Mazmur 31:1-24

  • Nggolèk perlindungan marang Yéhuwah

    • ”Uripku tak pasrahké marang Njenengan” (5)

    • ’Yéhuwah kuwi Gusti Allah sing setya’ (5)

    • Gusti Allah kuwi apikan banget (19)

Kanggo pemimpin musik. Lagu sing digawé Daud. 31  Oh Yéhuwah, aku nggolèk perlindungan marang Njenengan.+ Aja nganti aku digawé isin.+ Slametna aku merga Njenengan kuwi bener.+   Rungokna* aku. Cepet slametna aku.+ Dadia kaya perlindungan sing ana ing gunung,Lan kaya bèntèng sing nglindhungi aku.+   Njenengan kuwi tebing watu lan bèntèngku.+ Njenengan bakal nuntun lan ngarahké+ aku demi jeneng-Mu.+   Njenengan bakal mbébaské aku saka jebakan sing didhelikké wong-wong kuwi,+Merga Njenengan bèntèngku.+   Uripku tak pasrahké marang Njenengan.+ Oh Yéhuwah, Njenengan Gusti Allah sing setya,+ sing wis nebus aku.   Aku sengit banget karo wong sing nyembah brahala sing ora ana gunané. Tapi aku, aku percaya marang Yéhuwah.   Aku bakal ngrasa seneng banget merga Njenengan sayang* karo aku,Njenengan ndelok nèk aku sengsara,+Lan Njenengan ngerti nèk aku susah banget.   Njenengan ora nggawé aku dikalahké mungsuh-mungsuhku,Ning Njenengan malah nggawé aku ana ing panggonan sing aman.*   Oh Yéhuwah, tulung mesakké aku merga aku susah. Merga susah banget, awakku kesel+ lan mripatku ora isa ndelok jelas manèh.+ 10  Uripku susah terus.+ Sakjegé urip, aku mung sambat.+ Kekuwatanku saya suda merga kesalahanku. Balungku ora kuwat manèh.+ 11  Aku diécé mungsuh-mungsuhku+Lan tangga-tanggaku. Kenalanku wedi karo aku. Wektu ndelok aku ing dalan, wong-wong kuwi mlayu.+ 12  Aku ora diéling-éling manèh,* aku dianggep wis mati. Aku kaya wadhah sing rusak. 13  Aku wis krungu wong-wong ngomongké sing ora bener. Aku wedi merga aku éntuk ancaman saka endi-endi.+ Wong-wong kuwi ngumpul bareng bèn isa nglawan akuLan nduwé rencana matèni aku.+ 14  Tapi aku percaya marang Njenengan, oh Yéhuwah.+ Aku kandha, ”Njenengan kuwi Gusti Allahku.”+ 15  Uripku ana ing tangan-Mu. Tulung slametna aku saka mungsuh-mungsuhku lan wong-wong sing nganiaya aku.+ 16  Muga-muga Njenengan seneng karo aku.+ Slametna aku merga Njenengan sayang* karo aku. 17  Oh Yéhuwah, aja nganti aku digawé isin wektu aku njaluk tulung marang Njenengan.+ Muga-muga wong jahat digawé isin.+ Muga-muga wong kuwi meneng waé ing Kuburan.*+ 18  Muga-muga wong sing seneng ngapusi ora isa ngomong apa-apa manèh,+Yaiku wong sing omongané sombong lan ngrèmèhké wong sing bener. 19  Njenengan kuwi apikan banget.+ Njenengan nyiapké akèh berkah kanggo wong sing wedi marang* Njenengan,+Lan kuwi mbok duduhké ing ngarepé wong akèh marang wong sing nggolèk perlindungan marang Njenengan.+ 20  Ing panggonan rahasia-Mu, Njenengan nglindhungi wong-wong kuwi+Saka rencanané wong jahat. Ing kémah-Mu, Njenengan ndhelikké wong-wong kuwiSaka serangané wong jahat.*+ 21  Muga-muga Yéhuwah dipuji,Merga katresnané* marang aku luar biasa+ wektu aku ana ing kutha sing dikepung.+ 22  Ning, aku kuwatir banget lan ngomong,”Aku bakal mati ing ngarepmu.”+ Tapi Njenengan ngrungokké wektu aku njaluk tulung marang Njenengan.+ 23  Hé kowé wong sing setya marang Dhèwèké, kowé kudu sayang Yéhuwah.+ Yéhuwah nglindhungi wong sing setya,+Ning Dhèwèké mènèhi hukuman sing abot kanggo wong sing sombong.+ 24  Hé kowé wong sing percaya marang Yéhuwah,+Kowé kudu kendel lan kuwat.*+

Katrangan Tambahan

Utawa ”Mbungkuk lan rungokna”.
Utawa ”nduduhké katresnan sing langgeng”. Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”sing jembar”.
Lit.: ”ora ana ing atiné wong-wong kuwi”.
Utawa ”nduduhké katresnan sing langgeng”. Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”Syéol”. Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”Saka ilat sing padu”.
Utawa ”katresnané sing langgeng”. Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”kuwat atimu”.