Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB SEPULUH

Dhèwèké Mbéla Ibadah Sejati

Dhèwèké Mbéla Ibadah Sejati

1, 2. (a) Kasusahan apa sing dirasakké wong Israèl? (b) Tantangan apa sing diadhepi Élia ing Gunung Karmèl?

ÉLIA ndeloki wong akèh sing padha mlaku munggah Gunung Karmèl karo ngos-ngosan. Senajan rada peteng merga isih ésuk banget, nanging kahanané wong-wong sing mlarat lan kaliren kuwi kétok cetha. Kasusahan merga musim kemarau sing suwéné telung taun setengah, nyata banget dirasakké wong-wong Israèl.

2 Ana 450 nabi Baal sing sombong banget uga mlaku ing antarané wong-wong kuwi. Nabi-nabi Baal kuwi sengit banget marang Élia, nabiné Yéhuwah. Ratu Izébèl wis matèni akèh abdiné Yéhuwah, nanging Élia isih terus semangat nglawan ibadah marang Baal. Nganti kapan? Imam-imam kuwi isa waé mikir, nèk mung wong siji ora bakal menang nglawan para imam kuwi. (1 Ra. 18:4, 19, 20) Raja Akhab uga teka, numpak kréta kusus kanggo raja. Dhèwèké uga sengit banget karo Élia.

3, 4. (a) Apa sebabé Élia isa waé ngrasa wedi? (b) Pitakonan apa waé sing arep dirembug?

3 Élia sing teka dhèwèkan, bakal ngadhepi kedadéan sing durung tau dialami sakdurungé. Wektu ndelok wong-wong sing padha ngumpul ing Gunung Karmèl, Élia ngerti nèk wong-wong kuwi ora suwé manèh bakal ndelok sapa sing luwih kuwat, Gusti Allah apa wong-wong sing jahat kuwi. Wektu wis mèh ésuk, Élia isa waé ngrasa wedi, merga dhèwèké kuwi ”manungsa lumrah kaya kita”. (Wacanen Yakobus 5:17.) Sing mesthi, Élia sadhar nèk wektu kuwi, dhèwèké bener-bener dhèwèkan ing antarané wong sing ora nduwé iman, raja sing murtad, lan para imam sing seneng matèni.​—1 Ra. 18:22.

4 Nanging, apa sebabé bangsa Israèl isa ngalami kahanan susah kaya ngono? Lan apa hubungané crita iki karo panjenengan? Gatèkna tuladha imané Élia lan piyé kuwi mènèhi paédah kanggo awaké dhéwé saiki.

Masalah sing Saya Ndadi

5, 6. (a) Israèl lagi ngadhepi masalah apa? (b) Apa waé tumindaké Raja Akhab sing nglarani atiné Yéhuwah?

5 Saksuwéné urip, Élia ndelok nèk ibadah sejati ora digatèkké lan ora diajèni, nanging Élia ora isa ngowahi kahanan kuwi. Bangsa Israèl wis suwé banget ngadhepi masalah. Ibadah sejati marang Yéhuwah mungsuhan karo ibadah palsu yaiku penyembahan brahala sing ditindakké wong-wong ing sakiwa-tengené Israèl. Ing jamané Élia, masalah kuwi saya ndadi.

6 Raja Akhab nglarani atiné Yéhuwah. Akhab nikah karo Izébèl, anak wadoné raja Sidon. Izébèl nduwé tékad kanggo nyebarké ibadah palsu ing Israèl lan nyingkirké ibadah marang Yéhuwah. Akhab langsung kena pengaruhé Izébèl. Akhab mbangun kuil lan misbyah kanggo Baal, uga mimpin rakyaté kanggo nyembah déwa kafir kuwi.​—1 Ra. 16:30-33.

7. (a) Apa sebabé ibadah marang Baal nglarani atiné Yéhuwah? (b) Bab suwéné musim kemarau ing jamané Élia, apa sebabé awaké dhéwé yakin nèk ora ana sing salah? (Deloken uga  kothak.)

