Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB LORO

Dhèwèké Mlaku karo Gusti Allah

Dhèwèké Mlaku karo Gusti Allah

1, 2. Gawéan apa sing dilakoni Nuh lan keluargané, lan apa waé tantangané?

NUH ngluruské boyoké terus nglemeské otot-ototé sing kaku. Bayangna Nuh lagi ngaso karo lungguh ing balok kayu sing amba, dhèwèké ndeloki rangkané prau gedhé kuwi. Ambunen aspal panas sing nyegrak lan rungokna swarané alat-alat tukang sing muni terus. Saka lungguhané, Nuh uga ndelok anak-anaké sing mempeng nyambut gawé ing kiwa-tengen lan njaba-njeroné rangka prau gedhé kuwi. Anak-anaké, mantu-mantuné, lan bojoné Nuh wis kerja bareng karo Nuh puluhan taun suwéné kanggo nggawé prau gedhé kuwi. Akèh banget sing wis digarap, nanging isih akèh gawéan sing kudu dirampungké.

2 Wong-wong nganggep Nuh lan keluargané wong bodho. Wektu prau gedhé kuwi saya kétok bentuké, akèh wong saya ngécé warta sing terus diumumké Nuh bab banjir gedhé sing bakal nutupi bumi. Warta kuwi kayané ora isa dinalar lan ora mungkin kedadéan. Wong-wong kuwi nganggep Nuh lan keluargané bodho merga gelem nggunakké wektu puluhan taun kanggo gawéan sing anèh. Nanging, anggepané Yéhuwah, Gusti Allahé Nuh, béda karo wong-wong kuwi.

3. Apa tegesé Nuh ”salampah tindaké ana ing patunggilané Gusti Allah”?

3 Alkitab kandha bab Nuh, ”Salampah tindaké ana ing patunggilané Gusti Allah [”Nuh mlaku karo Gusti Allah”, NW].” (Wacanen Purwaning Dumadi 6:9.) Apa tegesé? Tegesé dudu Gusti Allah mlaku ing bumi karo Nuh, utawa Nuh sing munggah swarga. Nanging, merga Nuh manut lan nresnani Gusti Allah, kuwi kaya-kayané Gusti Allah lan Nuh mlaku bareng, kaya kanca akrab. Éwonan taun sakwisé, Alkitab kandha, ”Marga saka pracaya[-né] iku panjenengané ngadili jagad.” (Ib. 11:7) Apa maksudé? Apa sing isa disinaoni saka imané Nuh?

Wong Lanang sing Tanpa Cacad ing Donya sing Bejat

4, 5. Ing jaman Nuh, apa sing nyebabké kahanan ing bumi saya rusak?

4 Nuh urip ing donya sing cepet malih saka jahat dadi bejat. Donya kuwi wis jahat ing jamané mbah buyuté, yaiku Hénokh, wong salèh sing uga kekancan karo Gusti Allah. Hénokh wis ngramalké bab dina paukuman kanggo wong-wong jahat. Saiki, ing jamané Nuh, wong-wong saya bejat. Malah, Gusti Allah mirsani nèk bumi wis rusak merga kebak tumindak jahat. (Pd. 5:22; 6:11; Yd. 14, 15) Apa sing nyebabké kahanané saya rusak?

5 Ana kedadéan sing nggawé prihatin ing swarga. Salah siji malaékat mbrontak marang Yéhuwah lan dadi Sétan si Iblis. Dhèwèké mitenah Gusti Allah lan nggodha Adam uga Kawa kanggo nindakké dosa. Ing jaman Nuh, para malaékat liyané uga mèlu-mèlu mbrontak marang pamréntahané Yéhuwah sing adil. Para malaékat sing mbrontak kuwi ninggalké tugasé ing swarga lan mudhun ing bumi, banjur ngawini wong wadon sing ayu-ayu. Para malaékat sing sombong lan mung mikirké kepentingané dhéwé kuwi dadi pengaruh ala sing ngrusak kanggo manungsa.​—Pd. 6:1, 2; Yd. 6, 7.

