Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB PITU

”Saya Mundhak Gedhé Ana ing Ngarsané Sang Yéhuwah”

”Saya Mundhak Gedhé Ana ing Ngarsané Sang Yéhuwah”

1, 2. Critakna kahanan ing Gilgal wektu Samuèl arep omongan karo bangsa Israèl, lan apa sebabé Samuèl kudu mbantu wong-wong kuwi mertobat?

SAMUÈL sing wis ngabdi dadi nabi lan hakim puluhan taun, ngundang bangsa Israèl kanggo ngumpul ing kutha Gilgal. Miturut tanggalan saiki, kuwi kedadéan ing sasi Mei utawa Juni, lan lagi musim panas. Ladhang-ladhang gandum wis siyap dipanèn. Bayangna, wektu kuwi Samuèl lagi ndeloki wajahé wong-wong Israèl sing lagi padha meneng kabèh. Piyé Samuèl isa nggawé wong-wong kuwi dadi sadhar?

2 Bangsa Israèl ora ngerti nèk iki masalah sing sérius. Wong-wong kuwi meksa péngin nduwé raja manungsa. Bangsa kuwi ora sadhar nèk tumindaké sakjané ora ngajèni Yéhuwah lan nabiné. Dadi, wong-wong kuwi nolak Yéhuwah dadi Rajané. Piyé Samuèl isa mbantu wong-wong kuwi mertobat?

Nom-nomané Samuèl mulang awaké dhéwé kanggo nguwatké iman marang Yéhuwah senajan ana pengaruh ala

3, 4. (a) Apa sebabé Samuèl nyritakké bab nom-nomané? (b) Apa sebabé tuladha imané Samuèl penting kanggo awaké dhéwé saiki?

3 Samuèl sing wis tuwa mulai ngomong. Dhèwèké kandha, ”Aku iki wis tuwa lan uwanen.  . . . Aku mimpin kowé wiwit nonomanku tumeka sapréné.” (1 Sa. 11:14, 15; 12:2) Wiwit nom-nomané, Samuèl wis nggawé keputusan-keputusan sing bener, kuwi nggawé Samuèl isa nduwé iman sing kuwat lan terus ngabdi marang Yéhuwah nganti tuwa. Mula senajan saiki wis tuwa, Samuèl ora tau lali karo wektu dhèwèké isih enom. Kenangan kuwi isih cetha ing pikirané.

4 Samuèl kudu mbangun lan nguwatké iman, senajan wong ing sakiwa-tengené ora nduwé iman lan ora setya. Ing jaman saiki uga ora gampang kanggo nguwatké iman, merga awaké dhéwé urip ing donya sing bejat lan ora nduwé iman. (Wacanen Lukas 18:8.) Ayo ditliti apa sing isa disinaoni saka tuladhané Samuèl wiwit nom-nomané.

Ngabdi marang Yéhuwah Wiwit Isih Bocah

5, 6. Apa sebabé uripé Samuèl wektu isih bocah kuwi istiméwa, lan apa sebabé wong tuwané yakin nèk Samuèl bakal diopèni?

5 Uripé Samuèl wektu isih bocah kuwi istiméwa. Ora suwé sakwisé disapih, mbokmenawa umur telung taun utawa luwih sithik, Samuèl wis ngabdi marang Yéhuwah ing kémah suci ing Silo sing adohé kira-kira 30 kilomèter saka omahé ing Rama. Èlkana lan Hana masrahké Samuèl kanggo ngabdi marang Yéhuwah. Samuèl dadi wong Nazir saksuwéné urip. * Apa iki tegesé Samuèl dibuwang lan ora ditresnani wong tuwané?

6 Ora. Hana lan Èlkana ngerti nèk anaké bakal diopèni ing Silo. Kebutuhané Samuèl mesthi wis diurus karo Imam Agung Èli, merga Samuèl kerja ing cedhaké. Ing kono uga ana wong-wong wadon sing wis diatur tugasé kanggo mbantu gawéan ing kémah suci.​—Pa. 38:8; PH. 11:34-40.

7, 8. (a) Saben taun, piyé Hana lan Èlkana ndhukung Samuèl? (b) Wong tuwa saiki isa sinau apa saka Hana lan Èlkana?

7 Apa manèh, Hana lan Èlkana ora tau nglalèkké anak mbarepé iki, sing lair merga jawaban dongané Hana. Hana nyuwun anak karo Yéhuwah, lan janji bakal masrahké anaké bèn isa ngabdi marang Gusti Allah. Wektu marani saben taun, Hana nggawakké jubah anyar tanpa lengen gawéané dhéwé bèn dinggo Samuèl ing kémah suci. Samuèl sing isih enom mesthi seneng wektu wong tuwané mara. Dhèwèké uga seneng merga wong tuwané ndhidhik lan ndhukung dhèwèké, uga mulang nèk ngabdi marang Yéhuwah ing kémah suci kuwi aji banget.

