Mazmur 41:1-13

  • Dongané wong sing lagi lara

    • Gusti Allah ora ninggalké wong sing lara (3)

    • Dikhianati kanca akrab (9)

Kanggo pemimpin musik. Lagu sing digawé Daud. 41  Wong sing mbantu wong cilik kuwi bahagia.+ Yéhuwah bakal nylametké dhèwèké pas ana kesusahan.   Yéhuwah bakal njaga dhèwèké bèn dhèwèké tetep urip. Wong liya bakal ngerti nèk dhèwèké bahagia.+ Njenengan ora bakal nyerahké dhèwèké marang mungsuhé.*+   Wektu dhèwèké lara, Yéhuwah ora bakal ninggalké dhèwèké.+ Njenengan bakal ngrawat dhèwèké wektu lara.   Aku ngomong, ”Oh Yéhuwah, tulung mesakké aku.+ Bantu aku bèn ndang mari,+ merga aku wis dosa marang Njenengan.”+   Ning, mungsuh-mungsuhku ngomong sing èlèk soal aku,”Muga-muga dhèwèké ndang mati bèn ora diéling-éling manèh.”   Nèk salah siji mungsuhku kuwi marani aku, sakjané niaté ora tulus. Dhèwèké ngumpulké keterangan sing ora apik soal aku,Terus dhèwèké lunga lan nyritakké kuwi ing endi-endi.   Kabèh sing sengit karo aku padha bisik-bisik. Wong-wong kuwi nggawé rencana jahat kanggo aku lan kandha,   ”Dhèwèké kena penyakit sing parah.* Dhèwèké mung isa turonan lan ora bakal isa mari.”+   Malah, kanca akrabku sing tak percaya,+Sing mangan bareng karo aku, saiki mungsuhi aku.*+ 10  Oh Yéhuwah, tulung mesakké aku lan bantu aku bèn ndang mari,Bèn aku isa mbales wong-wong kuwi. 11  Aku bakal ngerti nèk Njenengan seneng karo akuNèk mungsuh-mungsuhku ora isa menang nglawan aku.+ 12  Njenengan ndhukung aku merga aku setya karo Njenengan.+ Njenengan bakal seneng karo aku nganti saklawasé.+ 13  Muga-muga Yéhuwah Gusti Allahé IsraèlDipuji nganti saklawasé.*+ Amin lan Amin.

Katrangan Tambahan

Utawa ”kepénginané mungsuhé”.
Utawa ”kena bencana; kena apa sing èlèk”.
Lit.: ”ngangkat tumité marang aku”.
Utawa ”saka saklawasé nganti saklawasé”.