Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB WOLULAS

Dhèwèké ’Nyathet Ing Sajroning Atiné’

Dhèwèké ’Nyathet Ing Sajroning Atiné’

1, 2. Critakna perjalanané Maryam, lan terangna apa sebabé kuwi ora gampang.

MARYAM ngupaya bèn kepénak lungguhé ing ndhuwur kuldi cilik kuwi. Wis pirang-pirang jam dhèwèké lungguh ing kono. Ing ngarepé, Yusuf terus mlaku menyang Bètléhèm sing adoh. Maryam krasa manèh bayi ing njero wetengé obah-obah.

2 Alkitab kandha nèk sedhéla manèh Maryam arep nglairké. (Lk. 2:5, 6) Pas ngliwati pategalan-pategalan, isa waé para petani sing lagi ngolah tanah utawa nyebar winih, padha gèdhèg-gèdhèg lan nggumun kok ana wong wadon sing gelem lunga adoh padhahal lagi meteng tuwa. Apa sebabé Maryam kudu lunga adoh banget saka omahé ing Nasarèt?

3. Tugas apa sing ditampa Maryam, lan apa sing bakal disinaoni saka Maryam?

3 Iki diwiwiti pirang-pirang sasi sakdurungé, pas wong wadon kuwi nampa tugas istiméwa. Yaiku kudu nglairké bocah sing bakal dadi Sang Mèsih, Putrané Allah. (Lk. 1:35) Pas arep nglairké, Maryam malah kudu lunga adoh. Ing perjalanan, Maryam ngadhepi akèh kahanan sing nguji imané. Ayo dirembug apa sing mbantu Maryam isa tetep nduwé iman sing kuwat.

Perjalanan menyang Bètléhèm

4, 5. (a) Apa sebabé Maryam lan Yusuf lunga menyang Bètléhèm? (b) Préntahé kaisar sakjané nggenepi ramalan apa?

4 Ora mung Yusuf lan Maryam sing kudu lunga adoh kaya ngono. Kaisar Agustus lagi waé mréntahké wong-wong bèn padha bali ing dhaérah asalé kanggo mèlu sènsus pendhudhuk. Piyé tanggepané Yusuf? Alkitab kandha, ”Mangkono uga Yusuf iya mangkat saka ing kutha Nasarèt tanah Galiléa menyang ing tanah Yudéa, menyang ing kuthané Sang Prabu Dawud, kang aran Bètléhèm—amarga asalé saka ing brayat [utawa, keluarga] lan tedhaké [utawa, keturunané] Sang Prabu Dawud.”​—Lk. 2:1-4.

5 Préntah kuwi sakjané nggenepi ramalan sing ditulis kira-kira 700 taun kepungkur. Ramalan kuwi kandha nèk Sang Mèsih bakal lair ing Bètléhèm. Ana kutha jenengé Bètléhèm sing adohé mung 11 kilomèter saka Nasarèt. Nanging, ramalan kuwi kandha nèk Sang Mèsih bakal lair ing ”Bètléhèm ing Éfrata”. (Wacanen Mikha 5:1.) Saka kutha Nasarèt menyang Bètléhèm Éfrata adohé kira-kira 130 kilomèter nèk liwat Samaria sing dalané munggah mudhun. Yusuf kudu lunga menyang désa iki, merga saka kono asalé keluarga Raja Dawud, yaiku leluhuré Yusuf lan Maryam.

6, 7. (a) Apa sebabé perjalanan menyang Bètléhèm kuwi angèl kanggoné Maryam? (b) Merga wis dadi bojoné Yusuf, apa pengaruhé kanggo Maryam wektu nggawé keputusan? (Deloken uga cathetan ing ngisor.)

6 Apa Maryam gelem ndhukung keputusané Yusuf kanggo manut préntah kuwi? Sakjané perjalanan kuwi bakal angèl kanggo Maryam. Kétoké wektu kuwi wiwitan musim gugur lan bakal kerep grimis, merga musim panas wis mèh rampung. Sakliyané kuwi, Bètléhèm ana ing dhaérah pegunungan, sing dhuwuré luwih saka 760 mèter. Mesthiné kuwi perjalanan sing angèl kanggo Maryam sing lagi meteng tuwa. Perjalanané uga bakal luwih suwé, merga Yusuf lan Maryam kudu kerep lèrèn. Ing kahanan kaya ngono, wong wadon sing isih enom mesthi péngin ing omah waé, kumpul karo keluarga lan kanca-kanca sing siyap nulungi nèk wis krasa arep nglairké. Dadi, Maryam kudu kendel kanggo nglakoni perjalanan kuwi.

