Langsung mlebu

Apa Yésus Kuwi Mémang Mésias sing Diramalké?

Apa Yésus Kuwi Mémang Mésias sing Diramalké?

Jawaban ing Alkitab

 Ya. Yésus kuwi ”Mésias Sang Pemimpin” sing bakal ”nylametké donya”. (Danièl 9:​25; 1 Yohanes 4:​14) Ana akèh ramalan soal Mésias sing cocog karo sing dialami Yésus pas ing bumi. Malah sakwisé Yésus mati, isih ana ramalan soal Mésias sing cocog karo Yésus.​—Mazmur 110:1; Kisah 2:​34-​36.

 ”Mésias” kuwi artiné apa?

 Kata Ma·shiʹach (Mésias) ing basa Ibrani kuwi artiné padha karo kata Khri·stos (Kristus) ing basa Yunani. Artiné yaiku ”Sing Dilantik”. Dadi, Yésus Kristus kuwi artiné, ”Yésus Sing Dilantik” utawa ”Yésus sang Mésias”.

 Ing jaman Israèl mbiyèn, wong sing arep dilantik biasané sirahé diesoki nganggo minyak. (Kaimaman 8:​12; 1 Samuèl 16:13) Tapi, wektu nglantik Yésus dadi Mésias, Gusti Allah ora nggunakké minyak. (Kisah 2:​36) Gusti Allah nglantik Yésus nganggo roh suci.​—Matius 3:​16.

 Apa Mésias kuwi mung siji thok?

 Ya. Ramalané Alkitab soal Mésias kuwi isa dipadhakké kaya sidik jari. Sidik jari mung isa cocog kanggo wong siji. Dadi, ramalané Alkitab soal Mésias utawa Kristus, ya mung cocog kanggo wong siji. Tapi ing Alkitab mémang wis disebutké nèk ”bakal ana Kristus-Kristus palsu lan nabi-nabi palsu. Wong-wong kuwi bakal nggawé akèh mukjijat sing hébat bèn isa nyesatké wong-wong pilihan”.​—Matius 24:24.

 Apa Mésias kuwi anané isih sukmbèn?

 Ora. Menurut Alkitab, sing dadi Mésias kuwi keturunané raja Daud saka Israèl. (Mazmur 89:​3, 4) Tapi saiki, cathetan silsilahé wong Yahudi saka keluargané Daud wis ora ana manèh. Kayané cathetan kuwi mèlu hancur wektu pasukan Romawi nyerang Yérusalèm taun 70 M. a Dadi saiki ora ana sing isa mbuktèkké nèk dhèwèké keturunané Daud. Tapi pas jamané Yésus, cathetan silsilah kuwi isih ana. Dadi, mungsuh-mungsuhé Yésus ora isa mbantah nèk Yésus kuwi keturunané Daud.​—Matius 22:41-​46.

 Pira jumlahé ramalan soal Mésias sing ana ing Alkitab?

 Awaké dhéwé ora ngerti jumlahé pira. Soalé cara ngétungé isa béda-béda. Misalé, ana beberapa ramalan soal Mésias sing dicathet ing Yésaya 53:​2-7. Ana sing ngétung kuwi siji. Tapi ya ana sing ngétung kuwi dadi beberapa ramalan.

