Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB ENEM

Dhèwèké Nyritakké Isi Atiné marang Allah

Dhèwèké Nyritakké Isi Atiné marang Allah

1, 2. (a) Apa sebabé Hana ora seneng pas siyap-siyap arep lunga menyang Silo? (b) Apa paédahé nèk sinau bab critané Hana?

HANA ngupaya tetep sibuk siyap-siyap kanggo perjalanan iki, bèn ora terus mikirké masalahé. Kuduné iki wektu sing nyenengké. Bojoné Hana yaiku Èlkana, bakal ngajak sakeluarga ngibadah bareng-bareng menyang kémah suci ing Silo. Iki acara sing dianakké saben taun. Yéhuwah péngin acara iki dadi acara sing nyenengké. (Wacanen Pangandharing Torèt 16:15.) Mesthi Hana wiwit cilik ya seneng teka ing acara iki. Nanging, kahanané wis béda pirang-pirang taun iki.

2 Hana diberkahi merga nduwé bojo sing nresnani dhèwèké. Nanging, Èlkana nduwé bojo liya, jenengé Penina. Penina kétoké péngin nggawé uripé Hana sengsara. Dhèwèké malah wis nemokké cara bèn ing acara taun iki atiné Hana kelara-lara. Piyé carané? Sing luwih penting, piyé imané Hana mbantu dhèwèké isa kuwat ngadhepi masalah sing kétoké ora isa diadhepi? Nèk panjenengan ngadhepi masalah sing nggawé panjenengan susah ati, critané Hana iki bakal nggedhèkké atiné panjenengan.

”Apa Sebabé Kowé Sedhih?”

3, 4. Apa rong masalah gedhé sing diadhepi Hana, lan apa sebabé kuwi abot?

3 Alkitab nerangké rong masalah gedhé ing uripé Hana. Masalah sing kapisan angèl banget diadhepi, yaiku Èlkana nduwé bojo manèh sing sengit karo Hana. Masalah sing kapindho babar blas ora isa diatasi, yaiku Hana mandhul. Iki nyusahké ati kanggo wong wadon sing wis nikah lan péngin nduwé anak. Apa manèh kabudayan ing jamané Hana nganggep nèk nduwé keturunan kuwi penting kanggo neruské jeneng keluarga. Wektu kuwi wong sing mandhul dianggep nggawa cacad lan ngisin-isini.

4 Nèk mung merga mandhul, mungkin Hana ora apa-apa. Nanging iki masalahé ya merga Èlkana nduwé bojo manèh. Pancèn poligami ora ana paédahé, merga dadi kerep saingan, padu, lan lara ati. Kuwi béda banget karo pathokan sing wis digawé Yéhuwah ing Taman Èden yaiku, nduwé bojo mung siji. (Pd. 2:24) Alkitab nggambarké poligami kaya lukisan sing ruwed, lan gambaran sedhih ing urip bebojoané Èlkana kaya salah sijiné gorésan kuwas ing lukisan kuwi.

5. Apa sebabé Penina péngin Hana sengsara, lan apa sing ditindakké Penina?

5 Èlkana luwih tresna karo Hana. Miturut crita turun-temurun Yahudi, Èlkana nikah karo Hana dhisik, pirang-pirang taun bar kuwi lagi nikah karo Penina. Embuh crita kuwi bener apa ora, Penina cemburu banget karo Hana, mula dhèwèké nggolèk akèh cara bèn Hana sengsara. Sing nggawé Penina luwih unggul timbang Hana yaiku merga dhèwèké isa nduwé anak. Saya akèh anaké, Penina saya sombong. Ora mesakké lan nglipur Hana, Penina malah nggawé Hana luwih sengsara merga mandhul. Alkitab kandha nèk Penina ”nglarani atiné Hana supaya dadi mangkel”. (1 Sa. 1:6, NW) Penina sengaja nindakké kuwi bèn Hana kelara-lara, lan dhèwèké suksès.

