Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAGÉAN 4

Carané Nggunakké lan Ngatur Dhuwit

Carané Nggunakké lan Ngatur Dhuwit

”Rancangan bisané kelakon marga saka panglimbang.”​—Wulang Bebasan 20:18

Kabèh wong butuh dhuwit kanggo nyukupi kebutuhan keluarga. (Wulang Bebasan 30:8) Sakjané, dhuwit kuwi kanggo pangayoman. (Kohèlèt 7:12) Wong bebojoan kadhangkala angèl nèk arep ngrembug bab dhuwit, ning aja nganti dhuwit dadi masalah ing keluarga. (Éfesus 4:32) Wong bebojoan kudu percaya karo siji lan sijiné, lan isa ngrembug bareng carané nggunakké lan ngatur dhuwit.

1 BLANJAKNA KANTHI SETITI

ALKITAB KANDHA: ”Sabab sapa ta panunggalanmu kang arep ngadegaké manara, ora linggih dhisik ngétung-étung, apa dhuwité cukup kanggo ngragadi nganti sarampungé.” (Lukas 14:28) Dhuwité arep dinggo apa kudu dipikirké tenanan. (Amos 3:3) Nèk péngin tuku-tuku ya kudu dirembug bareng, sepira dhuwit sing isa diblanjakké. (Wulang Bebasan 31:16) Senajan nduwé dhuwit, aja kabèh sing dipéngini dituku. Nèk isa, aja nganti utang. Aja blanja luwih saka dhuwit sing ana.​—Wulang Bebasan 21:5; 22:7.

SING ISA DITINDAKKÉ:

  • Nèk sasi iki isih ana dhuwit turah, wong loro isa mutuské dhuwité arep dinggo apa

  • Nèk sasi iki ora ana dhuwit turah, sasi ngarep wong loro isa nggawé itung-itungan manèh pira dhuwit sing diduwèni lan sing dinggo blanja, terus nyuda dhuwit sing metu. Contoné, panjenengan isa masak dhéwé timbang jajan

2 KUDU JUJUR LAN AJA MENTINGKÉ AWAKÉ DHÉWÉ

ALKITAB KANDHA: Penting banget ”tumindak jujur, ora mung ana ing ngarsané Gusti, nanging uga ana ing ngarepé manungsa”. (2 Korinta 8:21, Basa Jawi Padintenan) Kandhanana bojomu sepira dhuwit sing ditampa karo sing diwetokké.

Kudu kerep rembugan bareng bab keputusan-keputusan sing ana gandhèngané karo dhuwit. (Wulang Bebasan 13:10) Merga iki isa njaga urip bebojan panjenengan tetep rukun. Dhuwit kuwi ora mung duwèké panjenengan, ning duwèké keluarga.​—1 Timotéus 5:8.

SING ISA DITINDAKKÉ:

  • Rembugen karo bojomu, pira dhuwit sing éntuk langsung diblanjakké tanpa tarèn dhisik

  • Ndang rembugen carané ngatur lan nggunakké dhuwit, aja ngentèni ana masalah, lagi dirembug