Perjalanan menyang Bètléhèm kuwi ora gampang

7 Senajan ngono, Lukas nulis nèk Yusuf lunga kanggo ”ndhaftarké bareng karo Maryam”. Lukas uga nulis nèk Maryam kuwi ”wis dipèk bojo” karo Yusuf. (Lk. 2:4, 5, NW) Dadi bojoné Yusuf kuwi mesthi gedhé pengaruhé kanggo keputusan-keputusané Maryam. Dhèwèké nganggep Yusuf dadi kepala keluarga, lan nampa tanggung jawab nulungi bojoné nganggo cara ndhukung keputusané bojoné. * Dadi, Maryam nduduhké imané nganggo cara gelem manut karo bojoné.

8. (a) Kira-kira, apa alesané Maryam gelem lunga karo Yusuf menyang Bètléhèm? (b) Piyé carané awaké dhéwé niru tuladhané Maryam?

8 Apa manèh sing marahi Maryam gelem manut? Apa dhèwèké ngerti ramalan bab Sang Mèsih sing bakal lair ing Bètléhèm? Alkitab ora nyritakké. Nanging isa waé Maryam ngerti, merga para pemimpin agama lan akèh-akèhé wong ngerti ramalan kuwi. (Mt. 2:1-7; Yo. 7:40-42) Maryam uga nduwé pangertèn sing apik bab Kitab Suci. (Lk. 1:46-55) Dadi, apa waé alesané, embuh Maryam gelem lunga kuwi merga péngin manut karo bojoné, utawa manut préntahé kaisar, utawa merga ramalané Yéhuwah dhéwé, utawa malah gabungan saka alesan kuwi kabèh, Maryam tetep dadi tuladha sing apik. Yéhuwah ngajèni banget wong lanang lan wadon sing nduduhké sipat andhap asor lan manut. Ing jaman saiki akèh-akèhé wong ora seneng manut, nanging tuladhané Maryam isa mbantu awaké dhéwé nduwèni sipat sing aji kuwi.

Yésus Lair

9, 10. (a) Wektu wis arep tekan Bètléhèm, Maryam mungkin kèlingan apa? (b) Yusuf lan Maryam akiré éntuk panggonan nginep ing endi, lan apa sebabé?

9 Maryam mesthi lega banget wektu nyawang Bètléhèm wis kétok saka kadohan. Maryam lan Yusuf mungkin kèlingan manèh karo sejarahé désa cilik iki, wektu ngliwati lèrèng gunung, lan nyawang kebon-kebon zaitun sing wis siyap dipanèn. Désa kuwi ora ana apa-apané nèk dibandhingké karo kutha-kutha liya ing Yéhuda, persis kaya kandhané nabi Mikha. Nanging éwonan taun sakdurungé, Boas, Naomi, lan Dawud lair ing désa iki.

10 Yusuf lan Maryam ndelok nèk désa kuwi wis kebak wong. Yusuf lan Maryam ora éntuk panggonan nginep merga wong-wong sing arep ndaftar wis teka luwih dhisik. * Dadi, ora ana pilihan manèh sakliyané nginep ing kandhang. Coba bayangna, Yusuf mesthi prihatin banget ndelok bojoné kelaran, lan saya suwé saya lara. Ya ing panggonan kaya ngéné iki Maryam malah ngrasa bayiné wis arep lair.

11. (a) Apa sebabé para wong wadon ing ngendi waé isa paham apa sing dialami Maryam? (b) Ing bab apa waé Yésus dadi ’Putra pambajeng’?