8 Wong tuwa saiki isa sinau tuladhané Hana lan Èlkana. Umumé, wong tuwa mung fokus kanggo nyukupi kebutuhan matèri ketimbang kebutuhan rohaniné anak-anaké. Nanging, wong tuwané Samuèl ngutamakké kebutuhan rohani, lan kuwi mengaruhi cara mikir lan sipat-sipaté Samuèl ing uripé mbésuké.​—Wacanen Wulang Bebasan 22:6.

9, 10. (a) Terangna kaya apa kémah suci kuwi, lan piyé perasaané Samuèl bab kémah suci. (Deloken uga cathetan ing ngisor.) (b) Samuèl nduwé tanggung jawab apa waé, lan piyé bocah-bocah saiki niru tuladhané?

9 Awaké dhéwé isa mbayangké bocah kuwi mundhak gedhé lan njlajahi bukit-bukit ing sakcedhaké Silo. Wektu ndeloki ngisor, ana kutha lan lembah sing amba. Ing salah siji sisihé kutha lan lembah kuwi, ana kémah suciné Yéhuwah. Wektu nyawang kémah kuwi, Samuèl mesthi ngrasa seneng lan bangga. Kémah kuwi bener-bener panggonan sing suci. * Kémah suci dibangun kira-kira 400 taun sakdurungé liwat tuntunané Musa, lan wektu kuwi dadi siji-sijiné pusat ibadah sejati sakdonya.

10 Samuèl enom mulai nresnani kémah suci. Ing crita sakbanjuré, Alkitab kandha, ”Anadéné Samuèl ngabdi ana ing ngarsané Sang Yéhuwah; Samuèl iku isih bocah, kang asabuk éfod léna.” (1 Sa. 2:18) Jubah sedherhana tanpa lengen kuwi nduduhké nèk Samuèl mbantu para imam ing kémah suci. Senajan ora klebu golongan imam, nanging saben ésuk Samuèl nduwé tugas mbukak lawang pelatarané kémah suci lan mbantu Imam Èli sing wis tuwa. Samuèl seneng banget karo tugas-tugas kuwi, nanging atiné sing isih polos ngrasa ora kepénak. Ana masalah ing omahé Yéhuwah.

Tetep Murni Senajan Akèh Tumindak Bejat

11, 12. (a) Hofni lan Pinéhas ora nggatèkké apa? (b) Tumindak jahat apa sing ditindakké Hofni lan Pinéhas ing kémah suci? (Deloken uga cathetan ing ngisor.)

11 Wektu isih enom, Samuèl ndelok tumindak jahat lan bejat sing parah. Èli nduwé anak lanang loro, jenengé Hofni lan Pinéhas. Alkitab kandha, ”Anak-anaké Èli iku padha wong dursila” lan ”padha ora maèlu marang Sang Yéhuwah”. (1 Sa. 2:12) Rong ukara ing ayat iki ana hubungané. Hofni lan Pinéhas kuwi ”wong dursila”, ing basa asliné tegesé ”wong sing ora guna” merga ora perduli karo Yéhuwah. Wong loro kuwi ora nggatèkké babar blas pathokan lan préntahé Gusti Allah. Iki sing marahi wong loro kuwi nindakké dosa liyané.

12 Hukumé Gusti Allah kususé nyebutké apa waé tugasé para imam, lan carané imam mènèhké kurban ing kémah suci. Hukum iki digawé merga kurban nggambarké kabèh sing wis disedhiyakké Yéhuwah kanggo ngapura dosa, bèn wong isa dianggep resik ing ngarsané Yéhuwah lan pantes nampa berkah uga tuntunané. Nanging, Hofni lan Pinéhas nggawé imam liyané dadi ora ngajèni kurban kuwi babar blas. *

13, 14. (a) Apa akibat saka tumindak bejaté Hofni lan Pinéhas kanggo wong-wong sing tulus? (b) Apa buktiné Èli wis gagal dadi imam lan bapak?