7 Apa sebabé ibadah marang Baal nglarani atiné Yéhuwah? Sebab isa nggawé wong Israèl kepéncut lan ninggalké Gusti Allah sing bener. Ibadah marang Baal kuwi njijiki lan akèh tumindak kejem, klebu wong lanang lan wadon sing dadi pelacur ing kuil, pèsta sèks liar, malah ngurbanké anak-anak. Yéhuwah ora meneng waé. Yéhuwah ngutus Élia nemoni Akhab lan ngumumké bakal ana musim kemarau, sing bakal kelakon nganti Élia kandha kuwi rampung. (1 Ra. 17:1) Pirang-pirang taun sakbanjuré, Élia teka manèh nemoni Akhab lan ngongkon ngumpulké rakyaté, uga para nabi Baal ing Gunung Karmèl. *

Bagéan-bagéan utama sing dadi ciri ibadah marang Baal isih akèh ing jaman saiki

8. Apa crita bab penyembahan marang Baal isih ana gunané kanggo awaké dhéwé saiki? Terangna.

8 Nanging, apa gunané sinau bab masalah kuwi kanggo awaké dhéwé saiki? Ana sing nganggep nèk crita bab penyembahan Baal iki ora penting manèh, merga saiki wis ora ana kuil lan misbyah kanggo Baal. Nanging crita iki ora mung sejarah kuna. (Rm. 15:4) Sebab, tembung ”Baal” tegesé ”sing nduwèni” utawa ”juragan”. Yéhuwah ndhawuhi umaté supaya ndadèkké Yéhuwah ”baal”, sing maksudé Yéhuwah kuwi garwa utawa sing nduwèni bangsa Israèl. (Yé. 54:5) Sakjané, apa waé sing diutamakké wong-wong ing uripé, kuwi sing dadi juragané. Wong-wong ing jaman saiki isih ngabdi marang akèh juragan, contoné dhuwit, jabatan, rékréasi, seneng tumindak saru, utawa allah liya sing disembah sakliyané Yéhuwah, Gusti Allah sing Mahakuwasa. (Mt. 6:24; wacanen Rum 6:16.) Mula, isa disimpulké nèk bagéan-bagéan utama sing dadi ciri ibadah marang Baal isih akèh ing jaman saiki. Mikirké tenanan kedadéan jaman mbiyèn bab mungsuhan antarané Yéhuwah lan Baal, isa mbantu awaké dhéwé nggawé pilihan sing wicaksana kudu ngabdi marang sapa.

Apa Maksudé ”Laku Dhengkling”?

9. (a) Apa sebabé Gunung Karmèl panggonan sing cocog kanggo nduduhké nèk penyembahan Baal kuwi palsu? (Deloken uga cathetan ing ngisor.) (b) Apa kandhané Élia marang bangsa kuwi?

9 Saka pucuk Gunung Karmèl, wong isa ndelok pemandhangan apik ing sakcedhaké, contoné Kali Kison ing ngisor, Laut Besar (Laut Tengah) ing cedhaké, nganti Pegunungan Libanon ing sisih lor. * Nanging, pas srengéngé mlethèk ing dina sing penting kuwi, ana pemandhangan sing ora nyenengké. Negara sing wis diparingké Yéhuwah marang keturunané Abraham saiki wis ora subur. Lemahé garing lan tandhus merga panasé srengéngé sing ngenthang-ngenthang. Tanah kuwi rusak merga tumindaké wong Israèl. Sakwisé wong-wong kuwi ngumpul, Élia nyedhak lan kandha, ”Isih pira suwéné anggonmu padha laku dhengkling [utawa, pincang] lan mangro tingal iku? Manawa Pangéran Yéhuwah iku Gusti Allah, iku etut burinen, déné manawa Baal, iku etut burinen.”​—1 Ra. 18:21.

10. Apa maksudé wong-wong ”laku dhengkling lan mangro tingal”, lan wong-wong kuwi lali karo wulangan sing bener apa?

10 Apa maksudé Élia wektu kandha ”laku dhengkling lan mangro tingal”? Jebulé bangsa kuwi ora sadhar nèk kudu milih antarané nyembah Yéhuwah apa nyembah Baal. Wong-wong kuwi ngira nèk isa nyembah loro-loroné, isa nyenengké Baal lan tradhisiné sing njijiki, terus ing wektu sing padha ngupaya bèn Yéhuwah seneng. Mbokmenawa mikir nèk Baal bakal mberkahi tanduran lan ternaké, terus ”Yéhuwah Sing Nduwé Pasukan Malaékat” bakal nglindhungi pas perang. (1 Sa. 17:45, NW) Wong-wong kuwi lali karo wulangan sing bener, sing akèh wong saiki ora ngerti, yaiku Yéhuwah ora mbagi ibadah marang sapa waé. Yéhuwah nuntut lan pancèn pantes dadi siji-sijiné Allah sing disembah. Yéhuwah ora gelem nampa, lan malah lara ati nèk ibadah marang Yéhuwah dicampur karo ibadah liya.​—Wacanen Pangentasan 20:5.