Hana sedhih banget merga mandhul, lan Penina ngupaya akèh cara bèn Hana kelara-lara

6, 7. (a) Senajan Èlkana péngin nglipur Hana, apa sebabé Hana ora crita kabèh masalahé? (b) Merga Alkitab kandha nèk Yéhuwah ”ora maringi anak” marang Hana, apa kuwi nduduhké nèk Yéhuwah ora seneng karo dhèwèké? Terangna. (Deloken cathetan ing ngisor.)

6 Kesempatan sing paling disenengi Penina kanggo nglarani atiné Hana yaiku pas perayaan saben taun ing Silo. Kanggo ”saben anak lanang lan wadoné Penina”, Èlkana mènèhi bagéan saka korban-korban sing diwènèhké marang Yéhuwah. Nanging Hana diwènèhi siji bagéan sing istiméwa, merga Hana sing paling ditresnani. Iki nggawé Penina cemburu. Banjur, Penina mamèrke nèk dhèwèké nduwé akèh anak, lan ngélingké nèk Hana kuwi mandhul. Kuwi nggawé Hana nangis lan ora gelem mangan. Èlkana nggatèkké Hana lagi sedhih lan ora gelem mangan, dadi Èlkana péngin nglipur Hana. Dhèwèké kandha, ”Hana, apa sebabé kowé nangis lan ora gelem mangan? Apa sebabé kowé sedhih? Apa aku ora luwih aji tinimbang anak lanang sepuluh?”​—1 Sa. 1:4-8, NW.

7 Èlkana ngerti nèk Hana sedhih merga mandhul. Lan, Hana mesthi ya ngajèni katresnan sing diduduhké bojoné. * Nanging, Èlkana ora nyebutké tumindak jahaté Penina. Alkitab ya ora crita, apa Hana kandha karo Èlkana nèk wis dijahati Penina. Isa waé Hana kuwatir nèk nyritakké kuwi mung bakal nggawé kahanan saya ruwed. Mungkin Hana mikir nèk Èlkana ya durung mesthi isa ngrampungi masalah kuwi. Malah isa waé Penina tambah sengit karo Hana, lan anak-anak uga pembantuné Penina mbokmenawa ya bakal mèlu-mèlu sengit karo Hana. Hana bakal ngrasa saya diedohi keluargané dhéwé.

Wektu ngadhepi tumindak jahat ing keluarga, Hana nggolèki Yéhuwah bèn éntuk panglipuran

8. Apa sebabé ngerti nèk Yéhuwah kuwi Gusti Allah sing adil isa nglipur awaké dhéwé?

8 Embuh Èlkana ngerti apa ora kabèh tumindak jahaté Penina, nanging Yéhuwah ngerti. Alkitab nduduhké nèk Yéhuwah ngerti kabèh kedadéan, lan kuwi dadi pangéling-éling sing tegas kanggo sapa waé sing mendhem rasa cemburu lan nyengiti wong liya. Nanging kuwi dadi panglipur kanggo wong-wong sing ora salah lan seneng rukun kaya Hana, merga ngerti nèk Gusti Allah sing adil bakal ngluruské kabèh perkara ing wektu lan carané dhéwé. (Wacanen Pangandharing Torèt 32:4.) Hana ngerti bab kuwi, mula dhèwèké nyuwun bantuané Yéhuwah.

”Ulaté Ora Suntrut Manèh”

9. Senajan ngerti apa sing bakal ditindakké Penina, nanging Hana tetep mèlu menyang Silo. Apa piwulangé?

9 Ésuk kuwi keluargané Èlkana sibuk banget. Kabèh padha siyap-siyap kanggo lunga, klebu cah-cah cilik. Keluarga sing gedhé kuwi bakal mlaku menyang Silo sing adohé luwih saka 30 kilomèter, ngliwati dhaérah Éfraim sing akèh bukit-bukit. * Perjalanan kuwi suwéné sedina utawa rong dina nèk mlaku. Hana ngerti apa sing bakal ditindakké Penina, nanging Hana tetep mèlu. Hana dadi tuladha sing apik banget kanggo awaké dhéwé saiki. Aja nganti tumindak jahaté wong liya ngganggu ibadahé awaké dhéwé marang Yéhuwah, merga awaké dhéwé isa kélangan berkah lan kekuwatan sing dibutuhké kanggo ngadhepi masalah.

