Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB RONGPULUH

”Kawula Sampun Pitados”

”Kawula Sampun Pitados”

1. Critakna piyé rasa sedhihé Marta lan sebabé.

MARTA kèlingan terus karo guwa sing ditutup watu gedhé, yaiku kuburan seduluré. Dhèwèké bener-bener ngrasa sedhih banget. Marta isih ora percaya nèk Lazarus, seduluré sing ditresnani kuwi wis mati. Patang dina wiwit Lazarus mati kuwi rasané bener-bener nyusahké ati, akèh wong teka kanggo nglayat, lan suasanané sedhih.

2, 3. (a) Apa pengaruhé kanggo Marta wektu ndelok Yésus? (b) Omongan penting sing diucapké Marta nduduhké apa bab dhèwèké?

2 Lan saiki, ing ngarepé Marta ana wong lanang sing penting kanggoné Lazarus. Wektu ndelok Yésus, Marta saya sedhih, merga Yésus kuwi siji-sijiné wong sing sakjané isa nylametké seduluré. Senajan ngono, Marta ngrasa kelipur isa bareng Yésus ing lèrèng bukit, ing njaba kutha Bétani. Lagi sedhéla waé, atiné Marta isa tentrem merga ngrasakké sipaté Yésus sing perduli lan apikan. Yésus mènèhi pitakonan-pitakonan sing mbantu Marta mikirké imané bab wong mati sing isa diuripké manèh. Wektu omong-omongan karo Yésus, Marta ngucapké omongan sing penting iki, ”Kawula sampun pitados [utawa, percaya] bilih Paduka punika Sang Kristus, Putraning Allah, ingkang pinasthi rawuh ing jagad.”​—Yo. 11:27.

3 Omongané kuwi nduduhké nèk Marta nduwé iman sing gedhé. Senajan cathetan ing Alkitab bab Marta mung sithik, nanging akèh piwulang sing isa disinaoni kanggo nguwatké imané awaké dhéwé. Mula, ayo digatèkké cathetan sing kapisan ing Alkitab bab Marta.

”Nguwatirké lan Mbingungké Akèh Perkara”

4. Apa sebabé keluargané Marta kuwi ora kaya keluarga umumé, lan apa hubungané keluarga kuwi karo Yésus?

4 Sasi-sasi sakdurungé, Lazarus isih urip lan séhat. Omahé ing Bétani bakal ditekani tamu sing penting, yaiku Yésus. Lazarus, Marta, lan Maryam kuwi ora kaya keluarga umumé, merga isiné mung sedulur telu kakang adhi sing wis diwasa, lan isih manggon bareng saomah. Ana peneliti sing nduwé pendhapat nèk Marta kuwi sing paling tuwa, merga kétoké Marta sing paling sibuk nèk ana tamu lan jenengé kerep disebutké dhisik. (Yo. 11:5, NW) Ora ana katrangan sing nduduhké apa Marta lan seduluré kuwi ana sing wis nikah. Sing jelas, Marta, Lazarus, lan Maryam kuwi sahabaté Yésus. Wektu nindakké tugasé ing Yudéa lan ngadhepi akèh tantangan saka mungsuhé, Yésus nginep ing omahé Marta. Mesthiné Yésus ngajèni banget panggonan sing tenang lan nyenengké ing kono.

5, 6. (a) Apa sebabé Marta sibuk wektu Yésus teka? (b) Apa sing ditindakké Maryam wektu Yésus wis teka?

5 Marta mastèkké bèn tamuné krasa betah lan nyaman ing omahé. Marta kuwi wong sing sregep, lan seneng tandang gawé, akèh banget gawéan sing ditindakké. Mula wektu Yésus teka, dhèwèké cepet-cepet nyiapké werna-werna panganan sing énak kanggo tamu sing penting kuwi lan wong-wong liya sing teka bareng Yésus. Wektu kuwi, sikap ramah marang tamu penting banget. Mula pas tamu teka, tamu kuwi disambut nganggo cara diambung, kasuté dicopotké, sikilé diwijiki, lan sirahé diolèsi minyak wangi sing seger. (Wacanen Lukas 7:44-47.) Panggonan nginepé lan panganan disedhiyakké kanthi apik.

