Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAGÉAN 7

Carané Ndhidhik Anak

Carané Ndhidhik Anak

”Tembung-tembung kang dipréntahaké marang kowé ing dina iki, iku padha gatèkna, lan padha wulangna bola-bali marang anak-anakmu.”​—Pangandharing Torèt 6:6, 7

Yéhuwah sing ndadèkké keluarga sing kapisan, maringi tugas karo wong tuwa kanggo nggedhèkké anak-anaké. (Kolosé 3:20) Wong tuwa kudu mulang anak-anaké bèn tresna karo Yéhuwah lan dadi wong sing tanggung jawab. (2 Timotéus 1:5; 3:15) Wong tuwa kuduné ngerti apa sing dikarepké anak-anaké. Wong tuwa kudu dadi conto sing apik kanggo anak-anaké. Anak-anak kudu kerep diwulang bab Alkitab, merga kuwi penting banget. Wong tuwa iya kudu wis ngerti lan nindakké kersané Gusti Allah.​—Jabur 40:9.

1 AJA NGANTI ANAK ORA JUJUR KARO WONG TUWA

ALKITAB KANDHA: ”Saben wong diénggal manawa ngrungokaké, nanging disarèh manawa calathu”, utawa cepet ngrungokké, ning ora cepet mangsuli. (Yakobus 1:19) Panjenengan mesthi péngin nèk anak-anak kerep omong-omongan lan jujur karo wong tuwa. Mula, anak-anak kuduné iya ngerti nèk wong tuwané gelem ngrungokké nèk anaké arep crita. Gawénen kahanan ing omah rukun lan ayem tentrem bèn anak-anak gelem ngomong jujur. (Yakobus 3:18) Nèk anak rumangsa wong tuwané bakal nesu lan nuduh sing ora-ora, anak-anak isa waé dadi ora gelem crita jujur karo wong tuwa. Mula wektu anak-anak crita, wong tuwa kudu sabar ngrungokké. Panjenengan kudu kerep nduduhké nèk sayang banget karo anak-anak.​—Matéus 3:17; 1 Korinta 8:1.

SING ISA DITINDAKKÉ:

  • Kudu sabar lan gelem ngrungokké nèk anaké crita

  • Kerep omong-omongan karo anak-anak saben dina, ora mung nèk pas anak-anak nduwé masalah

2 KUDU NGERTI APA SING DIOMONGKÉ ANAK

ALKITAB KANDHA: ”Sapa sing nggatèkké pangandika bakal nemu becik.” (Wulang Bebasan 16:20) Kadhangkala, wong tuwa aja mung ngrungokké thok omongané anaké, ning kudu ngerti tenan sing dirasakké anaké. Nèk crita, anak-anak biyasané ngluwihi sing sak tenané utawa omongané béda karo sing dikarepké. ”Manawa wong mangsuli sadurungé ngrungokaké, iku bodho.” (Wulang Bebasan 18:13) Aja kesusu nesu.​—Wulang Bebasan 19:11.

SING ISA DITINDAKKÉ:

  • Nèk anak-anak lagi crita, aja terus diselani utawa langsung nesu-nesu

  • Panjenengan uga kudu ngélingi pas isih enom mbiyèn lan apa sing kerep dirasakké utawa perkara apa sing penting wektu kuwi

3 DUDUHNA NÈK PIKIRANMU COCOG KARO PIKIRANÉ BOJOMU

ALKITAB KANDHA: ”Hé anakku, ngrungokna marang pamerdiné bapakmu, lan aja ninggal piwulangé ibumu.” (Wulang Bebasan 1:8) Yéhuwah maringi wong tuwa hak kanggo ndhidhik anak-anaké. Wong tuwa ngajari anak-anaké bèn ngajèni lan manut karo wong tuwané. (Éfesus 6:1-3) Anak-anak isa ngrasakké nèk wong tuwa lagi ora sakpikiran. (1 Korinta 1:10) Nèk panjenengan pas lagi ora cocog, aja padu ing ngarepé anak-anak, merga anak dadi ora ngajèni wong tuwané.

SING ISA DITINDAKKÉ:

  • Wong tuwa isa rembugan dhisik arep tumindak apa nèk anak-anaké salah

  • Nèk wong tuwa pas lagi ora cocog ndhidhik anaké, loro-loroné kudu ngerti apa sing dipikirké bojoné

4 MIKIRKÉ DHISIK CARANÉ NDHIDHIK ANAK

ALKITAB KANDHA: ”Bocah wiwit cilik ajarana bab dalan sing prelu diambah.” (Wulang Bebasan 22:6) Wong tuwa kudu ndhidhik anak-anaké nganti anak-anaké dadi wong apik, ning aja mung asal ndhidhik. Pikirna dhisik carané ndhidhik anak-anak, klebu arep tumindak apa nèk anaké salah. (Jabur 127:4; Wulang Bebasan 29:17) Kuwi tegesé ora mung ngukum, ning uga mbantu anak-anak bèn ngerti apa alesané aturan kuwi digawé. (Wulang Bebasan 28:7) Wong tuwa isa mulang anak-anaké bèn seneng maca lan ngerti pathokané Alkitab. (Jabur 1:2) Nèk ngono, anak-anak isa nindakké apa sing bener lan ngedohi apa sing salah miturut pathokané Alkitab.​—Ibrani 5:14.

SING ISA DITINDAKKÉ:

  • Kudu masthèkké nèk anak-anakmu nduwé hubungan sing akrab karo Yéhuwah

  • Anak-anak uga dibantu ngerti bab-bab sing marakké tumindak dosa, contoné sing ana ing internèt lan jejaring sosial, uga carané ngedohi kuwi. Kandhanana anakmu bèn isa ngedohi wong-wong sing meksa tumindak sing saru-saru

”Bocah wiwit cilik ajarana bab dalan sing prelu diambah”