Roma 13:1-14

  • Manut karo pamréntah (1-7)

    • Mbayar pajeg (6, 7)

  • Wong sing nduwé katresnan kuwi wis nindakké hukum (8-10)

  • Njaga tumindak kaya nèk isih padhang (11-14)

13  Pamréntah éntuk kuwasa saka Gusti Allah,+ mula kabèh wong kudu manut karo pamréntah.+ Pamréntah sing saiki ana diwènèhi kedudukan sing béda-béda karo Gusti Allah.+  Mula, sapa waé sing nglawan pamréntah, kuwi artiné nglawan pengaturané Gusti Allah, lan wong-wong sing nglawan pengaturan kuwi bakal dihukum.  Wong sing tumindaké apik ora perlu wedi karo pamréntah. Sing kuduné wedi yaiku wong sing tumindaké jahat.+ Kowé ora perlu wedi karo pamréntah. Nèk tumindakmu apik,+ kowé bakal dialem pamréntah.  Pamréntah kuwi abdiné Gusti Allah lan diwènèhi kedudukan bèn kowé éntuk manfaat. Ning, kowé kudu wedi nèk kowé nindakké apa sing jahat, merga pamréntah nduwé hak lan wewenang kanggo ngukum wong-wong sing tumindaké jahat. Pamréntah kuwi abdiné Gusti Allah sing diwènèhi kedudukan kanggo ngukum wong-wong sing tumindaké jahat.  Dadi, kowé nduwé alesan sing kuwat kanggo manut, ora mung merga wedi dihukum, ning ya merga hati nuranimu.+  Kuwi sebabé kowé mbayar pajeg, merga pamréntah kuwi abdiné Gusti Allah sing terus nglayani wong akèh.  Mula, wènèhna apa sing dadi haké pamréntah: Bayaren pajeg marang wong sing ngongkon kowé mbayar pajeg.+ Kowé kudu ngajèni wong sing kudu diajèni+ lan menghormati wong sing kudu dihormati.+  Aja utang apa-apa karo sapa waé. Ning, kowé kudu sayang karo wong liya,+ merga wong sing nresnani wong liya wis nindakké hukum.+  Ana hukum sing kandha, ”Aja laku jina,+ aja matèni wong,+ aja nyolong,+ aja péngin ngepèk duwèké wong liya.”+ Préntah kuwi lan préntah liyané disimpulké nganggo kata-kata iki, ”Kowé kudu nresnani wong liya kaya nresnani awakmu dhéwé.”+ 10  Wong sing nduwé katresnan ora tumindak jahat marang wong liya.+ Dadi, wong sing nduwé katresnan kuwi wis nindakké hukum.+ 11  Tindakna kuwi kabèh, merga kowé ngerti ing jaman kaya apa awaké dhéwé urip.+ Saiki wektuné kowé kudu tangi. Pas awaké dhéwé dadi muridé Kristus, wektuné awaké dhéwé dislametké wis cedhak, lan saiki wis saya cedhak. 12  Saiki wis bengi banget, lan sedhéla manèh arep ésuk. Mula, aja nindakké apa waé sing ditindakké pas peteng.+ Ayo nganggo senjata sing digunakké pas isih padhang.+ 13  Ayo njaga tumindaké awaké dhéwé+ kaya nèk isih padhang. Aja pésta bébas, aja mabuk-mabukan, aja nindakké hubungan sèks sing ora pantes, aja tumindak kurang ajar,*+ aja padu, lan aja iri.+ 14  Ning, kowé kudu niru Gusti Yésus Kristus,+ lan aja nggawé rencana kanggo nindakké kepénginan sing salah.+

Katrangan Tambahan

Utawa ”tumindak ora nduwé isin”. Yunani: aselgeia. Deloken Daftar Istilah.