11. Miturut panjenengan, apa sebabé omongané Élia ing Gunung Karmèl isa mbantu mriksa manèh sing utama ing urip, lan ibadahé awaké dhéwé?

11 Wong Israèl ”laku dhengkling”, kaya wong sing nyoba mlaku ing rong dalan sing béda ing wektu sing padha. Akèh wong saiki uga kaya ngono, yaiku padha ngejarké ”baal” liya dadi sing utama ing uripé, dudu ibadah marang Allah. Mula nèk nggatèkké omongané Élia bèn ora mlaku pincang, kuwi isa mbantu awaké dhéwé mriksa manèh apa sing utama ing urip lan ibadahé awaké dhéwé.

Ujian sing Nemtokké

12, 13. (a) Ujian apa sing diusulké Élia? (b) Piyé carané nduduhké keyakinan sing padha kaya Élia?

12 Élia ngusulké ujian sedherhana. Para imam Baal kudu nggawé misbyah lan mènèhké kurban ing ndhuwuré, terus wong-wong kuwi kudu ndonga karo allahé bèn ngekèki geni. Élia bakal nindakké sing padha. Élia kandha nèk ”allah kang paring wangsulan sarana geni, yaiku kang jumeneng Gusti Allah!” Élia ngerti tenan sapa Gusti Allah sing sejati. Imané kuwat banget, Élia ora ragu ngekèki apa sing isa nguntungké wong-wong kuwi. Yaiku para nabi Baal dikèki kesempatan luwih dhisik kanggo tumindak. Dadi, wong-wong kuwi milih sapi kanggo dikurbanké lan ndonga karo Baal. *1 Ra. 18:24, 25.

13 Awaké dhéwé ora urip ing jaman mukjijat. Nanging, Yéhuwah ora malih. Awaké dhéwé isa nduwé keyakinan marang Gusti Allah, padha kaya Élia. Contoné, wektu wong liya ora setuju karo wulangané Alkitab, awaké dhéwé ora perlu wedi mènèhi kesempatan wong kuwi kanggo ngomong dhisik. Padha kaya Élia, awaké dhéwé percaya karo Gusti Allah sing sejati kanggo ngrampungké masalah kuwi. Carané, ora ngendelké pikirané dhéwé, nanging kudu ngendelké Sabdané Gusti Allah, sing digawé kanggo ”mbeneraké sing kliru”.​—2 Tm. 3:16, BJP.

Kanggoné Élia, ibadah marang Baal kuwi mung apus-apus sing marahi ngguyu, lan Élia péngin umaté Allah sadhar bab kuwi

14. Piyé Élia ngécé para nabi Baal, lan apa sebabé?

14 Sakwisé kuwi, para nabi Baal ndèlèhké kurbané lan ndonga karo bengak-bengok. ”Dhuh Baal, mugi karsaa paring wangsulan dhumateng kawula sadaya!” jaréné bola-bali. Wong-wong kuwi terus mbengok, menit ganti menit, jam ganti jam, ”Nanging ora ana swara, ora ana kang mangsuli,” kandhané Alkitab. Pas wis awan, Élia mulai ngécé wong-wong kuwi, jaréné Élia, Baal lagi sibuk kanggo njawab donga, mungkin lagi lunga, utawa lagi turu lan kudu digugah dhisik. ”Anggonmu nyebut sing seru,” kandhané Élia marang para tukang ngapusi kuwi. Kanggoné Élia, ibadah marang Baal kuwi mung apus-apus sing marahi ngguyu, lan Élia péngin umaté Allah sadhar bab kuwi.​—1 Ra. 18:26, 27.

