Mazmur 23:1-6

  • ”Yéhuwah kuwi Gembalaku”

    • ”Aku ora bakal kekurangan apa-apa” (1)

    • ”Dhèwèké nggawé aku kuwat manèh” (3)

    • ”Njenengan ngebaki gelasku” (5)

Lagu sing digawé Daud. 23  Yéhuwah kuwi Gembalaku.+ Aku ora bakal kekurangan apa-apa.+   Dhèwèké nggawa aku menyang padhang rumput bèn aku isa turonan. Dhèwèké nuntun aku menyang panggonan sing akèh banyuné* bèn aku isa lèrèn.+   Dhèwèké nggawé aku kuwat manèh.+ Dhèwèké nuntun aku ing dalan sing bener bèn jenengé diluhurké.+   Senajan mlaku ing lembah sing peteng banget,+Aku ora wedi,+Merga Njenengan nuntun aku+Lan tongkat-Mu nggawé aku ngrasa aman.   Njenengan nyepakké panganan kanggo aku ing ngarepé mungsuh-mungsuhku.+ Njenengan ngolèsi sirahku* nganggo minyak.+ Njenengan ngebaki gelasku.+   Sifat apikan lan katresnan-Mu* bakal tak rasakké sakjegé uripku.+ Aku bakal manggon ing omahé Yéhuwah sakjegé uripku.+

Katrangan Tambahan

Utawa mungkin ”banyu sing tenang”.
Lit.: ”nggawé sirahku seger”.
Utawa ”katresnan-Mu sing langgeng”. Deloken Daftar Istilah.