6. Apa pengaruhé Nèfilim ing kahanan donya, lan Yéhuwah mutuské nindakké apa?

6 Apa manèh, hubungan sing ora alami antarané manungsa lan malaékat sing njélma dadi manungsa, ngasilké anak campuran sing awaké gedhé lan kuwat banget. Alkitab kandha jenengé Nèfilim, sing artiné ”Penumbang” utawa wong sing nyebabké wong-wong liya tiba. Nèfilim seneng nganiaya nganggo cara sing kejem, kuwi nggawé kahanan donya saya rusak. Ora nggumun nèk ing ngarsané Gusti Allah, ”gedhé durakané para manungsa ana ing bumi, lan saobah-osiking atiné sajegé mung ala baé”. Dadi, Yéhuwah mutuské nèk 120 taun manèh manungsa sing jahat kuwi bakal disirnakké.​—Wacanen Purwaning Dumadi 6:3-5.

7. Tantangan apa sing diadhepi Nuh lan bojoné kanggo nglindhungi anaké saka pengaruh sing ala?

7 Mesthi ora gampang ndhidhik bocah-bocah ing donya sing kaya ngono. Nanging, kuwi sing dialami Nuh. Dhèwèké éntuk bojo sing apik. Lan sakwisé umuré Nuh 500 taun, bojoné nglairké anak telu sing jenengé Sèm, Kham, lan Yafèt. * Nuh lan bojoné kudu nglindhungi anaké saka pengaruh ala ing sakiwa-tengené. Bocah-bocah lanang biyasané nggumun lan seneng nyanjung-nyanjung ”wong kang gagah prakosa” lan ”jenengé misuwur [utawa, terkenal]”, wong Nèfilim kuwi wong sing kaya ngono. Nuh lan bojoné kudu ngupaya tenanan bèn anak-anaké ora kena pengaruh saka crita-crita bab tumindaké Nèfilim. Lan Nuh suksès ngajari wulangan sing bener bab Yéhuwah sing gething karo tumindak jahat. Nuh lan bojoné kudu mbantu anak-anaké ngerti nèk Yéhuwah sedhih wektu mirsani akèh tumindak jahat wektu kuwi.​—Pd. 6:6.

Nuh lan bojoné kudu nglindhungi anak-anaké saka pengaruh ala

8. Piyé wong tuwa jaman saiki niru tuladhané Nuh lan bojoné?

8 Wong tuwa jaman saiki isa ngerti piyé perasaané Nuh lan bojoné. Donya saiki mènèhi pengaruh ala merga akèh pembrontakan lan tumindak kasar. Ing kutha-kutha, akèh gèng cah enom sing angèl diatur. Malah, hiburan kanggo bocah cilik saiki isiné tumindak kasar. Wong tuwa sing wicaksana ngupaya sak isa-isané nglawan pengaruh kuwi, carané yaiku mulang bab Yéhuwah, Allah katentreman sing bakal nyirnakké tumindak kasar. (Ms. 11:5; 37:10, 11) Nuh lan bojoné wis suksès, mula wong tuwa saiki mesthi uga isa suksès. Anak-anaké Nuh dadi wong-wong lanang sing apik, lan nduwé bojo sing gelem ngutamakké Yéhuwah ing uripé.

”Gawéa Prau kanggo Sira”

9, 10. (a) Apa préntahé Yéhuwah sing nggawé uripé Nuh malih kanggo saklawasé? (b) Apa sing dingendikakké Yéhuwah bab rancangan lan alesané prau kuwi digawé?

9 Ing sawijiné dina, uripé Nuh malih kanggo saklawasé. Yéhuwah ngendika karo abdiné sing ditresnani iki nèk arep nyirnakké donya wektu kuwi. Gusti Allah mréntahké Nuh, ”Sira gawéa prau kanggo sira, kang kagawé kayu gofir.”​—Pd. 6:14.