6 Yésus nganggep tekané kuwi kesempatan kanggo mulang kabèh sing ana ing omah kuwi. Ora kaya para pemimpin agama jaman semono, Yésus ngajèni wong wadon lan seneng mulang bab Kratoné Allah sing dadi inti gawéan nginjilé ing bumi. Sakdurungé Yésus teka, Marta lan Maryam sibuk banget nggawé persiyapan kanggo nyambut tamuné. Maryam sing biyasané dianggep luwih sérius lan gatèkan, mesthi ya wis mbantu Marta. Nanging wektu Yésus wis teka, Maryam mandheg nindakké gawéané. Maryam sing ngajèni banget kesempatan kuwi, lungguh ing cedhak sikilé Yésus lan nggatèkké tenanan saben tembung sing diomongké Yésus.

7, 8. Apa sebabé atiné Marta mulai panas, lan piyé akiré Marta nduduhké kuwi?

7 Coba bayangna atiné Marta sing mulai panas. Dhèwèké mulai bingung lan kuwatir merga isih kudu nyiapké kabèh panganan lan akèh kebutuhan liyané kanggo tamu-tamuné. Marta répot dhéwé, wira-wiri, lan ndelok Maryam mung lungguh terus, ora mbantu dhèwèké. Apa Marta mulai jèngkèl, mbokmenawa karo mrengut lan mecucu? Mesthiné. Marta rumangsa ora isa nyiapké kuwi kabèh dhèwèkan.

8 Akiré, Marta ora isa sabar manèh. Dhèwèké nyela omongané Yésus lan ngomongké rasa jèngkèlé, ”Guru, cobi Panjenengan penggalih! Sedhèrèk kula menika mboten preduli kula nyambut-damel piyambakan. Mbok inggiha Panjenengan dhawuhi supados ngréncangi kula!” (Lk. 10:40, BJP) Ana terjemahan liya sing kandha nèk Marta ngomong, ”Gusti, mbok disawang ta!” Terus, Marta njaluk Yésus ngandhani Maryam, bèn mbantu manèh dhèwèké.

9, 10. (a) Apa jawabané Yésus marang Marta? (b) Apa Yésus ora ngajèni upayané Marta sing wis nyiapké kabèh panganan kuwi? Terangna.

9 Jawabané Yésus mbokmenawa ngagètké Marta, lan akèh wong sing maca Alkitab. Yésus kandha nganggo cara sing alus, ”Marta, Marta kowé kuwatir lan mbingungké akèh perkara. Padhahal mung sithik perkara sing dibutuhké, utawa malah mung siji. Nèk Maryam, dhèwèké wis milih bagéan sing apik, lan kuwi ora bakal dijupuk saka dhèwèké.” (Lk. 10:41, 42, NW) Apa maksudé Yésus? Apa Yésus nganggep Marta kuwi wong sing luwih mentingké perkara matèri ketimbang Gusti Allah? Apa Yésus ora ngajèni upayané Marta nyiapké kabèh panganan kuwi?

Senajan ”kuwatir lan mbingungké akèh perkara”, Marta andhap asor nampa naséhat

10 Yésus mesthiné ngajèni. Yésus ngerti banget nèk niyat atiné Marta kuwi tulus lan merga tresna. Apa manèh, Yésus ora nganggep nèk panganan sing akèh lan énak kuwi salah. Yésus gelem teka ing ”[pèsta] gedhé” sing dianakké Matéus kanggo nyambut Yésus. (Lk. 5:29) Masalahé dudu panganan sing disedhiyakké Marta, nanging apa sing diutamakké Marta. Marta mung nggatèkké bab panganan sing akèh lan énak, sing marahi Marta ora nggatèkké bab sing paling penting. Apa kuwi?

Yésus ngajèni sipaté Marta sing seneng nampa tamu, lan Yésus uga ngerti nèk Marta saktulusé ati nindakké kuwi

11, 12. Nganggo cara sing alus, piyé Yésus ngandhani Marta?

11 Sing teka ing omahé Marta kuwi Yésus, Putra siji-sijiné Allah Yéhuwah. Yésus teka ing omahé Marta kanggo mulang sing bener. Kuwi sing luwih penting ketimbang apa waé, klebu panganan sing énak lan persiyapané. Yésus mesthi sedhih merga Marta kélangan kesempatan sing aji kanggo nguwatké imané. Nanging, kuwi pilihané Marta dhéwé lan Yésus ngejarké. * Senajan ngono, Marta ora isa ngongkon Yésus meksa bèn Maryam mbantu dhèwèké, merga Maryam isa kélangan kesempatan sing aji kuwi.