10, 11. (a) Apa sebabé Hana lunga ing kémah suci pas ana kesempatan? (b) Piyé Hana ngetokké unek-uneké marang Yéhuwah?

10 Kutha Silo kuwi ana ing ndhuwur bukit, lan mèh kabèh dhaérahé diubengi bukit-bukit liya sing luwih dhuwur. Sakwisé sedina muput mlaku ing dalan sing munggah mudhun lan ménggak-ménggok ngliwati bukit, keluargané Èlkana akiré mèh tekan Silo. Wektu saya cedhak, Hana mungkin mikirké tenanan apa sing arep didongakké marang Yéhuwah. Wektu wis tekan Silo, keluarga kuwi maem bareng. Pas ana kesempatan, Hana ninggalké keluargané kanggo lunga ing kémah suci Yéhuwah. Ing kémah suci, Hana yakin nèk dongané bakal dirungokké. Nèk ora ana wong liya sing isa ngerti kasusahané, Yéhuwah, Bapaké ing swarga mesthi ngerti. Wektu kuwi, Imam Agung Èli lagi lungguh ing cedhak lawang. Nanging, Hana ora nggatèkké merga lagi fokus karo Gusti Allahé. Hana mulai sedhih, lan dhèwèké nangis.

11 Awaké Hana ndredheg merga nangis sesenggukan, Hana ndonga dibatin. Lambéné umak-umik wektu nyritakké isi atiné sing kelara-lara. Hana ndonga suwé banget, ngetokké kabèh unek-uneké marang Yéhuwah. Nanging, Hana ora mung nyuwun Gusti Allah maringi anak kaya pepénginané. Hana ora mung péngin nampa berkah saka Gusti Allah, nanging uga péngin mènèhi apa sing diduwèni. Dadi, Hana janji nèk dhèwèké nduwé anak lanang, bocah kuwi bakal dipasrahké bèn isa ngabdi marang Yéhuwah.​—1 Sa. 1:9-11.

12. Kaya tuladhané Hana, apa sing isa awaké dhéwé sinaoni wektu ndonga?

12 Dadi, Hana mènèhi tuladha kanggo kabèh abdiné Gusti Allah bab ndonga. Contoné, awaké dhéwé sinau nèk Yéhuwah ngundang kabèh umaté kanggo bébas ndonga. Mula awaké dhéwé ora perlu ragu-ragu nyritakké rasa kuwatir sing ana ing ati, kaya anak sing percaya karo wong tuwané sing kebak katresnan. (Wacanen Jabur 62: 9; 1 Tésalonika 5:17.) Rasul Pétrus nulis tembung-tembung sing nggawé tentrem iki bab donga marang Yéhuwah, ”Sakabèhing sumelangmu pasrahna marang Panjenengané, sabab Panjenengané kang ngopèni kowé kabèh.”​—1 Pt. 5:7.

13, 14. (a) Èli mikir nèk Hana lagi ngapa? (b) Apa sebabé Hana dadi tuladha sing apik bab iman?

13 Pangertèn lan tepa slirané manungsa ora kaya Yéhuwah. Wektu Hana nangis lan ndonga, Hana kagèt merga ujug-ujug ana swara sing ngomong. Jebulé kuwi swarané Èli sing wiwit mau nggatèkké Hana. Dhèwèké kandha, ”Nganti sapira suwéné anggonmu tumindak kaya wong mendem? Maria anggonmu mendem.” Sakdurungé, Èli ndelok lambéné Hana sing umak-umik pas nangis sesenggukan lan sikapé Hana. Èli ora takon dhisik, nanging malah mikir nèk Hana lagi mendem.​—1 Sa. 1:12-14.

14 Atiné Hana lara banget. Merga wektu sedhih, dhèwèké malah ngadhepi tudhuhan sing ora ana dhasaré, saka wong lanang sing nduwé jabatan penting. Hana mènèhi tuladha manèh sing apik bab iman. Senajan ngadhepi wong sing ora sampurna, nanging Hana tetep ngutamakké ibadah marang Yéhuwah. Dhèwèké njawab Èli nganggo cara sing ngajèni lan njelaské masalahé. Èli nanggepi Hana, mbokmenawa nganggo cara sing luwih alus, ”Mundura kanthi tentrem rahayu, lan muga-muga Gusti Allahé Israèl minangkani panyuwunmu.”​—1 Sa. 1:15-17.

