat kuwi dudu kaya ngono. Alesané ana loro:

  1.   Ing Alkitab kata ”langit”, ”bumi”, lan ”geni” nduwé beberapa arti. Contoné, ing Mazmur 96:13 disebutké, ”Merga dhèwèké teka kanggo ngadili bumi.” Kata ”bumi” ing ayat kuwi maksudé wong-wong sing ana ing bumi.

  2.   Saka 2 Pétrus 3:5,6 awaké dhéwé isa ngerti arti kata langit, bumi, lan geni. Ing ayat-ayat kuwi dicritakké soal Banjir Gedhé pas jamané Nuh. Wektu kuwi sing dihancurké dudu buminé, tapi wong-wong jahat sing ana ing ”bumi”. (Purwaning Dumadi 6:​11) Sing dihancurké ya termasuk ”langit”, yaiku wong-wong sing mréntah pas jaman kuwi. Tapi, Nuh lan keluargané slamet lan tetep manggon ing bumi sakwisé banjir kuwi. Dadi sing dihancurké kuwi dudu buminé, tapi wong-wong sing jahat.​—Purwaning Dumadi 8:​15-​18.

 Berarti sing bakal dihancurké nganggo ”geni”, kaya sing disebutké ing 2 Pétrus 3:7, kuwi dudu buminé tapi wong-wong sing jahat. Bar kuwi bakal ana ”langit anyar lan bumi anyar” kaya janjiné Gusti Allah. Wektu kuwi ”wong-wong bakal terus nindakké apa sing bener”. (2 Pétrus 3:​13) Sing dimaksud ”bumi anyar” yaiku wong-wong sing bakal manggon ing bumi. Terus, sing dimaksud ”langit anyar” yaiku Kerajaané Gusti Allah. Kerajaané Gusti Allah bakal nggawé bumi dadi firdaus.​—Wahyu 21:​1-4.