Injil Yohanes 15:1-27

  • Perumpamaan soal wit anggur sing sejati (1-10)

  • Préntah kanggo nresnani kaya Kristus (11-17)

    • ”Ora ana sing isa ngungkuli katresnan sing kaya ngono kuwi” (13)

  • Donya sengit karo murid-muridé Yésus (18-27)

15  ”Aku iki wit anggur sing sejati, lan Bapakku kuwi petaniné.  Cabang-cabangku sing ora ngetokké buah bakal dibuwang karo Bapakku. Ning, saben cabang sing ngasilké buah bakal diresiki bèn isa ngasilké luwih akèh buah.+  Kowé wis resik merga omongan sing wis tak sampèkké marang kowé.+  Tetepa bersatu karo aku, lan aku bakal tetep bersatu karo kowé. Cabang ora isa ngetokké buah nèk ora tetep bersatu karo wité. Padha kaya ngono, kowé ya ora bakal isa ngetokké buah nèk ora tetep bersatu karo aku.+  Aku iki wit anggur, lan kowé kuwi cabang-cabangé. Nèk wong tetep bersatu karo aku lan aku bersatu karo wong kuwi, wong kuwi bakal ngasilké akèh buah.+ Tanpa aku, kowé ora isa apa-apa.  Nèk wong ora tetep bersatu karo aku, wong kuwi kaya cabang sing dibuwang lan dadi garing. Terus, cabang-cabang kuwi bakal diklumpukké lan diobong.  Nèk kowé tetep bersatu karo aku lan omonganku tetep ana ing atimu, njaluka apa waé sing mbok péngini lan kuwi bakal dituruti.+  Bapakku dimulyakké nèk kowé terus ngasilké akèh buah lan mbuktèkké nèk kowé kuwi muridku.+  Kaya Bapak wis nresnani aku,+ aku ya wis nresnani kowé. Mula, tetepa dadi wong sing tak tresnani. 10  Nèk kowé nindakké préntah-préntahku, kowé bakal tetep dadi wong sing tak tresnani, kaya aku wis nindakké préntah-préntahé Bapak lan tetep dadi wong sing ditresnani Bapak. 11  ”Aku ngomong kaya ngono marang kowé supaya kowé ngrasakké kebahagiaan sing tak rasakké lan kowé dadi seneng banget.+ 12  Iki préntahku, yaiku supaya kowé padha-padha nresnani kaya aku wis nresnani kowé.+ 13  Wong sing gelem ngorbanké uripé kanggo sahabat-sahabaté+ kuwi nduwé katresnan sing gedhé banget, lan ora ana sing isa ngungkuli katresnan sing kaya ngono kuwi. 14  Kowé kuwi sahabat-sahabatku nèk kowé nindakké apa sing tak préntahké marang kowé.+ 15  Aku ora nyebut kowé budhak manèh merga budhak ora ngerti apa sing ditindakké majikané. Ning, aku nyebut kowé sahabat merga kowé wis tak kandhani kabèh sing wis tak rungokké saka Bapakku. 16  Kowé ora milih aku, ning aku sing milih kowé bèn kowé terus ngasilké buah, yaiku buah sing bakal ana nganti saklawasé. Nèk kowé terus ngasilké buah, kabèh sing mbok jaluk marang Bapak nganggo jenengku bakal dituruti.+ 17  ”Iki préntahku, yaiku supaya kowé padha-padha nresnani.+ 18  Nèk wong-wong ing donya iki sengit karo kowé, élinga nèk wong-wong kuwi wis sengit karo aku sakdurungé sengit karo kowé.+ 19  Nèk kowé padha kaya wong-wong ing donya iki, wong-wong ing donya iki bakal nresnani kowé merga kowé duwèké. Ning, kowé wis tak pilih saka donya iki lan kowé ya ora padha kaya wong-wong ing donya iki.+ Kuwi sebabé, wong-wong ing donya iki sengit karo kowé.+ 20  Élinga apa sing wis tau tak omongké: Budhak ora ngluwihi majikané. Nèk wong-wong nganiaya aku, wong-wong kuwi ya bakal nganiaya kowé.+ Nèk wong-wong nindakké omonganku, wong-wong kuwi ya bakal nindakké omonganmu. 21  Wong-wong kuwi nentang wong-wong sing dadi muridku,* merga wong-wong kuwi ora kenal karo Dhèwèké sing ngutus aku.+ 22  Nèk aku ora teka lan ngandhani wong-wong kuwi, wong-wong kuwi ora dosa.*+ Ning, merga aku wis teka lan ngandhani wong-wong kuwi, saiki wong-wong kuwi ora isa nggawé alesan manèh.+ 23  Sapa waé sing sengit karo aku, ya sengit karo Bapakku.+ 24  Nèk wong-wong kuwi ora tau ndelok mukjijat-mukjijat sing tak tindakké, padahal ora ana wong liya sing tau nindakké kuwi, ya wong-wong kuwi ora dosa.+ Ning saiki, wong-wong kuwi wis ndelok aku lan tetep sengit karo aku. Wong-wong kuwi ya tetep sengit karo Bapakku. 25  Ning kuwi kelakon supaya apa sing ditulis ing Taurat dadi kenyataan, ’Wong-wong kuwi sengit karo aku tanpa sebab.’+ 26  Aku bakal ngirim penolong* marang kowé saka Bapak ing swarga, yaiku roh suci sing nduduhké apa sing bener,+ lan sing asalé saka Bapak. Wektu penolong kuwi teka, penolong kuwi bakal mènèhi kesaksian soal aku.+ 27  Kowé ya bakal mènèhi kesaksian soal aku+ merga kèt awal kowé wis bareng karo aku.

Katrangan Tambahan

Utawa ”nentang wong-wong merga jenengku”.
Utawa ”ora salah”.
Deloken ctn. Yoh 14:26.