15, 16. (a) Apa pengaruhé kanggo Hana sakwisé nyritakké isi atiné lan ngibadah marang Yéhuwah ing kémah suci? (b) Piyé awaké dhéwé niru tuladhané Hana wektu sedhih?

15 Apa pengaruhé kanggo Hana sing wis nyritakké isi atiné karo Yéhuwah lan ngibadah ing kémah suci? Critané ngandhani, ”Wong wadon mau tumuli metu, banjur gelem mangan lan ulaté ora suntrut manèh.” (1 Sa. 1:18) Kitab Suci mawi Basa Jawi Padintenan kandha, ”Atiné wis ora sedhih.” Hana ngrasa lega, kaya-kayané dhèwèké wis mènèhké gawan sing abot marang Yéhuwah, Bapak ing swarga sing luwih kuwat. (Wacanen Jabur 55:23.) Apa ana masalah sing abot banget kanggoné Yéhuwah? Ora. Ndhisik ora, saiki ora, lan mbésuk ya ora.

16 Wektu ngrasa susah, ora sanggup, utawa sedhih, awaké dhéwé isa niru tuladhané Hana lan bébas ndonga marang Gusti Allah. Alkitab nyebut Gusti Allah kuwi ”ingkang midhangetaken pandonga”. (Ms. 65:3) Nèk ndonga nganggo iman, rasa sedhih sing dirasakké bakal diganti Yéhuwah karo rasa ”tentrem-rahayu kang saka ing Gusti Allah, kang ngungkuli saliring budi”.​—Fp. 4:6, 7.

”Boten Wonten Redi Parang Ingkang Kados Gusti Allah Kawula”

17, 18. (a) Apa buktiné nèk Èlkana ndhukung janjiné Hana? (b) Tumindaké Penina apa sing ora ana pengaruhé manèh kanggo Hana?

17 Kétoké, Hana wis crita karo Èlkana bab panyuwun lan janjiné marang Yéhuwah. Miturut Hukum Musa, wong lanang nduwé hak mbatalké janji sing wis digawé bojoné nèk ora setuju. (Wi. 30:10-15) Nanging, Èlkana ora mbatalké janjiné Hana. Malah, dhèwèké karo Hana sésuk ésuké ngibadah bareng-bareng marang Yéhuwah ing kémah suci sakdurungé mulih menyang omahé.

18 Kapan Penina sadhar nèk Hana ora nglokro senajan diécé terus? Crita ing Alkitab ora ngandhakké bab kuwi, nanging saka tembung ”ulaté ora suntrut manèh” nduduhké nèk wiwit wektu kuwi Hana wis luwih seneng lan ora kuwatir. Sing mesthi, Penina dadi sadhar nèk tumindaké sing èlèk ora ana pengaruhé manèh kanggo Hana. Alkitab ora nyebutké jenengé Penina manèh.

19. Berkah apa sing ditampa Hana, lan piyé dhèwèké nduduhké nèk ngajèni sapa sumber berkahé?

19 Sakwisé pirang-pirang sasi, pikirané Hana sing ayem malih dadi rasa seneng sing gedhé banget. Hana meteng. Senajan seneng banget, nanging Hana tetep kèlingan karo sing maringi berkah kuwi. Mula sakwisé anaké lair, Hana njenengi anaké Samuèl, sing tegesé ”Asmané Gusti Allah”. Mesthi maksudé ndonga nganggo asmané Gusti Allah, kaya sing wis ditindakké Hana. Taun kuwi, Hana ora mèlu Èlkana lan keluargané lunga menyang Silo. Hana tetep ing omah karo anaké saksuwéné telung taun, nganti anaké disapih. Terus Hana nguwatké atiné kanggo ngadhepi dina dhèwèké kudu pisah karo anaké sing ditresnani.