11 Wong wadon ing ngendi waé mesthi isa paham karo apa sing dialami Maryam. Kira-kira 4.000 taun sakdurungé, Yéhuwah wis ngramalké nèk merga dosa warisan, wong wadon bakal kelaran wektu nglairké anak. (Pd. 3:16) Maryam uga ngrasakké kuwi. Lukas ora nerangké larané Maryam wektu nglairké, nanging mung kandha nèk Maryam ”banjur mbabar Putra kakung, kang pambajeng”. (Lk. 2:7) Anaké Maryam sing mbarep wis lair, kuwi sing mbarep saka akèh anaké Maryam, sing kira-kira cacahé ana pitu. (Mk. 6:3) Nanging, anak iki béda karo liyané. Anak iki ora mung anak mbarepé Maryam, nanging uga ”kang pambayun [utawa, sing mbarep], kang luwih pinunjul tinimbang samubarang kabèh kang dititahaké” Yéhuwah. Kuwi Putra siji-sijiné sing digawé langsung karo Yéhuwah.​—Kl. 1:15.

12. Maryam nyèlèhké bayiné ing ngendi, lan piyé kahanan sing saktenané ing panggonan kuwi?

12 Cathetan kuwi uga nyebutké katrangan rinci sing terkenal, yaiku ’[Maryam] nggedhong banjur nyèlèhké [bayiné] ing wadhah pakan kéwan’. (Lk. 2:7, BJP) Kahanan sing digambarké ing sandiwara, lukisan, lan pertunjukan pas Natalan biyasané digawé luwih apik ketimbang nyatané. Gatèkna kahanan sing saktenané, Yésus disèlèhké ing wadhah pakan kéwan. Keluarga iki nginep ing kandhang, kuwi mesthi dudu panggonan sing resik lan nyaman. Sakjané, ora ana wong tuwa sing péngin nglairké anaké ing panggonan sing kaya ngono. Akèh-akèhé wong tuwa mesthi péngin sing paling apik kanggo anak-anaké. Maryam lan Yusuf uga mesthi péngin banget mènèhi sing paling apik kanggo Putrané Allah.

13. (a) Piyé carané Maryam lan Yusuf mènèhi sing paling apik saka kabèh sing diduwèni? (b) Ing jaman saiki, piyé wong tuwa sing wicaksana isa niru Yusuf lan Maryam?

13 Nanging, Maryam karo Yusuf ora mung mikirké kahanan sing nyusahké kuwi, wong loro kuwi ngupaya mènèhi sing paling apik saka kabèh sing diduwèni. Gatèkna contoné, Maryam ngopèni bayi kuwi, nggedhong nganggo kain, terus karo ngati-ati nyèlèhké bayiné ing wadhah pakan kéwan. Maryam mastèkké bayi kuwi aman lan ora kadhemen. Dadi senajan kuwatir merga kahanan wektu kuwi, nanging Maryam tetep nyedhiyakké sing paling apik kanggo anaké. Maryam lan Yusuf uga ngerti nèk mulang anaké kanggo nresnani Yéhuwah kuwi bab paling penting sing kudu ditindakké. (Wacanen Pangandharing Torèt 6:6-8.) Ing jaman saiki, wong tuwa sing wicaksana uga ngutamakké bab rohani wektu nggedhèkké anak-anak ing antarané wong-wong sing ora ngajèni ibadah marang Allah.

Para Pangon Nguwatké Maryam lan Yusuf

14, 15. (a) Apa sebabé para pangon péngin cepet-cepet ndelok bayi kuwi? (b) Apa sing ditindakké para pangon sakwisé ndelok bayi kuwi?

14 Pas tengah wengi ing bukit, ana malaékat sing nekani para pangon. Kamulyané Yéhuwah ana ing sakiwa-tengené wong-wong kuwi, lan malaékat mau kandha nèk Kristus, utawa Sang Mèsih lagi waé lair ing Bètléhèm. Malaékat kuwi uga kandha nèk para pangon bakal ndelok bayi mau didèlèhké ing wadhah pakan kéwan lan digedhong nganggo kain. Bar kuwi, ana kedadéan sing luwih nggumunké manèh, malaékat sing cacahé akèh banget padha teka kanggo muji Allah Yéhuwah. (Lk. 2:8-14) Sakwisé ndelok kedadéan kuwi, wong-wong mau cepet-cepet mudhun saka lèrèng bukit, yaiku panggonané para pangon kuwi angon wedhus. * Pangon-pangon sing teka terus mlebu ing kandhang, péngin banget ndelok keluarga kuwi, kususé bayiné. Para pangon iki semangat banget lan wajahé kétok sumringah. Wong-wong lanang iki banjur nyritakké apa sing lagi waé dialami.