15. Saka crita bab para imam Baal, apa sebabé milih juragan sakliyané Yéhuwah tumindak bodho?

15 Para imam Baal kuwi malah saya ndadi, wong-wong kuwi ”saya seru anggoné padha nyebut sarta padha natoni awaké kalawan pedhang lan tumbak kaya kang wus dadi adaté, satemah getihé dhlèwèran saka ing awaké”. Nanging kuwi kabèh ora ana gunané. ”Ora ana swara, ora ana kang mangsuli, ora ana tandha yèn kagatèkaké.” (1 Ra. 18:28, 29) Pancèn Baal kuwi ora ana. Kuwi mung gawéané Sétan kanggo nggawé wong-wong ngedoh saka Yéhuwah. Sing mesthi, milih juragan endi waé sakliyané Yéhuwah mung bakal nggawé gela, malah rasa isin.​—Wacanen Jabur 25:3; 115:4-8.

Gusti Allah sing Sejati Njawab

16. (a) Wektu Élia ndandani misbyah Yéhuwah ing Gunung Karmèl, kuwi ngélingké wong-wong bab apa? (b) Apa sing mbuktèkké nèk Élia yakin tenan marang Yéhuwah?

16 Wektu mèh soré, gilirané Élia mènèhké kurban. Élia ndandani manèh misbyahé Yéhuwah sing wis dirubuhké karo mungsuh ibadah sejati. Élia nggunakké 12 watu, mungkin kanggo ngélingké wong Israèl 10 suku nèk wong-wong kuwi isih wajib manut karo Hukumé Yéhuwah, sing diparingké kanggo 12 suku Israèl. Terus, Élia ndèlèhké kurban lan kurbané digrujugi banyu sing akèh, mbokmenawa banyu kuwi asalé saka Laut Tengah ing cedhak kono. Élia uga nggawé kalèn ngubengi misbyah kuwi lan diisèni banyu. Kaya wektu Élia ngekèki apa sing nguntungké para nabi Baal, saiki Élia mènèhi apa sing ora nguntungké Yéhuwah, sing mbuktèkké nèk Élia yakin tenan marang Yéhuwah.​—1 Ra. 18:30-35.

Dongané Élia nduduhké nèk dhèwèké perduli karo wong Israèl, merga Élia péngin banget ndelok Yéhuwah nggawé atiné wong Israèl ’mratobat’

17. Piyé dongané Élia nduduhké apa sing diutamakké Élia, lan piyé niru tuladhané Élia pas awaké dhéwé ndonga?

17 Sakwisé kabèh siyap, Élia ndonga. Dongané ampuh merga sedherhana, lan nduduhké apa sing diutamakké Élia. Sing sepisanan lan sing utama, Élia nduduhké nèk ’Gusti Allah ing Israèl’ kuwi Yéhuwah, dudu Baal. Kapindho, Élia péngin kabèh wong ngerti nèk dhèwèké mung abdiné Yéhuwah. Kabèh kamulyan lan pujian mung kanggo Yéhuwah. Banjur, Élia nduduhké nèk dhèwèké perduli karo wong Israèl, merga Élia péngin banget ndelok Yéhuwah nggawé atiné wong Israèl ’mratobat’. (1 Ra. 18:36, 37) Senajan kasangsaran sing dialami wong Israèl kuwi merga ora nduwé iman, Élia isih nresnani wong-wong kuwi. Pas ndonga, apa awaké dhéwé niru sipat andhap asoré Élia sing ngutamakké asmané Yéhuwah, lan apik ati karo wong liya sing mbutuhké bantuan?

18, 19. (a) Piyé Yéhuwah njawab dongané Élia? (b) Élia ngongkon wong-wong kuwi nindakké apa, lan apa sebabé para imam Baal ora pantes dimesakké?

18 Sakdurungé Élia ndonga, akèh wong ing kana mungkin mikir apa Yéhuwah kuwi ya mung apus-apus, padha kaya Baal. Nanging sakwisé ndonga, ora ana sing ragu-ragu manèh. Alkitab kandha, ”Ing kono genining Sang Yéhuwah banjur tumurun lan nyamber kurban obaran, kayu-bong, watu lan lemahé nganti entèk gusis [utawa, entèk resik], malah banyu ing kalènané uga asat kadilat ing geni mau.” (1 Ra. 18:38) Kuwi bener-bener jawaban sing nggumunké. Terus piyé tanggepané wong-wong Israèl?