13 Bayangna Samuèl sing isih enom ndeloki kuwi kabèh. Dhèwèké mesthi nggumun ngapa tumindak ala kaya ngono tetep dijarké waé. Wong pira waé sing didelok Samuèl, klebu sing mlarat, andhap asor, lan sengsara sing kanthi lila mara ing kémah suci bèn éntuk kekuwatan lan panglipuran, nanging malah mulih karo ngrasa ora ana ajiné, gela, utawa kelara-lara? Lan piyé perasaané Samuèl pas ngerti Hofni lan Pinéhas nglanggar Hukumé Allah bab moral, yaiku hubungan sèks karo wong wadon sing ngabdi ing kémah suci? (1 Sa. 2:22) Mbokmenawa Samuèl péngin Èli ndang tumindak kanggo ngrampungké masalah kuwi.

Tumindak bejaté anak-anaké Èli mesthi nyusahké atiné Samuèl

14 Sakjané Èli kuwi wong sing paling pas kanggo ndandani kahanan sing saya bobrok iki, merga Èli kuwi imam agung, lan nduwé tanggung jawab kanggo kabèh kedadéan ing kémah suci. Èli uga bapak, sing nduwé kewajiban ndhidhik anak-anaké. Apa manèh anak-anaké Èli wis ngrusak uripé dhéwé lan akèh wong ing Israèl. Anak-anaké Èli mbutuhké naséhat sing luwih tegas, nanging Èli ora tegas. Èli wis gagal dadi imam lan bapak. (Wacanen 1 Samuèl 2:23-25.) Anak-anaké Èli wis nindakké dosa sing nyebabké hukuman mati.

15. Apa warta tegas sing diparingké Yéhuwah kanggo Èli, lan piyé tanggepané?

15 Masalah kuwi saya parah nganti Yéhuwah ngirim ”sawijining abdiné Gusti Allah” sing ora disebutké jenengé, kanggo mènèhi warta penghakiman sing tegas. Yéhuwah ngendika karo Èli, ”Anggonira ngajèni anak-anakira ngungkuli Ingsun.” Yéhuwah ngramalké anak-anaké Èli bakal mati bareng ing dina sing padha, lan keluargané Èli bakal sengsara banget, malah kélangan pakurmatan dadi imam. Apa warta iki nggawé keluargané Èli mertobat? Critané ora nduduhké kaya ngono.​—1 Sa. 2:27–3:1.

16. (a) Apa kandhané Alkitab bab hubungané Samuèl karo Yéhuwah? (b) Miturut panjenengan apa sebabé katrangan kuwi nyenengké ati? Terangna.

16 Apa tumindak bejat kuwi mengaruhi Samuèl sing isih enom? Senajan kahanané ora apik, nanging Samuèl saya gedhé lan hubungané karo Yéhuwah saya akrab. Ing 1 Samuèl 2:18 dikandhakké nèk Samuèl wis ”ngabdi ana ing ngarsané Sang Yéhuwah” wiwit isih bocah. Senajan isih enom banget, Samuèl ngutamakké ngabdi marang Yéhuwah. Ing 1 Samuèl 2:21 ana katrangan liya sing nyenengké ati. Ayat kuwi kandha, ”Wong anom Samuèl saya mundhak gedhé ana ing ngarsané Sang Yéhuwah.” Kuwi nduduhké nèk hubungané Samuèl karo Yéhuwah saya cedhak. Hubungan sing cedhak iki sing nglindhungi Samuèl saka tumindak bejat.

17, 18. (a) Piyé cah enom Kristen isa niru tuladhané Samuèl senajan ing sakiwa-tengené akèh tumindak bejat? (b) Apa hasilé merga Samuèl manut karo Yéhuwah?

17 Nèk imam agung lan anak-anaké waé isa sengaja nindakké dosa, mbokmenawa Samuèl dadi mikir nèk dhèwèké ya isa tumindak kaya ngono. Nanging tumindak bejaté wong liya, klebu wong sing nduwé wewenang, ora isa dadi alesan kanggo nindakké dosa. Ing jaman saiki, akèh cah enom Kristen niru tuladhané Samuèl. Senajan ing sakiwa-tengené ora ana conto sing apik, akèh cah enom Kristen sing terus ”mundhak gedhé ana ing ngarsané Sang Yéhuwah”.

18 Apa hasilé merga Samuèl manut karo Yéhuwah? Alkitab kandha, ”Samuèl, saya gedhé saya ditresnani déning Gusti Allah, mengkono uga déning wong akèh.” (1 Sa. 2:26, BJP) Dadi Samuèl ditresnani wong-wong, paling ora karo wong sing diajèni Samuèl. Yéhuwah dhéwé ya tresna karo Samuèl merga imané. Samuèl yakin nèk Gusti Allah bakal nyingkirké kabèh tumindak bejat ing Silo, senajan Samuèl ora ngerti kapan kuwi kelakon. Samuèl bakal éntuk jawabané.

