Wulang Bebasan 21:1-31

  • Yéhuwah ngarahké atiné raja (1)

  • Nindakké sing bener luwih penting timbang persembahan (3)

  • Wong rajin mesthi berhasil (5)

  • Sambaté wong sing ora perduli karo wong liya ora dirungokké (13)

  • Wong sing nglawan Yéhuwah ora nduwé kawicaksanan (30)

21  Atiné raja kuwi kaya banyu ing tangané Yéhuwah.+ Dhèwèké isa nggawé banyu kuwi mili ing endi waé kaya sing dikarepké.+   Wong isa waé mikir nèk kabèh tumindaké wis bener,+Ning Yéhuwah sing isa ngerti atiné.*+   Yéhuwah luwih seneng nèk wong nindakké sing bener lan adilTimbang mènèhi persembahan.+   Sifat sombong lan rumangsa hébat* kuwiKaya lampu sing nuntun wong jahat. Kuwi dosa.+   Rencanané wong rajin mesthi bakal berhasil,*+Ning wong sing kesusu tumindak mesthi bakal mlarat.+   Harta sing dihasilké merga ngapusiKuwi kaya kabut sing akhiré ilang lan kaya jerat sing nggawé cilaka.*+   Wong jahat bakal cilaka merga kejahatané dhéwé,+Merga wong kuwi ora gelem tumindak adil.   Tumindaké wong sing salah kuwi licik,Ning tumindaké wong sing ora salah kuwi bener.+   Mendhing manggon ing pojokan atapTimbang manggon sak omah karo wong wédok* sing seneng padu.+ 10  Wong jahat péngin nindakké sing jahat.+ Dhèwèké ora mesakké karo wong liya.+ 11  Wektu wong sing seneng ngécé dihukum, wong sing ora nduwé pengalaman dadi luwih wicaksana.* Wektu sinau luwih akèh, wong sing wicaksana éntuk pengetahuan.*+ 12  Gusti Allah sing bener ngerti sing ditindakké keluargané wong jahat. Dhèwèké nggawé wong jahat ngalami bencana.+ 13  Wong sing ora perduli karo wong mlarat sing sambatOra bakal dijawab wektu dhèwèké dhéwé sambat.+ 14  Hadiah sing diwènèhké meneng-meneng nggawé wong dadi ora nesu manèh,+Lan suap sing diwènèhké meneng-meneng* nggawé wong dadi ora ngamuk manèh. 15  Wong sing bener seneng merga isa tumindak adil,+Ning wong sing tumindak jahat sengit karo tumindak sing bener. 16  Wong sing ora nggunakké pemahaman manèhAkhiré bakal ana karo wong-wong sing wis mati.+ 17  Wong akhiré bakal mlarat nèk seneng-seneng terus,+Lan wong ora bakal sugih nèk seneng anggur lan minyak. 18  Wong sing jahat dadi tebusané wong sing bener,Lan pengkhianat dadi gantiné wong sing jujur.+ 19  Mendhing manggon ing padhang belantaraTimbang manggon bareng karo wong wédok* sing seneng padu* lan gampang nesu.+ 20  Harta lan minyak sing berharga ana ing omahé wong wicaksana,+Ning wong bodho bakal ngentèk-entèkké* sing diduwèni.+ 21  Wong sing ngupaya nindakké sing bener lan nduduhké katresnan* Bakal dadi wong sing bener, diajèni, lan terus urip.+ 22  Wong sing wicaksana isa ngalahké* kuthané wong sing kuwatLan ngrubuhké bèntèngé sing diendelké.+ 23  Wong sing njaga cangkem lan ilatéOra bakal kena masalah.+ 24  Wong sing tumindaké sembrono lan lancang kuwi disebutWong lancang lan sombong.+ 25  Wong sing kesèd bakal mati merga kepénginané dhéwé,Merga dhèwèké wegah kerja.+ 26  Saben dina, dhèwèké mung mikirké kepénginané dhéwé,Ning wong sing bener seneng mènèhi.+ 27  Gusti Allah sengit karo persembahané wong jahat,+Apa manèh nèk kuwi diwènèhké nganggo niat jahat.* 28  Seksi sing ngapusi bakal disingkirké,+Ning keterangan saka wong sing ngrungokké tenanan bakal berhasil. 29  Wong jahat kuwi ora nduwé isin,+Tapi wong bener kuwi tumindaké mesthi apik.+ 30  Wong sing nglawan Yéhuwah ora bakal nduwé kawicaksanan, pengertian, lan pemahaman.+ 31  Jaran dilatih bèn isa dienggo perang,+Ning Yéhuwah sing nggawé menang.+

Katrangan Tambahan

Utawa ”niaté”.
Lit.: ”Mripat lan ati sing sombong”.
Utawa ”bakal mènèhi keuntungan”.
Utawa mungkin ”kanggoné wong sing golèk mati”.
Utawa ”bojo”.
Utawa ”ngerti kudu tumindak piyé”.
Lit.: ”suap saka dhadha”.
Utawa ”bojo”.
Utawa ”seneng muni-muni”.
Lit.: ”ngeleg”.
Utawa ”katresnan sing langgeng”. Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”mènèk”.
Utawa ”diwènèhké karo tumindak sing ngisin-isini”.