12 Mula, nganggo cara sing alus, Yésus ngandhani Marta. Yésus nyebutké jenengé Marta ping pindho bèn suasanané dadi ora tegang. Yésus ngyakinké Marta bèn ora ”kuwatir lan mbingungké akèh perkara”. Siji utawa rong panganan waé wis cukup, merga sing luwih penting kuwi panganan rohani. Dadi, ora mungkin Yésus malah ngongkon Maryam mbantu Marta, merga Maryam wis milih ”bagéan sing apik” yaiku sinau saka Yésus.

13. Apa piwulang saka kandhané Yésus marang Marta?

13 Kedadéan ing omahé Marta mènèhi akèh piwulang kanggo para muridé Yésus saiki. Awaké dhéwé aja nganti keslimur karo apa waé sing isa nggawé awaké dhéwé ora mentingké bab rohani. (Mt. 5:3) Pancèn, awaké dhéwé péngin niru tuladhané Marta sing loma lan sregep, nanging awaké dhéwé ora péngin ’kuwatir lan bingung’ karo bab-bab sing kurang penting wektu ketekan tamu, nganti kélangan bab-bab sing paling penting. Wektu srawung karo para sedulur seiman, sing paling penting kuwi nguwatké siji lan sijiné, dudu apa panganané. (Wacanen Rum 1:11, 12.) Acara sing isa nguwatké iman isa dianakké senajan panganané mung sedherhana.

Kélangan Sedulur sing Ditresnani

14. Apa buktiné Marta dadi tuladha sing apik bab nampa naséhat?

14 Pirang-pirang sasi sakwisé dinaséhati Yésus, piyé tanggepané Marta? Apa Marta sinau saka naséhat kuwi? Rasul Yokanan miwiti cathetan bab sedulur lanangé Marta nganggo omongan, ”Yésus nresnani Marta, Maryam, lan Lazarus.” (Yo. 11:5, NW) Dadi, kétok cetha nèk Marta babar blas ora lara ati karo Yésus merga naséhaté mbiyèn. Marta terus ngéling-éling naséhat kuwi ing atiné. Marta dadi tuladha iman sing apik banget kanggo awaké dhéwé, merga kabèh wong mesthi butuh naséhat.

15, 16. (a) Apa sing mungkin ditindakké Marta wektu Lazarus lara? (b) Apa sebabé pangarep-arepé Marta lan Maryam sirna?

15 Wektu Lazarus lara, Marta telatèn ngopèni dhèwèké. Marta ngupaya tenan bèn seduluré kuwi isa luwih ngrasa kepénak lan cepet séhat. Nanging, penyakité Lazarus saya nemen. Wektu Lazarus lara, sedulur wadoné sing cacahé loro ora tau ninggalké dhèwèké. Marta mesthi kerep nyawang rupané Lazarus sing pucet lan lemes, karo kèlingan mangsa susah lan seneng sing wis dilakoni bareng-bareng.

16 Wektu Lazarus kétoké wis mèh mati, Marta lan Maryam ngandhani Yésus. Wektu kuwi, Yésus lagi nginjil ing panggonan sing adohé kira-kira rong dina nèk mlaku. Wartané singkat, ”Gusti, tiyang ingkang Paduka tresnani punika sakit.” (Yo. 11:1, 3) Marta lan Maryam ngerti nèk Yésus nresnani Lazarus, lan nduwé iman nèk Yésus bakal tumindak sak isa-isané kanggo nulungi kanca akrabé kuwi. Marta lan Maryam isa waé ngarep-arep Yésus bakal teka sakdurungé Lazarus mati. Nanging, pangarep-arepé sirna merga Lazarus mati.

17. Apa sing nggawé Marta saya bingung, lan apa tanggepané wektu krungu nèk Yésus wis cedhak kutha kuwi?

17 Marta lan Maryam ngrasa kélangan lan sedhih. Wong loro kuwi nggawé persiyapan ngubur seduluré lan nampa akèh tamu sing layat saka Bétani lan sakcedhaké. Nanging wektu kuwi, tetep durung ana kabar saka Yésus. Saya suwé, Marta saya bingung. Akiré, sakwisé patang dina Lazarus mati, Marta krungu nèk Yésus wis cedhak kutha kuwi. Marta kuwi wong wadon sing cepet tumindak. Dadi, senajan isih ngrasa sedhih merga kélangan, Marta langsung ngadeg lan cepet-cepet nemoni Yésus, tanpa ngandhani Maryam dhisik.​—Wacanen Yokanan 11:18-20.

