Mazmur 98:1-9

  • Yéhuwah kuwi sing nylametké lan Hakim sing adil

    • Yéhuwah ngumumké keslametan saka Dhèwèké (2, 3)

Lagu. 98  Kowé kudu nyanyi lagu sing anyar kanggo Yéhuwah+Merga tumindaké luar biasa.+ Nganggo tangan tengené, yaiku tangané sing suci, Dhèwèké wis nylametké umaté.*+   Yéhuwah nggawé wong-wong ngerti nèk Dhèwèké kuwi sing nylametké umaté.+ Ing ngarepé bangsa-bangsa, Dhèwèké wis nduduhké nèk Dhèwèké adil.+   Dhèwèké éling karo janjiné kanggo nresnani* lan setya marang keturunané Israèl.+ Kabèh wong ing bumi wis ndelok wektu Gusti Allahé awaké dhéwé nylametké umaté.+   Hé kabèh wong ing bumi, ayo padha sorak-sorak lan muji Yéhuwah. Kowé kudu sorak-sorak lan nyanyi lagu pujian.*+   Ayo nyanyi lagu pujian* kanggo YéhuwahNganggo harpa lan nyanyian.   Kowé kudu sorak-sorak ing ngarepé Raja, yaiku Yéhuwah,Nganggo trompèt sing béda-béda.+   Muga-muga laut sak isiné padha sorak-sorak. Muga-muga bumi lan sing manggon ing kono ya sorak-sorak.   Muga-muga kali padha keplok-keplok. Muga-muga gunung padha sorak-sorak ing ngarepé Yéhuwah,+   Merga Dhèwèké teka* kanggo ngadili bumi. Dhèwèké bakal adil wektu ngadili wong-wong ing bumi.+ Dhèwèké setya wektu ngadili bangsa-bangsa.+

Katrangan Tambahan

Utawa ”Dhèwèké nggawé Dhèwèké menang”.
Utawa ”nduduhké katresnan sing langgeng”. Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”main musik”.
Utawa ”main musik”.
Utawa ”wis teka”.