”Paduka Mugi Karsaa Ngandika, Amargi Abdi Paduka Mirengaken”

19, 20. (a) Critakna kedadéan ing kémah suci wektu mèh ésuk. (b) Piyé sikapé Samuèl marang Èli? (c) Critakna piyé akiré Samuèl ngerti sapa sing nyeluk dhèwèké.

19 Wektu kuwi wis mèh ésuk, nanging isih peteng. Lampu gedhé ing téndha isih murub. Ing kahanan sepi kaya ngono, Samuèl krungu swara sing nyeluk jenengé. Dhèwèké mikir kuwi swarané Èli, sing saiki wis tuwa banget lan mèh wuta. Samuèl tangi, terus ”mlayu marani” Imam Èli. Coba panjenengan bayangké, Samuèl sing ora nganggo sandhal, cepet-cepet marani Èli merga selak péngin ngerti apa sing dibutuhké Imam Èli. Mesthi nrenyuhké banget ngerti Samuèl ngurmati lan welas asih marang Èli. Senajan dosané akèh, Èli isih imam agung.​—1 Sa. 3:2-5.

20 Samuèl nggugah Èli, ”Nuwun kula, Rama, punapa Rama nimbali kula?” Èli kandha nèk ora nyeluk, lan ngongkon Samuèl turu manèh. Kuwi kedadéan ping bola bali. Wektu kuwi, Yéhuwah wis arang banget maringi wahyu utawa ramalan marang umaté, lan awaké dhéwé wis ngerti apa sebabé. Nanging saiki, Èli ngerti nèk Yéhuwah ngendika manèh liwat bocah iki. Mula, Èli ngongkon Samuèl turu manèh lan ngandhani piyé carané njawab nèk diceluk manèh. Samuèl manut. Ora let suwé, Samuèl krungu manèh ana swara sing nyeluk, ”Samuèl, Samuèl!” Banjur, Samuèl njawab, ”Paduka mugi karsaa ngandika, amargi abdi Paduka mirengaken.”​—1 Sa. 3:1, 5-10.

21. Piyé carané ngrungokké Yéhuwah jaman saiki, lan apa sebabé kuwi penting?

21 Akiré, ana abdi ing Silo sing ngrungokké Yéhuwah. Saksuwéné urip, Samuèl mesthi ngrungokké Yéhuwah. Apa panjenengan ya kaya ngono? Ing jaman saiki, Yéhuwah ora ngendika manèh karo awaké dhéwé nganggo swara gaib ing wayah wengi. Pangandikané Allah ana terus kanggo awaké dhéwé lan kuwi ditulis ing Alkitab. Kaya Samuèl, nèk awaké dhéwé saya kerep ngrungokké Gusti Allah lan nanggepi Pangandikané, imané awaké dhéwé bakal saya kuwat.

Senajan wedi, Samuèl tetep ngandhani Èli bab warta penghakiman saka Yéhuwah

22, 23. (a) Piyé ramalané Yéhuwah bab keluargané Èli akiré kelakon? (b) Apa buktiné nèk Samuèl saya dikenal dadi nabi sing imané gedhé?

22 Kedadéan wayah wengi ing Silo kuwi ora bakal dilalèkké Samuèl. Merga wengi kuwi wiwitané Samuèl nduwé hubungan istiméwa karo Yéhuwah, yaiku dadi nabi lan wakilé Yéhuwah. Wiwitané, bocah kuwi wedi ngomongké warta saka Yéhuwah marang Èli. Merga warta kuwi isiné nèk sedhéla manèh, ramalan bab keluargané Èli bakal kelakon. Nanging Samuèl ngupaya bèn kendel. Èli andhap asor nampa penghakimané Yéhuwah. Ora let suwé, kabèh sing dingendikakké Yéhuwah kelakon. Yaiku, Israèl perang nglawan Filisti, Hofni lan Pinéhas dipatèni ing dina sing padha, lan Èli dhéwé mati wektu ngerti nèk Pethi suciné Yéhuwah wis direbut wong Filisti.​—1 Sa. 3:10-18; 4:1-18.

23 Saya suwé, Samuèl saya dikenal dadi nabi sing imané gedhé. Buktiné, Alkitab kandha, ”Yéhuwah nunggil karo dhèwèké,” uga dikandhakké nèk ora ana siji-sijia ramalané Yéhuwah liwat Samuèl sing ora kelakon.​—Wacanen 1 Samuèl 3:19.