15 Ora nggumunké nèk wong-wong sing andhap asor kuwi langsung cepet-cepet lunga menyang Bètléhèm. Wong-wong kuwi mesthi nggumun ndelok bayi sing lagi waé lair kuwi, merga persis kaya sing diomongké malaékat mau. Para pangon ora nyimpen dhéwé kabar apik iki. Nanging wong-wong kuwi ”banjur padha nyritakaké . . . Kabèh wong kang padha krungu, padha gumun marang critané pangon-pangon mau”. (Lk. 2:17, 18) Senajan para pemimpin agama ing jaman kuwi ngrèmèhké para pangon, nanging Yéhuwah ngajèni wong-wong sing andhap asor lan nduwé iman iki. Terus, apa pengaruh kunjungané wong-wong kuwi kanggo Maryam?

Yéhuwah ngajèni para pangon sing andhap asor lan nduwé iman

16. Apa sing nggawé imané Maryam terus kuwat?

16 Maryam mesthi isih lemes merga lagi bar nglairké, nanging dhèwèké tetep nggatèkké tenanan saben omongan. Ora mung kuwi, ”nanging Maryam nyathet iku mau kabèh ana ing sajroning atiné lan dirasak-rasakaké”. (Lk. 2:19) Wong wadon enom iki mesthi seneng mikir. Dhèwèké ngerti nèk warta saka malaékat kuwi penting banget. Gusti Allahé, yaiku Yéhuwah péngin supaya Maryam ngerti lan paham sapa sakjané anak sing lagi waé dilairké kuwi. Mula, Maryam ora mung waton ngrungokké. Dhèwèké nyathet utawa nyimpen kabèh omongan kuwi ing atiné bèn isa terus dirasak-rasakké utawa dipikirké tenanan ing taun-taun sakbanjuré. Merga nindakké iki, imané Maryam isa terus kuwat.​—Wacanen Ibrani 11:1.

Maryam ngrungokké tenanan omongané para pangon lan nyathet kuwi ing atiné

17. Piyé carané niru tuladhané Maryam bab mikirké tenanan Pangandikané Allah?

17 Apa panjenengan gelem niru tuladhané Maryam? Alkitab kuwi isiné wulangan sing bener lan penting saka Allah. Mula, awaké dhéwé kudu nggatèkké tenanan wulangan kuwi nèk péngin éntuk paédah. Carané yaiku ajeg maca Alkitab. Merga Alkitab kuwi dudu mung buku sastra sing apik, nanging kuwi Pangandikané Allah. (2 Tm. 3:16) Terus, kaya Maryam, awaké dhéwé kudu nyathet Pangandikané Allah kuwi ing njero ati lan dirasak-rasakké, utawa dipikirké tenanan. Nèk mikirké tenanan apa sing wis diwaca saka Alkitab, terus mikirké piyé carané bèn isa ngetrapké luwih apik manèh, imané awaké dhéwé isa saya kuwat.

Luwih Akèh sing Disinaoni

18. (a) Piyé Maryam lan Yusuf manut karo hukum Musa wektu Yésus isih bayi? (b) Kurban sing diwènèhké Yusuf lan Maryam nduduhké apa bab kahanan ékonominé?

18 Wektu bayi kuwi umur wolung dina, Maryam lan Yusuf nyunat bayi kuwi, kaya sing wis diatur ing Hukum Musa. Lan njenengi bayi kuwi Yésus kaya sing wis dipréntahké. (Lk. 1:31) Pas Yésus umur 40 dina, Maryam karo Yusuf nggawa bayi Yésus saka Bètléhèm menyang bait ing Yérusalèm, sing adohé kira-kira 10 kilomèter, lan mènèhi kurban pasucèn sing wis ditemtokké Hukum kanggo wong mlarat, yaiku manuk derkuku sajodho utawa piyik dara loro. Senajan mungkin ngrasa isin merga ora mampu mènèhi korban wedhus lanang lan manuk derkuku siji kaya wong tuwa liyané, nanging Yusuf lan Maryam tetep manut nindakké Hukum kuwi sak isa-isané. Wong loro kuwi dikuwatké banget merga teka ing kana.​—Lk. 2:21-24.

