Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAGÉAN 8

Nèk Keluarga Ngadhepi Musibah

Nèk Keluarga Ngadhepi Musibah

”Padha bungah-bungaha, sanadyan ing wektu iki padha nandhang prihatin sawatara mangsa marga saka anané godha-rencana warna-warna.”​—1 Pétrus 1:6

Wong bebojoan mesthi wis ngupaya tenanan bèn keluarga isa ayem tentrem. Ning, kadhangkala ana kedadéan sing ora dinyana-nyana sing marakké uripé susah. (Kohèlèt 9:11) Gusti Allah bakal mbantu panjenengan ngadhepi masalah kuwi. Nèk panjenengan ngetrapké pathokané Alkitab sing arep dirembug iki, panjenengan lan keluarga isa ngadhepi musibah, senajan masalah kuwi abot banget.

1 PERCAYAA KARO YÉHUWAH

ALKITAB KANDHA: ”Sakabèhing sumelangmu pasrahna marang Panjenengané, sabab Panjenengané kang ngopèni kowé kabèh.” (1 Pétrus 5:7) Pacoban kuwi asalé dudu saka Yéhuwah. (Yakobus 1:13) Nèk panjenengan ngupaya cedhak karo Yéhuwah, Yéhuwah iya bakal mbantu panjenengan. (Yésaya 41:10) ”Sarasaning atimu sokna ana ing ngarsané.”​—Jabur 62:8.

Nèk maca lan sinau Alkitab saben dina, uripé isa luwih ayem. Panjenengan bakal ngrasakké nèk Yéhuwah maringi panglipuran, senajan saiki kahanané marakké nelangsa. (2 Korinta 1:3, 4; Rum 15:4) Yéhuwah janji bakal maringi ”tentrem-rahayu kang saka ing Gusti Allah, kang ngungkuli saliring budi”.​—Filipi 4:6, 7, 13.

SING ISA DITINDAKKÉ:

  • Dongaa nyuwun tulung karo Yéhuwah bèn isa nduwé ati sing ayem lan pikiran sing padhang

  • Coba pikirna cara-cara ngrampungi masalah, lan pilihen salah siji sing paling apik kanggo panjenengan

2 GATÈKNA KEBUTUHANÉ PANJENENGAN LAN KELUARGA

ALKITAB KANDHA: ”Atiné wong pinter ngolèhaké kawasisan, lan kupingé wong wicaksana ngupaya kapinteran.” (Wulang Bebasan 18:15) Coba takonana keluargamu siji-siji apa sing dibutuhké. Kudu omong-omongan karo keluarga lan rungokna tenanan omongané.​—Wulang Bebasan 20:5.

Apa sing kudu ditindakké nèk ana salah sijiné wong ing keluarga sing mati? Aja pekéwuh nèk arep nangis utawa nyritakké perasaané. Yésus iya tau nangis. (Yokanan 11:35; Kohèlèt 3:4) Aja kurang turu lan ngaso bèn awaké tetep séhat. (Kohèlèt 4:6) Nèk kuwi kabèh ditindakké, panjenengan isa luwih gampang ngadhepi masalah.

SING ISA DITINDAKKÉ:

  • Kudu kerep ngomong karo keluarga apa sing dirasakké. Dadi, nèk pas ana musibah, keluarga iya gelem crita karo panjenengan apa sing dirasakké

  • Coba critakna apa sing kokrasakké karo wong sing wis tau ngadhepi masalah sing padha

3 GOLÈKA BANTUAN SING DIBUTUHKÉ

ALKITAB KANDHA: ”Mitra iku ing samangsa-mangsa ajeg baé katresnané lan dadi sadulur ing sajroning kasusahan.” (Wulang Bebasan 17:17) Kanca-kanca panjenengan isa waé péngin mbantu, ning mbokmenawa ora ngerti apa sing kudu ditindakké. Aja pekéwuh nèk arep ngomong apa sing dibutuhké. (Wulang Bebasan 12:25) Coba nyuwun tulung karo Gusti Allah, carané, njaluk naséhat saka wong-wong sing ngerti isiné Alkitab. Wong kuwi isa ngandhani piyé carané ngrampungké masalah miturut naséhaté Alkitab.​—Yakobus 5:14.

Panjenengan isa dadi kuwat nèk ajeg srawung karo wong-wong sing nduwé iman sing kuwat lan percaya janji-janjiné Gusti Allah. Panjenengan isa kelipur nèk nggedhèkké ati wong sing lagi susah. Critakna apa sing koksinau saka Alkitab lan janjiné Yéhuwah karo wong-wong kuwi. Saben dina, tulungana wong-wong sing lagi susah, lan aja ngedohi wong-wong sing tresna lan perduli karo panjenengan.​—Wulang Bebasan 18:1; 1 Korinta 15:58.

SING ISA DITINDAKKÉ:

  • Coba critakna apa sing kok alami karo kancamu, lan aja pekéwuh nèk arep diwènèhi bantuan

  • Critakna apa sing saktenané panjenengan butuhké