Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Apa Bumi Bakal Hancur Merga Pemanasan Global?

Apa Bumi Bakal Hancur Merga Pemanasan Global?

 ”Bumi saiki wis rusak. Cuacané wis ora jelas.”​—The Guardian.

 Menurut para peneliti, pemanasan global kuwi gara-gara manungsa. Bumi dadi luwih panas. Akibaté:

  •   Cuaca dadi cepet berubah. Misalé ana gelombang panas, kemarau panjang, terus ya ana badai. Kuwi nggawé banjir lan kebakaran hutan.

  •   Ès ing Kutub Utara mencair.

  •   Permukaan air laut dadi naik.

 Bumi iki wis rusak. Ing koran New York Times tau ana berita soal keadaané 193 negara. Ing kono ditulis nèk ”keadaané bumi wis gawat banget”. Terus menurut Badan Kesehatan Dunia, ”Keadaané bumi wis berbahaya kanggo manungsa.”

 Tapi, isih ana harapan. Keadaan saiki wis diramalké ing Alkitab. Ing Alkitab ya ana ramalan nèk Gusti Allah bakal nggawé bumi iki dadi luwih apik manèh.

Apa keadaané bumi saiki wis diramalké ing Alkitab?

 Ya. Ramalané Alkitab kuwi saiki wis kelakon.

 Ramalan: Gusti Allah bakal ”nyingkirké wong-wong sing lagi ngrusak bumi”.​—Wahyu 11:18.

 Menurut Alkitab, ana wong-wong sing bakal ngrusak bumi. Kuwi kelakon tenan. Keadaan bumi saiki parah banget merga pemanasan global.

 Pancèn ana wong-wong sing perduli karo lingkungan. Tapi, mung Gusti Allah sing isa nggawé bumi dadi luwih apik manèh.

 Ramalan: ”Bakal ana . . . perkara-perkara sing nggawé wedi.”​—Lukas 21:11.

 Cuaca sing ora jelas nggawé akèh bencana. Akibaté, ana wong-wong sing wedi nèk bumi ora isa dienggoni manèh.

 Ramalan: ”Ing akhir jaman, keadaané bakal angèl diadhepi lan berbahaya. Wong-wong bakal mung mikirké kepentingané dhéwé, ngutamakké harta, . . . ora setya, . .  ora gelem setuju karo wong liya, . . . seneng ngianati, ngèyèl.”​—2 Timotius 3:1-4.

 Saiki ana wong-wong sing sipaté èlèk. Contoné, ana pamréntah lan wong bisnis sing mung péngin nggolèk untung nganti ora mikirké akibaté kanggo bumi sukmbèn.

 Saka ramalan kuwi, awaké dhéwé ngerti nèk manungsa ora bakal berubah lan ora bakal nggawé bumi dadi luwih apik. Malah, Alkitab nyebutké nèk wong-wong ”bakal dadi saya jahat”.​—2 Timotius 3:13.

Apa Gusti Allah bakal meneng waé nèk bumi dirusak?

 Ora. Yéhuwah a péngin manungsa isa urip bahagia ing bumi. Apa waé buktiné?

  1.  1. Gusti Allah ”nyiptakké bumi merga ana tujuané, yaiku bèn dienggoni manungsa”.​—Yésaya 45:18.

     Kepénginané Gusti Allah mesthi bakal kelakon. (Yésaya 55:11) Bumi ora bakal rusak nganti ora isa dienggoni manèh.

  2.  2. ”Wong sing wataké alus bakal terus manggon ing bumi. Wong-wong kuwi bakal seneng merga ngrasa ayem banget. Wong sing bener bakal manggon ing bumi lan bakal manggon ing kono saklawasé.”​—Mazmur 37:11, 29.

     Gusti Allah janji nèk manungsa bakal urip bahagia saklawasé ing bumi.

  3.  3. ”Wong jahat bakal disingkirké saka bumi.”​—Wulang Bebasan 2:22.

     Gusti Allah janji bakal nyingkirké wong-wong sing jahat lan sing ngrusak bumi.

Piyé Gusti Allah nggawé bumi dadi apik manèh?

 Liwat Kerajaané Gusti Allah. (Matius 6:10) Kerajaané Gusti Allah bakal mréntah saka swarga. Kerajaan iki bakal nyingkirké lan ngancurké kabèh pamréntahané manungsa.​—Danièl 2:44.

 Kerajaané Gusti Allah bakal nggawé manungsa urip bahagia ing bumi sing wis digawé apik. (Mazmur 96:10-13) Apa sing bakal kelakon sukmbèn?

  •   Bumi bakal dadi apik manèh

     Ayat: ”Padhang belantara lan tanah sing gersang bakal ngrasa seneng. Padhang pasir bakal ngrasa seneng lan kebak kembang liar.”​—Yésaya 35:1.

     Artiné: Bumi sing wis dirusak manungsa bakal digawé apik manèh karo Yéhuwah.

  •   Ora ana manèh bencana alam

     Ayat: ”[Yéhuwah] nggawé badai kuwi mandheg. Ombaké laut dadi tenang.”​—Mazmur 107:29.

     Artiné: Merga bumi wis digawé apik manèh, bencana alam wis ora ana.

  •   Manungsa bakal diajari ngrawat bumi

     Ayat: ”Aku bakal mènèhi kowé pemahaman, lan Aku bakal ngajari kowé bèn isa nindakké sing bener.”​—Mazmur 32:8.

     Artiné: Yéhuwah ngongkon manungsa ngopèni bumi. (Purwaning Dumadi 1:28; 2:15) Sukmbèn, Yéhuwah bakal ngajari carané.

a Yéhuwah kuwi jenengé Gusti Allah. (Mazmur 83:18) Deloken artikel ”Yéhuwah Kuwi Sapa?