Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAGÉAN 5

Carané Tetep Rukun karo Maratuwa

Carané Tetep Rukun karo Maratuwa

”Padha nyandhanga asih welas, kaloman, andhap-asor, alusing bebudèn lan sabar.”​—Kolosé 3:12

Wektu nduwé bojo, panjenengan nduwé keluarga anyar. Panjenengan mesthi tetep nresnani lan ngajèni wong tuwa, ning saiki bojo dadi sing paling penting. Wong tuwa isa waé ora trima nèk anaké saiki luwih mentingké bojoné. Pathokané Alkitab isa mbantu bèn nduwé keluarga anyar sing apik, rukun karo maratuwa, ipé, lan kabèh sedulur liyané.

1 AJÈNANA MARATUWAMU

ALKITAB KANDHA: ”Sira ngajènana bapa-biyungira.” (Éfesus 6:2) Senajan wis urip bebojoan, kudu tetep ngajèni wong tuwa. Bojomu iya nduwé wong tuwa sing kudu digatèkké. Nèk nduwé katresnan, kuduné ora éntuk mèri, nèk bojomu nggatèkké wong tuwané.​—1 Korinta 13:4; Galati 5:26.

SING ISA DITINDAKKÉ:

  • Aja nganti ngomong, ”Keluargamu mesthi ora ngajèni aku” utawa ”Mbokmu ora tau seneng karo aku”

  • Pikiren piyé perasaané bojomu marang wong tuwané

2 KUDU BLAKA KARO MARATUWA

ALKITAB KANDHA: ”Mulané wong lanang bakal ninggal bapa-biyungé lan rumaket marang bojoné sarta sakaroné iku bakal dadi daging siji.” (Purwaning Dumadi 2:24) Wong tuwa mbokmenawa isih péngin ngopèni anaké senajan anaké wis nduwé bojo. Wong tuwa isa waé péngin mèlu-mèlu urusan keluargané anaké.

Panjenengan kudu nemtokké batesané sepira wong tuwa isa mèlu-mèlu urusan keluarga. Gunakna cara sing apik pas ngandhani wong tuwa lan ora éntuk kasar. (Wulang Bebasan 15:1) Kudu sing sabar, andhap asor, lan alus bèn isa akrab karo maratuwa. Panjenengan iya kudu ’ngétokké katresnan’.—Éfesus 4:2.

SING ISA DITINDAKKÉ:

  • Nèk wong tuwa wis kakèhan mèlu-mèlu urusan keluarga, coba dirembug bareng karo bojomu pas kahanané cocog

  • Kudu nggawé keputusan piyé carané ngadhepi masalah kuwi