 Ramalan soal Mésias sing cocog karo Yésus

Ramalan

Dicathet ing

Kelakoné

Keturunané Abraham

Purwaning Dumadi 22:17, 18

Matius 1:1

Keturunané Ishak anaké Abraham

Purwaning Dumadi 17:19

Matius 1:2

Asalé saka suku Yéhuda ing Israèl

Purwaning Dumadi 49:10

Matius 1:​1, 3

Keturunané Raja Daud

Yésaya 9:7

Matius 1:1

Lair saka prawan

Yésaya 7:​14

Matius 1:​18, 22, 23

Lair ing Bètlehèm

Mikha 5:2

Matius 2:​1, 5, 6

Dijenengi Imanuèl b

Yésaya 7:​14

Matius 1:​21-​23

Lair ing panggonan sederhana

Yésaya 53:2

Lukas 2:7

Sakwisé dhèwèké lair, anak-anak sing liyané padha dipatèni

Yérémia 31:15

Matius 2:​16-​18

Dikongkon bali saka Mesir

Hoséa 11:1

Matius 2:​13-​15

Disebut wong Nazarèt c

Yésaya 11:1

Matius 2:​23

Ana utusan sing teka sakdurungé dhèwèké

Maléakhi 3:1

Matius 11:​7-​10

Dilantik dadi Mésias taun 29 M d

Danièl 9:​25

Matius 3:​13-​17

Dhèwèké diakoni Gusti Allah dadi anaké

Mazmur 2:7

Kisah 13:33, 34

Semangat ngabdi ing omahé Gusti Allah

Mazmur 69:9

Yohanes 2:​13-​17

Nyritakké kabar apik

Yésaya 61:1

Lukas 4:​16-​21

Nggawé wong-wong Galiléa isa ndelok cahaya sing padhang

Yésaya 9:​1, 2

Matius 4:​13-​16

Nggawé akèh mukjijat kaya Musa

Pangandharing Torèt 18:15

Kisah 2:​22

Dhèwèké nyampèkké omongané Gusti Allah kaya Musa

Pangandharing Torèt 18:18, 19

Yohanes 12:49

Marèkké wong sing lara

Yésaya 53:4

Matius 8:​16, 17

Ora péngin dialem

Yésaya 42:2

Matius 12:17, 19

Apikan karo wong sing sengsara

Yésaya 42:3

Matius 12:​9-​20; Markus 6:​34

Niru Gusti Allah sing adil

Yésaya 42:​1, 4

Matius 12:17-​20

Penaséhat sing hébat

Yésaya 9:​6, 7

Yohanes 6:​68

Nyritakké jenengé Yéhuwah

Mazmur 22:22

Yohanes 17:6

Mulang nganggo perumpamaan

Mazmur 78:2

Matius 13:34, 35

Dadi Pemimpin

Danièl 9:​25

Matius 23:10

Akèh sing ora nduwé iman marang dhèwèké

Yésaya 53:1

Yohanes 12:37, 38

Dadi watu sing nggawé kesandhung

Yésaya 8:​14, 15

Matius 21:42-​44

Ditolak wong-wong

Mazmur 118:22, 23

Kisah 4:​10, 11

Disengiti tanpa sebab

Mazmur 69:4

Yohanes 15:24, 25

Disambut pas mlebu Yérusalèm numpak keledai

Zakharia 9:9

Matius 21:​4-9

Dipuji karo bocah cilik

Mazmur 8:2

Matius 21:15, 16

Teka nganggo jenengé Yéhuwah

Mazmur 118:26

Yohanes 12:12, 13

Dikhianati karo sahabaté

Mazmur 41:9

Yohanes 13:18

Dikhianati nganggo 30 dhuwit pérak e

Zakharia 11:12, 13

Matius 26:14-​16; 27:​3-​10

Kanca-kancané ninggalké dhèwèké

Zakharia 13:7

Matius 26:31, 56

Ditudhuh karo seksi-seksi palsu

Mazmur 35:11

Matius 26:59-​61

Meneng waé pas ditudhuh

Yésaya 53:7

Matius 27:12-​14

Diidoni

Yésaya 50:6

Matius 26:67; 27:27, 30

Sirahé digebugi

Mikha 5:1

Markus 15:19

Dipecuti

Yésaya 50:6

Yohanes 19:1

Ora mbales wektu dianiaya

Yésaya 50:6

Yohanes 18:22, 23

Para pejabat bersatu nglawan dhèwèké

Mazmur 2:2

Lukas 23:10-​12

Tangan karo sikilé dipaku ing cagak

Mazmur 22:16

Matius 27:35; Yohanes 20:25

Klambiné diundhi

Mazmur 22:18

Yohanes 19:23, 24

Dianggep wong dosa

Yésaya 53:12

Matius 27:38

Dirèmèhké, diécé

Mazmur 22:​7, 8

Matius 27:39-​43

Sengsara kanggo wong-wong sing dosa

Yésaya 53:​5, 6

1 Pétrus 2:​23-​25

Gusti Allah kaya-kayané ninggalké dhèwèké

Mazmur 22:1

Markus 15:34

Diwènèhi ombé cukak sing dicampur empedu

Mazmur 69:21

Matius 27:34

Ngrasa ngelak sakdurungé mati

Mazmur 22:15

Yohanes 19:28, 29

Masrahké uripé marang Gusti Allah

Mazmur 31:5

Lukas 23:46

Mènèhké nyawané

Yésaya 53:12

Markus 15:37

Dadi tebusan kanggo nyingkirké dosa

Yésaya 53:12

Matius 20:28

Balungé ora ana sing ditugel

Mazmur 34:20

Yohanes 19:31-​33, 36

Ditusuk

Zakharia 12:10

Yohanes 19:33-​35, 37

Dikubur ing kuburané wong sugih

Yésaya 53:9

Matius 27:57-​60

Diuripké manèh

Mazmur 16:10

Kisah 2:​29-​31

Tugasé wong sing ngianati dhèwèké diwènèhké wong liya

Mazmur 109:8

Kisah 1:​15-​20

Lungguh ing sebelah tengené Gusti Allah

Mazmur 110:1

Kisah 2:​34-​36

a Ing Cyclopedia karya McClintock lan Strong disebutké, ”Akèh sing ngerti nèk cathetan silsilah suku lan keluarga Yahudi hancur wektu Yérusalèm diserang, dudu sakdurungé Yérusalèm diserang.”

b Jeneng Imanuèl kuwi saka basa Ibrani sing artiné ”Gusti Allah ndhukung awaké dhéwé”. Jeneng kuwi cocog kanggo nggambarké tugasé Yésus sing dadi Mésias. Pas dadi manungsa, Yésus nggawé akèh mukjijat. Kuwi mbuktèkké nèk Gusti Allah ndhukung umaté.​—Lukas 2:​27-​32; 7:​12-​16.

c Kata sing diterjemahké dadi ”wong Nazarèt” mungkin asalé saka kata Ibrani neʹtser, sing artiné ”Tunas”.

d Nèk péngin éntuk keterangan luwih akèh soal peristiwa-peristiwa sing nduduhké nèk Mésias teka taun 29 M, deloken artikel ”Nubuat Daniel tentang kedatangan Mesias”.

e Ramalan iki dicathet ing buku Zakharia, tapi matius nyebutké nèk ramalan iki, ”diomongké liwat nabi Yérémia”. (Matius 27:9) Mungkin kuwi merga buku Yérémia dadi buku pertama saka ”tulisané para nabi”. (Lukas 24:44) Dadi wektu nyebut ”Yérémia”, sing dimaksud matius kuwi tulisané para nabi, sing isiné ya termasuk buku Zakharia.