10 Prau gedhé iki dudu kapal, kaya sing dipikirké wong-wong. Prau gedhé iki ora ana haluan utawa buritané, ora ana sirip kemudhiné, dadi ora isa diarahké. Kuwi mung kaya pethi utawa kothak gedhé. Yéhuwah ngandhani ukuran persisé prau gedhé kuwi, bentuké, lan ing bagéan njero lan njaba kudu dilapisi aspal. Terus, Yéhuwah ngandhani Nuh alesané, ”Ingsun bakal nekakaké banjir kang nglimputi bumi . . . sakabèhé kang ana ing bumi bakal mati.” Nanging, Yéhuwah nggawé prajanjian karo Nuh, ”Sira bakal lumebu ing prau iku, sira lan anak-anakira, somahira lan somahé anak-anakira.” Nuh uga kudu nggawa saben jenis kéwan mlebu ing prau gedhé. Mung sing ana ing prau gedhé kuwi sing bakal slamet ngliwati Banjir Gedhé.​—Pd. 6:17-20.

Nuh lan keluargané kerja bebarengan nindakké préntahé Allah

11, 12. Tugas abot apa sing ditampa Nuh, lan piyé tanggepané?

11 Nuh éntuk tugas sing abot. Ukurané prau kuwi gedhé banget, dawané kira-kira 133 mèter, ambané 22 mèter, lan dhuwuré 13 mèter. Prau kuwi luwih gedhé ketimbang prau kayu paling gedhé sing digawé ing jaman saiki. Apa Nuh wegah nindakké tugasé lan sambat merga akèh tantangané, utawa ngowahi rinciané bèn luwih gampang nggawéné? Alkitab njawab, ”Rama Nuh tumuli nglampahi, ngèstokaké apa sadhawuhé Gusti Allah mau kabèh.”​—Pd. 6:22.

12 Gawéan kuwi suwéné nganti puluhan taun, mungkin 40 nganti 50 taun. Ana wit-wit sing kudu ditegor, diangkut, lan balok-balok kayu sing kudu dibelah, dibentuk lan digabungké. Prau gedhé kuwi kudu tingkat telu, ana ruangan-ruangané, lan lawang ing sampingé. Kétoké, ana jendhéla-jendhéla ing bagéan ndhuwuré, uga bagéan atapé digawé rada miring bèn banyu udan ora mlebu ing prau kuwi.​—Pd. 6:14-16.

13. Tugas liya apa sing isa waé luwih akèh tantangané ketimbang mbangun prau gedhé, lan piyé tanggepané wong-wong?

13 Pirang-pirang taun sakwisé kuwi, prau gedhé mau mulai kétok bentuké. Nuh mesthi seneng merga keluargané wis ndhukung. Nanging, ana tugas liya sing isa waé luwih akèh tantangané ketimbang mbangun prau gedhé. Alkitab kandha nèk Nuh kuwi wong sing ”ngabaraké kayektèn”. (Wacanen 2 Pétrus 2:5.) Nuh dadi tuladha sing apik. Dhèwèké kendel ngélingké wong-wong sing jahat lan ora manut sing bakal disirnakké ora suwé manèh. Terus, piyé tanggepané wong-wong? Yésus Kristus kandha nèk wong-wong wektu kuwi ”ora nglegéwa [utawa, ora nggatèkké]”. Kuwi merga wong-wong sibuk banget nindakké kagiyatan saben dina, contoné mangan, ngombé, lan kawin, nganti ora nggatèkké omongané Nuh. (Mt. 24:37-39) Nuh lan keluargané mesthi diécé, malah mungkin diancem lan ditentang nganggo cara kasar. Isa uga, wong-wong kuwi ngupaya ngalang-alangi utawa ngrusak gawéané Nuh.

Senajan Nuh kebukti diberkahi Allah, wong-wong tetep ngécé lan ora nggatèkké omongané Nuh

14. Apa sing isa disinaoni keluarga Kristen jaman saiki saka Nuh lan keluargané?

14 Nanging, Nuh lan keluargané ora nyerah. Nuh lan keluargané tetep mbangun prau gedhé senajan wong-wong ing sakiwa-tengené nganggep gawéan kuwi sepélé, ora umum, utawa bodho. Keluarga Kristen jaman saiki isa sinau saka tuladha imané Nuh lan keluargané. Apa manèh, awaké dhéwé saiki urip ing ”dina-dina wekasan” saka donya sing dikuwasani Iblis. (2 Tm. 3:1) Yésus kandha nèk jaman saiki padha kaya jamané Nuh mbangun prau gedhé. Nèk sikapé wong-wong ora perduli, ngécé, utawa malah nganiaya pas dikandhani bab Kratoné Allah, wong Kristen kudu éling tuladhané Nuh. Wong Kristen dudu sing sepisanan ngadhepi tantangan kaya ngono.

