Mazmur 86:1-17

  • Ora ana allah sing kaya Yéhuwah

    • Yéhuwah gelem ngapura (5)

    • Kabèh bangsa nyembah Yéhuwah (9)

    • ”Tulung ajari aku préntah-Mu” (11)

    • ”Saktulusé atiku” (11)

Dongané Daud. 86  Oh Yéhuwah, tulung rungokna* lan jawaben aku,Merga aku susah lan mlarat.+   Tulung lindhungi aku merga aku setya.+ Njenengan kuwi Gusti Allahku.+ Tulung slametna abdi-Mu iki sing percaya marang Njenengan.   Oh Yéhuwah, tulung mesakké aku,+Merga saben dina aku njaluk tulung marang Njenengan.+   Oh Yéhuwah, tulung Njenengan nggawé aku seneng,Merga Njenengan sing tak endelké.   Oh Yéhuwah, Njenengan kuwi apikan+ lan gelem ngapura.+ Njenengan sayang banget karo* wong sing njaluk tulung marang Njenengan.+   Oh Yéhuwah, tulung rungokna dongaku. Tulung gatèkna aku wektu aku njaluk tulung.+   Aku njaluk tulung marang Njenengan pas aku susah,+Merga Njenengan bakal mbantu aku.+   Oh Yéhuwah, ora ana allah liya sing kaya Njenengan.+ Ora ana sing isa nandhingi tumindak-Mu.+   Oh Yéhuwah, kabèh bangsa sing wis mbok gawéBakal sujud ing ngarep-Mu+Lan ngluhurké jeneng-Mu.+ 10  Njenengan kuwi kuwat, lan tumindak-Mu luar biasa.+ Ora ana Gusti Allah sakliyané Njenengan.+ 11  Oh Yéhuwah, tulung ajari aku préntah-Mu.+ Aku bakal manut karo tuntunan-Mu sing bener.+ Bantu aku bèn wedi marang* Njenengan*+ saktulusé atiku. 12  Oh Yéhuwah Gusti Allahku, aku bakal muji Njenengan saktulusé atiku,+Lan aku bakal ngluhurké jeneng-Mu saklawasé, 13  Merga katresnan-Mu sing langgeng* marang aku gedhé bangetLan Njenengan wis nylametké aku bèn aku ora mati.*+ 14  Oh Gusti Allah, wong-wong sing lancang padha nglawan aku.+ Grombolan wong sing kejem péngin matèni aku,Lan wong-wong kuwi ora ngajèni Njenengan.+ 15  Oh Yéhuwah, Njenengan kuwi Gusti Allah sing apikan,Gampang mesakké, ora gampang nesu, nduwé katresnan* sing gedhé banget, lan setya.*+ 16  Tulung gatèkna aku lan mesakké aku.+ Wènèhana aku kekuwatan-Mu,+Lan slametna aku merga aku ngabdi marang Njenengan, kaya ibuku sing ngabdi marang Njenengan. 17  Oh Yéhuwah, Njenengan sing wis nulungi lan menghibur aku. Tulung buktèkna nèk Njenengan kuwi apikan marang aku,Bèn wong-wong sing sengit karo aku isa ndelok lan ngrasa isin.

Katrangan Tambahan

Utawa ”mbungkuk lan rungokna”.
Utawa ”nduduhké katresnan sing langgeng sing gedhé banget marang”. Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”jeneng-Mu”.
Utawa ”nylametké nyawaku saka Kuburan sing jero”, utawa ”Syéol”. Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”katresnan sing langgeng”. Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”mesthi nepati janjiné”.