Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAGÉAN 2

Kudu Setya karo Bojoné

Kudu Setya karo Bojoné

”Apa kang wis didadèkaké siji déning Allah iku, ora kena dipisah déning manungsa.”​—Markus 10:9

Yéhuwah péngin kabèh wong setya karo bojoné. (Jabur 18:26) Kuwi penting banget merga nèk setya karo siji lan sijiné kuwi isa marakké percaya. Nèk wong bebojoan nduwèni rasa percaya, kuwi isa gawé tambah tresna.

Saiki akèh banget perkara sing marahi urip bebojoan bubrah. Mulané, wong bebojoan kudu nindakké rong bab sing arep dirembug iki, merga isa ndadèkké urip bebojoan panjenengan langgeng.

1 KUDU MENTINGKÉ URIP BEBOJOAN PANJENENGAN

ALKITAB KANDHA: ’Miliha apa kang becik’, utawa sing penting. (Filipi 1:10) Urip bebojoan panjenengan kuwi penting banget, dadi kudu didhisikké.

Yéhuwah péngin wong sing wis nduwé bojo padha nggatèkké bojoné lan isa ’ngrasakké nikmating urip’ bareng-bareng. (Kohèlèt 9:9) Yéhuwah ora ngéntukké wong bebojoan ora mikirké bojoné, ning kudu ngupaya nyenengké bojoné. (1 Korinta 10:24) Panjenengan kudu ngupaya bèn bojo panjenengan krasa dibutuhké lan diajèni.

SING ISA DITINDAKKÉ:

  • Kudu nduwé wektu kanggo omong-omongan karo bojomu, tanpa ana sing ngganggu

  • Aja mikir awaké dhéwé, ning kudu mikir kanggo butuhé wong loro

2 KUDU NJAGA ATI PANJENENGAN SAKA SING SALAH

ALKITAB KANDHA: ”Nanging Aku pitutur marang kowé: Sing sapa mandeng wong wadon kalawan nduwèni krenteg marang dhèwèké, iku wus laku jina sajroning atiné.” (Matéus 5:28) Nèk wong terus mikirké sing saru-saru, wong kuwi ora setya karo bojoné.

Yéhuwah ngendika nèk panjenengan kudu ’ngreksa ati’, utawa njaga ati panjenengan. (Wulang Bebasan 4:23; Yérémia 17:9) Bèn isa njaga ati, panjenengan kudu milih apa sing arep didelok. (Matéus 5:29, 30) Panjenengan kudu niru Ayub sing nduwèni tékad ora bakal ndelok wong wédok kanthi nepsu. (Ayub 31:1) Panjenengan kudu nduwé tékad ora nonton film lan gambar sing saru. Panjenengan uga ora olèh ngesir utawa yang-yangan karo wong liya.

SING ISA DITINDAKKÉ:

  • Panjenengan kudu nduduhké ing ngarepé wong liya, nèk panjenengan kuwi setya banget karo bojo panjenengan

  • Kudu mikirké prasaané bojo panjenengan, lan kudu medhot katresnan karo wong liya merga kuwi nglarani atiné