”Genining Sang Yéhuwah banjur tumurun”

19 Wong-wong kuwi mbengok, ”Pangéran Yéhuwah, Panjenengané iku Gusti Allah! Pangéran Yéhuwah, Panjenengané iku Gusti Allah!” (1 Ra. 18:39) Akiré kabèh wong isa ngerti sing bener. Nanging, sakjané wong-wong kuwi durung nduduhké iman. Mung ngakoni nèk Yéhuwah kuwi Gusti Allah sing sejati bar ndelok geni saka langit, kuwi dudu bukti iman. Mula, Élia ngongkon wong-wong kuwi supaya nduduhké iman, carané yaiku manut hukumé Yéhuwah. Miturut Hukumé Allah, nabi-nabi palsu lan sing nyembah brahala kudu dipatèni. (PT. 13:5-9) Para imam Baal mungsuhi Yéhuwah lan sengaja nglawan kersané. Apa wong-wong kuwi pantes dimesakké? Coba diéling-éling, wektu ngobong bocah-bocah sing isih urip kanggo kurban marang Baal, apa wong-wong kuwi padha mesakké? (Wacanen Wulang Bebasan 21:13; Ym. 19:5) Wong-wong kuwi ora pantes dimesakké. Mula Élia ngongkon supaya wong-wong kuwi dipatèni, lan kuwi sing ditindakké.​—1 Ra. 18:40.

20. Bab paukuman sing ditindakké Élia, apa sebabé kekuwatirané para kritikus modhèren ora ana dhasaré?

20 Para kritikus modhèren mungkin ora seneng karo hasil akiré kedadéan ing Gunung Karmèl. Ana sing kuwatir nèk wong fanatik isa nggunakké kedadéan iki kanggo mbenerké tumindak kasar marang wong saka agama liya. Sing mrihatinké manèh, akèh wong saiki tumindak kasar merga fanatik karo agamané. Nanging kekuwatiran kaya ngono ora ana dhasaré, merga Élia kuwi dudu wong fanatik. Élia nindakké paukuman sing adil saka Yéhuwah. Sakliyané kuwi, wong Kristen sejati ngerti nèk ora éntuk niru Élia sing nggunakké pedhang kanggo ngukum wong jahat. Sebab, Yésus wis mènèhi pathokan sing ana ing omongané Yésus marang Pétrus. Yésus kandha, ”Pedhangmu warangkakna [utawa, lebokna ing wadhahé], awit wong kang olah pedhang, bakal tiwas déning pedhang.” (Mt. 26:52) Sukmbèn, Yéhuwah bakal nggunakké Yésus kanggo nindakké kaadilan.

21. Apa sebabé imané Élia dadi tuladha sing apik kanggo wong Kristen saiki?

21 Tanggung jawabé wong Kristen sejati yaiku nduduhké iman ing urip saben dina. (Yo. 3:16) Salah siji carané yaiku niru wong-wong sing nduwé iman kaya Élia. Élia ngabdi mung marang Yéhuwah, lan ngongkon wong liya nindakké sing padha. Élia uga kendel nduduhké èlèké agama sing digunakké Sétan kanggo nggawé wong-wong kepéncut lan adoh saka Yéhuwah. Saben ngadhepi masalah, Élia ngendelké Yéhuwah, dudu kesanggupan utawa pepénginané dhéwé. Élia mbéla ibadah sejati. Muga-muga awaké dhéwé uga niru imané.

^ par. 9 Gunung Karmèl biyasané subur lan ijo, merga angin sing ana uap banyuné munggah saka segara tekan lèrèng gunung, terus nggawé udan lan akèh embun. Merga Baal dianggep sing nggawé udan, gunung iki kétoké panggonan penting kanggo nyembah Baal. Mula Gunung Karmèl sing saiki garing lan tandhus, dadi panggonan sing cocog kanggo nduduhké nèk penyembahan Baal kuwi palsu.

^ par. 12 Gatèkna, Élia kandha, ”Kowé ora kena ndokoki geni” ing kurban kuwi. Ana ahli sing kandha nèk wong sing nyembah brahala kadhang kala nggunakké misbyah sing ana bolongan rahasia ing ngisoré, bèn geniné kaya-kayané murub nganggo cara sing ajaib.