18, 19. Marta kandha bab pangarep-arep apa, lan apa sebabé imané kuwi nggumunké?

18 Wektu nemoni Gustiné, Marta langsung ngandhani Yésus kabèh sing dipikirké dhèwèké lan Maryam pirang-pirang dina iki. Marta kandha, ”Gusti, manawi Paduka wonten ing ngriki, sadhèrèk kawula mesthi boten pejah.” Nanging Marta nduwé pangarep-arep lan iman nèk Yésus bakal tumindak. Dhèwèké kandha, ”Nanging sapunika ugi, kawula mangretos, bilih punapa ingkang Paduka suwun dhateng Gusti Allah, Gusti Allah mesthi badhé nyembadani.” Yésus langsung nguwatké imané Marta lan kandha, ”Sadulurmu bakal tangi manèh.”​—Yo. 11:21-23.

19 Marta ngira nèk Yésus lagi ngomongké bab wong mati sing bakal diuripké manèh sukmbèn, mula Marta kandha, ”Kawula inggih mangretos bilih badhé tangi bénjing ing dinten patangèn, ing wekasaning jaman.” (Yo. 11:24) Imané Marta bab wulangan kuwi nggumunké banget. Merga sebagéan pemimpin agama Yahudi sing disebut wong Saduki, ora percaya bab wong mati sing diuripké manèh. Padhahal wulangan kuwi wis ditulis ing Tulisan-Tulisan sing diwangsitké Allah. (Dn. 12:13; Mk. 12:18) Marta ngerti nèk Yésus mulang bab pangarep-arep wong mati bakal urip manèh. Yésus uga wis tau nguripké wong mati, senajan ora ana sing matiné wis pirang-pirang dina kaya Lazarus. Nanging, Marta ora nyangka apa sing bakal kedadéan sakbanjuré.

20. Terangna maksud omongané Yésus sing dicathet ing Yokanan 11:25-27 lan jawabané Marta.

20 Terus, Yésus ngucapké omongan sing ora bakal dilalèkké, ”Aku iki patangèn lan kauripan.” Omongané Yésus kuwi maksudé, Allah Yéhuwah wis maringi Putrané kuwasa kanggo nguripké manèh wong mati sing cacahé akèh banget. Kuwi sing bakal ditindakké sukmbèn. Yésus takon karo Marta, ”Kowé apa pracaya marang iku?” Marta terus njawab, jawabané disebutké ing wiwitan bab iki. Marta nduwé iman nèk Yésus kuwi Kristus, utawa Sang Mèsih, uga nèk Yésus kuwi Putrané Allah Yéhuwah, lan para nabiné wis ngramalké bab tekané Yésus ing donya.​—Yo. 5:28, 29; wacanen Yokanan 11:25-27.

21, 22. (a) Piyé Yésus nduduhké perasaané sing sedhih? (b) Critakna piyé pas Lazarus diuripké manèh.

21 Apa Yéhuwah lan Putrané nganggep aji imané Marta? Kedadéan sakbanjuré nduduhké jawabané. Marta langsung nemoni Maryam. Wektu Yésus lagi ngomong karo Maryam lan kabèh sing layat, Marta isa ndelok nèk Yésus sedhih banget. Marta ya ndelok Yésus nangis, kuwi nduduhké perasaané Yésus sing susah banget merga kahanan sing wis disebabké pati. Marta krungu nèk Yésus njaluk supaya watu sing nutupi kuburané Lazarus disingkirké.​—Yo. 11:28-39.