”Padha Lumebua ing Prau”

15. Wektu umuré mèh 600 taun, Nuh ngadhepi apa?

15 Puluhan taun sakbanjuré, prau gedhé kuwi mèh rampung. Pas umuré mèh 600 taun, Nuh ngadhepi rasa kélangan wong sing ditresnani. Bapaké, sing jenengé Lamèkh mati. * Limang taun sakwisé kuwi, bapaké Lamèkh, yaiku simbahé Nuh, jenengé Metusalakh (Metusélah) mati pas umuré 969 taun. Kuwi umur paling dawa sing dicathet ing Alkitab. (Pd. 5:27) Metusalakh lan Lamèkh tau urip sakjaman karo manungsa kapisan, yaiku Adam.

16, 17. (a) Préntah anyar apa sing ditampa Nuh pas umuré 600 taun? (b) Critakna pemandhangan sing ora isa dilalèkké karo Nuh lan keluargané.

16 Pas umuré 600 taun, Nuh éntuk préntah anyar saka Allah Yéhuwah, ”Sira lan sabrayatira [utawa, sakeluargamu] kabèh padha lumebua ing prau.” Gusti Allah uga mréntahké Nuh kanggo nggawa saben jenis kéwan ing njero prau gedhé. Yaiku kéwan sing halal cacahé pitu kanggo kurban, lan kéwan liyané sajodho-sajodho.​—Pd. 7:1-3.

17 Bener-bener pemandhangan sing ora isa dilalèkké. Kétok saka kadohan, éwonan kéwan padha teka gumrudug, ana sing mlakuné cepet, alon, mabur, mbrangkang, mégal-mégol, macem-macem ukuran, bentuk, lan sipaté. Wektu kuwi, Nuh ora perlu susah payah nggiring, bengok-bengok nyeluki kéwan, utawa ngongkon bèn kéwan-kéwan liar gelem mlebu ing prau gedhé. Ing cerita kuwi dikandhakké nèk kéwan-kéwan ”iku padha mara nekani Rama Nuh ana ing prau”.​—Pd. 7:9.

18, 19. (a) Piyé awaké dhéwé isa njawab pitakonan saka wong-wong sing ora gampang percaya bab crita Nuh? (b) Piyé kawicaksanané Yéhuwah kétok saka cara sing Yéhuwah pilih kanggo nylametké kéwan-kéwan?

18 Wong sing ora gampang percaya isa waé takon, ’Kok isa kaya ngono? Piyé carané kéwan-kéwan ora gelut padhahal ana ing sakpanggonan?’ Coba pikirna: Apa angèl kanggoné Pribadi Sing Nggawé jagat saisiné iki, ngatur kéwan sing digawé bèn lulut lan manut nèk dibutuhké? Élinga, Yéhuwah kuwi Gusti Allah sing nggawé kéwan-kéwan. Yéhuwah uga isa mbelah Laut Mérah lan ngendhegké srengéngé. Dadi, Yéhuwah mesthi isa lan pancèn wis nindakké kabèh sing disebutké mau.

19 Yéhuwah isa waé nggunakké cara liya kanggo nylametké kéwan-kéwan. Nanging, Yéhuwah kanthi wicaksana milih cara sing isa ngélingké awaké dhéwé bab tugas sing wis dipercayakké marang manungsa, yaiku ngopèni kéwan-kéwan ing bumi. (Pd. 1:28) Akèh wong tuwa saiki nggunakké crita Nuh kanggo mulang anak-anaké nèk Yéhuwah nganggep aji manungsa lan kéwan-kéwan sing wis digawé.