19. (a) Wejangan apa waé saka Siméon sing dipikirké tenanan karo Maryam? (b) Apa sing ditindakké nabiah Hana sakwisé ndelok Yésus?

19 Ana wong lanang sing wis tuwa jenengé Siméon nyedhaki Maryam lan Yusuf, uga mènèhi Maryam luwih akèh wejangan kanggo dipikirké tenanan. Siméon éntuk janji, nèk sakdurungé mati dhèwèké bakal ndelok Sang Mèsih. Lan roh suciné Yéhuwah ngandhani Siméon nèk bayi kuwi bakal dadi Juru Slamet sing diramalké. Siméon uga ngandhani Maryam nèk sukmbèn bakal ngrasakké sedhih banget. Maryam bakal ngrasa kaya-kayané ana pedhang sing nancep ing awaké. (Lk. 2:25-35) Senajan kuwi nduduhké nèk bakal ana kedadéan sing ora apik, nanging mungkin omongan kuwi sing mbantu Maryam terus tekun wektu kahanan kuwi kedadéan tenan, yaiku 33 taun sakbanjuré. Sakwisé Siméon, ana nabiah sing jenengé Hana ndelok Yésus sing isih cilik, banjur nyritakké bab Yésus marang akèh wong sing wis ngentèni pembébasan Yérusalèm.​—Wacanen Lukas 2:36-38.

Maryam lan Yusuf ngrasa dikuwatké wektu ana ing baité Yéhuwah ing Yérusalèm

20. Yusuf lan Maryam nggawa Yésus sing isih bayi menyang bait, apa sebabé kuwi keputusan sing apik?

20 Keputusané Yusuf lan Maryam nggawa bayiné menyang bait Allah ing Yérusalèm kuwi apik banget. Nganggo cara kuwi, Yusuf lan Maryam ngenalké marang anaké kebiyasaan kanggo setya teka ing bait Yéhuwah saksuwéné urip. Ing kana, Yusuf lan Maryam ngupaya mènèhi marang Yéhuwah sak isa-isané, miturut kesanggupané. Maryam lan Yusuf uga dikuwatké lan nampa tuntunan. Wektu mulih, Maryam mesthi nduwé iman sing luwih kuwat lan ati sing kebak pangertèn bab rohani kanggo dipikir tenanan lan dicritakké marang wong liya.

21. Kaya Maryam, piyé bèn imané awaké dhéwé saya kuwat?

21 Nyenengké banget ndelok akèh wong tuwa saiki padha niru tuladha kuwi. Para wong tuwa Seksi sing setya ngajak anak-anaké teka ing pakumpulan ibadah, lan liwat omongan, ngupaya sak isa-isané nguwatké sedulur-sedulur seimané. Sakwisé bali saka pakumpulan ibadah, tékadé dadi luwih kuwat, perasaané luwih seneng, lan nduwé akèh bab sing apik kanggo dicritakké marang wong liya. Seneng banget isa ngumpul bareng-bareng karo wong-wong kuwi. Nèk nindakké kuwi, imané awaké dhéwé bakal saya kuwat, kaya imané Maryam.

^ par. 7 Gatèkna bédané ayat iki lan katrangan bab perjalanan sakdurungé, ”Maryam banjur énggal-énggal mangkat” marani Élisabèt. (Lk. 1:39) Wektu kuwi, merga isih tunangan, Maryam isa tumindak tanpa rembugan karo Yusuf. Sakwisé nikah, perjalanané Yusuf lan Maryam menyang Bètléhèm disebut perjalanané Yusuf, dudu perjalanané Maryam.

^ par. 10 Ing kutha-kutha jaman kuwi, ana kebiyasaan nyedhiyakké kamar kanggo wong sing lagi ing perjalanan lan kafilah sing mampir.

^ par. 14 Kenyataan nèk para pangon wektu kuwi manggon ing lapangan karo wedhus-wedhusé, nguwatké apa sing ditulis ing Alkitab. Yésus ora lair ing sasi Desember, nanging pas awal sasi Oktober. Merga ing sasi Desember, wedhus-wedhus dilebokké ing kandhang sing cedhak omah.