20. Piyé Hana lan Èlkana netepi janjiné marang Yéhuwah?

20 Pisah karo anak mesthi ora gampang. Sakjané, Hana ya ngerti nèk Samuèl bakal diopèni mungkin karo wong-wong wadon sing ngabdi ing kémah suci. Nanging, Samuèl isih cilik banget wektu kuwi, lan ora ana ibu sing tegel pisah karo anaké sing isih cilik. Senajan ngono, Hana lan Èlkana nggawa bocah kuwi menyang Silo kanthi rasa sokur, ora karo nggrundel. Hana lan Èlkana mènèhké kurban ing omahé Gusti Allah, terus masrahké Samuèl marang Èli. Hana uga ngélingké Èli bab janji sing wis diomongké Hana telung taun kepungkur.

Hana kebukti dadi berkah kanggo Samuèl

21. Piyé imané Hana kétok saka saben tembung ing dongané? (Deloken uga kothak ” Rong Donga sing Nggumunké”.)

21 Bar kuwi Hana ndonga, lan dongané dianggep cocog karo Gusti Allah kanggo dicathet ing Alkitab. Ing 1 Samuèl 2:1-10, panjenengan bakal ndelok piyé imané Hana kétok saka saben tembung ing dongané. Dhèwèké muji Yéhuwah merga carané nggunakké kuwasané sing nggumunké. Yaiku kanggo ngrendhahké wong sombong, mberkahi wong ketindhes, lan mungkasi urip utawa nylametké nyawa saka pati. Hana ngucap sokur merga Yéhuwah kuwi suci, adil, lan setya. Hana kandha, ”Boten wonten redi parang ingkang kados Gusti Allah kawula.” Yéhuwah isa diendelké lan ora bakal malih. Yéhuwah kuwi pangayoman kanggo wong susah lan sengsara, sing nggolèki Yéhuwah kanggo dibantu.

22, 23. (a) Apa buktiné nèk Samuèl sing saya gedhé, ora tau ngrasa dilalèkké? (b) Berkah apa manèh sing ditampa Hana?

22 Mesthi dadi berkah sing gedhé kanggo Samuèl nduwé ibu sing kuwat imané. Saya gedhé, senajan Samuèl kangen karo ibuné, Samuèl ora tau ngrasa dilalèkké. Saben taun Hana lunga menyang Silo, nggawa jubah tanpa lengen kanggo Samuèl. Saben jaitan ing jubah kuwi mbuktèkké katresnan lan rasa perduliné Hana. (Wacanen 1 Samuèl 2:19.) Bayangna wektu Hana nganggokké jubah kuwi, ngepaské ing awaké Samuèl, ndeloki Samuèl kanthi rasa sayang karo nyemangati anaké nganggo tembung sing alus. Samuèl bener-bener diberkahi merga nduwé ibu kaya Hana. Sakwisé Samuèl gedhé, dhèwèké dadi berkah kanggo wong tuwané lan kabèh wong Israèl.

23 Hana ora dilalèkké. Yéhuwah mberkahi Hana kesanggupan kanggo nduwé keturunan, lan nglairké anak manèh kanggo Èlkana cacahé lima. (1 Sa. 2:21) Nanging, berkah paling gedhé sing ditampa Hana, yaiku hubungan sing akrab karo Yéhuwah, Bapaké ing swarga, sing saya taun saya kuwat. Muga-muga kuwi uga panjenengan rasakké, nèk panjenengan niru imané Hana.

^ par. 7 Senajan Alkitab kandha nèk Yéhuwah ”ora maringi anak” marang Hana, nanging ora ana bukti nèk Yéhuwah ora seneng karo Hana, wong wadon sing andhap asor lan nduwé iman iki. (1 Sa. 1:5) Kadhang kala, wektu ana katrangan sing nyebutké nèk Gusti Allah nyebabké salah siji kedadéan, sing dimaksud Alkitab yaiku Yéhuwah mung ngijinké kedadéan kuwi kelakon.

^ par. 9 Jarak iki mungkin diétung saka kutha asalé Èlkana, yaiku Rama. Wektu jamané Yésus, kutha iki disebut Arimatéa.