20. Apa sebabé Nuh lan keluargané saya sibuk pas minggu pungkasan sakdurungé Banjir Gedhé?

20 Yéhuwah ngandhani Nuh nèk Banjir Gedhé bakal kedadéan seminggu manèh. Keluargané Nuh mesthi sibuk banget wektu kuwi. Bayangna keluarga kuwi kudu ngatur lan nyiapké pangan kanggo kéwan-kéwan uga kanggo keluargané Nuh dhéwé. Terus kudu nglebokké barang-barang ing prau gedhé. Bojoné Nuh lan mantu-mantuné mesthi ya sibuk tata-tata, bèn prau gedhé kuwi kepénak dienggoni.

21, 22. (a) Apa sebabé awaké dhéwé ora perlu nggumun ndelok tanggepané wong-wong ing jaman Nuh? (b) Kapan wong-wong mandheg ngécé Nuh lan keluargané?

21 Terus, wong-wong ing kono padha piyé? Wong-wong kuwi tetep ora nggatèkké, padhahal wis ndelok dhéwé bukti nèk Yéhuwah mberkahi Nuh lan upayané. Contoné, wong-wong kuwi isih tetep ora percaya wektu ndelok kéwan-kéwan baris rapi mlebu ing prau gedhé. Tanggepan kaya ngono kuwi ora nggumunké. Wong-wong jaman saiki uga ora nggatèkké akèh bukti nyata sing nduduhké nèk awaké dhéwé urip ing dina pungkasan. Kaya ramalané rasul Pétrus, bakal ana sing ngécé kabèh wong sing nindakké préntahé Allah. (Wacanen 2 Pétrus 3:3-6.) Mesthiné, mbiyèn Nuh lan keluargané ya diécé.

22 Kapan wong-wong kuwi mandheg ngécé? Wektu Nuh wis rampung nggawa mlebu keluargané lan kéwan-kéwan, Alkitab kandha, ”Lawangé prau diinebaké [utawa, ditutup] déning Sang Yéhuwah ana ing saburiné Rama Nuh.” Wektu ndelok iki, wong-wong kuwi mesthi langsung meneng. Nèk isih ngécé, mesthi bakal meneng pas ana udan deres. Udané saya deres, nganti saklumahing bumi banjir, kaya sing wis dingendikakké Yéhuwah.​—Pd. 7:16-21.

23. (a) Apa buktiné nèk Yéhuwah ora seneng mirsani wong-wong jahat mati? (b) Ing jaman saiki, apa sebabé niru imané Nuh kuwi tumindak sing wicaksana?

23 Apa Yéhuwah seneng mirsani wong-wong jahat mati? Ora. (Yk. 33:11) Yéhuwah malah maringi kesempatan wong-wong jahat kuwi bèn ngowahi uripé lan nindakké sing bener. Sakjané, wong-wong kuwi isa slamet nèk nindakké sing padha kaya Nuh, yaiku mlaku karo Gusti Allah lan manut kabèh préntahé, uga ngowahi uripé sing jahat. Mula, imané Nuh isa disebut ngadili donya wektu kuwi merga imané Nuh nduduhké nèk wong-wong kuwi jahat banget lan pantes dihukum. Imané Nuh uga nggawé dhèwèké lan keluargané isa slamet. Panjenengan lan keluarga uga isa slamet, nèk niru imané Nuh. Kaya Nuh, panjenengan isa mlaku karo Gusti Allah lan dadi kancané. Lan kekancan iki isa ana nganti saklawasé.

^ par. 7 Wong-wong wektu kuwi uripé luwih suwé ketimbang awaké dhéwé saiki. Umuré dawa mbokmenawa merga isih cedhak karo urip sing sampurna sing tau diduwèni Adam lan Kawa.

^ par. 15 Lamèkh njenengi anaké, yaiku Nuh, mbokmenawa tegesé ”Lèrèn” utawa ”Panglipuran”. Lamèkh ngramalké nèk Nuh bakal tumindak kaya tegesé jenengé. Nuh bakal nuntun manungsa bèn lèrèn utawa ora rekasa manèh merga lemah sing wis dikutuk Yéhuwah. (Pd. 5:28, 29) Lamèkh ora ndelok kelakoné ramalan iki. Ibuné, adhi-adhiné, mas, lan mbakyuné Nuh isa waé mati merga banjir gedhé.