”Nabi Samuèl Banjur Nyebut marang Sang Yéhuwah”

24. Keputusan apa sing digawé bangsa Israèl, lan apa sebabé kuwi dosa sing gedhé?

24 Senajan ngono, apa bangsa Israèl gelem manut tuntunané Samuèl, terus nyedhak lan setya marang Yéhuwah? Ora. Bangsa kuwi mutuské ora péngin dipréntah mung karo nabi. Bangsa Israèl péngin dipréntah karo raja manungsa, kaya bangsa-bangsa liyané. Merga manut tuntunané Yéhuwah, Samuèl nuruti karepé bangsa Israèl. Nanging, Samuèl kudu nduduhké nèk bangsa kuwi wis nglakoni dosa sing gedhé banget. Sing ditolak dudu mung manungsa, nanging Yéhuwah dhéwé. Dadi, Samuèl ngundang bangsa kuwi kanggo ngumpul ing Gilgal.

Samuèl ndonga, lan Yéhuwah njawab nganggo gludhug lan udan

25, 26. Ing Gilgal, piyé Samuèl sing wis tuwa mbantu wong Israèl bèn ngerti nèk dosané gedhé banget?

25 Ayo ngrembug manèh kahanan pas Samuèl omongan ing ngarepé wong Israèl ing Gilgal. Samuèl sing wis tuwa ngélingké wong Israèl bab iman lan kasetyan sing wis dhèwèké duduhké. Alkitab kandha, ”Nabi Samuèl banjur nyebut marang Sang Yéhuwah.” Samuèl nyuwun Yéhuwah maringi gludhug lan udan.​—1 Sa. 12:17, 18.

26 Apa mungkin ana gludhug lan udan ing musim panas? Kedadéan kaya ngono durung tau kelakon sakdurungé. Sedhéla manèh, wong-wong sing ora percaya lan sing ngécé bakal meneng. Ujug-ujug langité peteng ndhedhet. Angin sing gedhé ngrusak ladhang gandum. Gludhugé banter banget, mbudhegké kuping. Bar kuwi, udan deres. Piyé tanggepané bangsa kuwi? ”Wong sabangsa kabèh padha wedi marang Sang Yéhuwah lan marang Nabi Samuèl.” Akiré, wong-wong kuwi sadhar nèk dosané gedhé banget.​—1 Sa. 12:18, 19.

27. Apa sing bakal ditindakké Yéhuwah marang wong-wong sing niru imané Samuèl?

27 Sing nggawé bangsa Israèl dadi sadhar dudu Samuèl, nanging Yéhuwah. Wiwit enom nganti tuwa, Samuèl nduwé iman sing gedhé marang Yéhuwah, lan Yéhuwah mberkahi dhèwèké. Nganti jaman saiki, Yéhuwah ora malih. Yéhuwah bakal terus ndhukung wong-wong sing niru imané Samuèl.

^ par. 5 Wong Nazir wis janji ora ngombé ombèn-ombèn sing ana alkoholé lan ora nyukur rambuté. Akèh wong janji kaya ngono mung kanggo sawetara wektu, nanging wong-wong kaya Simson, Samuèl, lan Yokanan Pambaptis, dadi wong Nazir saksuwéné uripé.

^ par. 9 Kémah suci kuwi bangunan sing bentuké kothak, kaya téndha gedhé saka rangka kayu. Nanging, kuwi digawé saka bahan-bahan sing paling apik, yaiku kulit anjing laut, kain sulam sing éndah, lan kayu-kayu larang sing dilapisi pérak lan emas. Kémah suci kuwi ana ing lapangan sing bentuké kothak, lan ing kana uga ana misbyah gedhé sing apik kanggo mènèhké kurban. Ing mangsa-mangsa sakbanjuré, dibangun kamar-kamar kanggo para imam ing sisih-sisihé kémah suci. Kayané, Samuèl turu ing salah sijiné kamar kuwi.

^ par. 12 Crita iki mènèhi rong conto tumindak alané Hofni lan Pinéhas. Salah sijiné, Hukumé Gusti Allah jelas kandha bagéan endi sing isa dimaem para imam. (PT. 18:3) Nanging ing kémah suci, imam-imam sing jahat ora nindakké sing padha karo hukumé Yéhuwah. Pas dagingé isih digodhog, imam-imam kuwi ngongkon pembantuné njupuk nganggo garpu gedhé ing kuwali, lan apa waé sing nancep ing garpu kuwi langsung dadi duwèké. Liyané kuwi, pas wong-wong nggawa kurban kanggo dibakar ing misbyah, imam-imam kuwi ngongkon pembantuné ngancem wong sing nggawa kurban, lan njaluk daging mentahé. Malah kuwi ditindakké sakdurungé gajihé dikurbanké kanggo Yéhuwah.​—Km. 3:3-5; 1 Sa. 2:13-17.