22 Marta ora pati setuju, merga nèk dinalar, Lazarus wis mati patang dina lan mayité mesthi wis mambu. Yésus ngélingké Marta, ”Apa Aku ora wus tutur marang kowé: Angger kowé pracaya mesthi bakal weruh kamulyaning Allah?” Marta percaya, lan dhèwèké uga bener-bener ndelok kamulyané Allah. Terus, pas kuwi, Yéhuwah maringi kuwasa marang Yésus kanggo nguripké manèh Lazarus. Bayangna wektu Marta ndelok dhéwé kedadéan sing ora bakal dilalèkké kuwi. Yésus ngundang, ”Lazarus, metua!” Terus, ana swara kresek-kresek saka kuburan kuwi pas Lazarus urip manèh. Lazarus sing isih diblebed kain kafan, ngupaya metu alon-alon saka kuburané. Yésus mréntahké, ”Uculana ulesé, karebèn lunga!” Marta lan Maryam langsung ngrangkul Lazarus kanthi rasa seneng banget. (Wacanen Yokanan 11:40-44.) Beban abot ing atiné Marta wis ilang.

Imané Marta marang Yésus diberkahi wektu dhèwèké lan Maryam ndelok seduluré diuripké manèh

23. Apa sing bakal ditindakké Yéhuwah lan Yésus marang panjenengan, lan panjenengan kudu nindakké apa?

23 Crita iki nduduhké nèk pangarep-arep wong mati bakal diuripké manèh kuwi dudu mimpi, nanging kuwi wulangan Alkitab sing nggedhèkké ati lan pancèn nyata. (Ay. 14:14, 15) Yéhuwah lan Putrané seneng mberkahi wong-wong sing nduwé iman, kaya sing wis ditindakké marang Marta, Maryam, lan Lazarus. Yéhuwah lan Yésus uga péngin maringi berkah sing padha nèk panjenengan ngupaya nduwé iman sing kuwat.

”Marta Ngladèni”

24. Kanggo sing pungkasan piyé Alkitab sekilas nyritakké bab Marta?

24 Alkitab nyebutké bab Marta sepisan manèh, yaiku pas awal minggu pungkasan uripé Yésus ing bumi. Merga ngerti kasusahan sing arep dialami, Yésus sepisan manèh milih nginep ing omahé Marta ing Bétani. Saka Bétani menyang Yérusalèm, Yésus kudu mlaku mung telung kilomèter. Yésus lan Lazarus dijak maem ing omahé Simon, sing tau lara lépra, ing kono Marta disebutké mung sekilas waé kanggo sing pungkasan. Alkitab kandha, ”Marta ngladèni.”​—Yo. 12:2.

25. Apa sebabé wong-wong kaya Marta dadi berkah kanggo jemaat Kristen jaman saiki?

25 Marta bener-bener wong wadon sing sregep. Wektu disebutké sing sepisanan ing Alkitab, dhèwèké lagi nyambut gawé, wektu disebutké sing pungkasan, dhèwèké ya lagi nyambut gawé, ngupaya sak isa-isané nggatèkké wong-wong ing sakcedhaké. Jemaat Kristen saiki uga diberkahi merga nduwé wong-wong kaya Marta. Merga wong-wong kuwi gelem nyambut gawé abot lan loma. Imané diduduhké nganggo cara nyambut gawé tenanan kanggo Yéhuwah lan mbantu wong liya. Apa Marta terus nindakké kaya ngono? Kétoké iya. Nèk nindakké kuwi Marta bakal luwih siyap ngadhepi tantangan sakbanjuré.

26. Imané Marta bakal mbantu dhèwèké kanggo apa?

26 Pirang-pirang dina sakbanjuré, Marta kudu ndelok Gustiné sing ditresnani, yaiku Yésus, séda. Terus, wong-wong sing matèni Yésus kuwi ya péngin matèni Lazarus, merga Lazarus sing diuripké manèh nggawé wong-wong dadi percaya karo Yésus. (Wacanen Yokanan 12:9-11.) Pancèn, akiré Marta bakal dipisahké karo loro seduluré sing ditresnani merga mati. Awaké dhéwé ora ngerti piyé lan kapan kuwi kedadéan. Nanging sing mesthi, imané Marta sing kuwat mbantu dhèwèké tetep setya nganti pungkasan. Kuwi sebabé wong Kristen saiki kudu niru imané Marta.

^ par. 11 Pas abad kapisan, ing antarané wong Yahudi, wong wadon biyasané ora diwulang. Wong wadon mung dilatih nindakké gawéan omah. Dadi, Marta mungkin ngrasa anèh ndelok wong wadon lungguh ing cedhak sikilé wong sing lagi mulang.