Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB UTAMA | JARAN PAPAT LAN SING NUNGGANG—APA PENGARUHÉ KANGGO PANJENENGAN?

Jaran Papat lan sing Nunggang—Sapa Waé Kuwi?

Jaran Papat lan sing Nunggang—Sapa Waé Kuwi?

Crita bab jaran papat lan sing nunggang kuwi kétoké anéh lan medèni. Ning, Kitab Suci lan kahanan sing kelakon saiki isa mbantu kita ngerti idèntitasé saben penunggang jaran kuwi. Senajan lakuné patang jaran kuwi dadi tandha bencana sing kelakon ing bumi, kuwi uga isa dadi kabar apik kanggo kita kabèh. Kok isa? Ayo dirembug dhisik idèntitasé saben penunggang jaran kuwi.

SING NUNGGANG JARAN PUTIH

Alkitab kandha, ”Tumuli aku ndeleng: Lah, ana jaran putih, kang nunggang nyekel panah lan nganggo makutha ganjaran. Wong mau banjur maju kaya kang wus unggul banjur ngrebut kaunggulan manèh.”Wahyu 6:2.

Sapa sing nunggang jaran putih kuwi? Buku Wahyu njelaské nèk sing nunggang jaran kuwi disebut ”Sabdaning Allah”. (Wahyu 19:11-13) Kuwi sebutan kanggo Yésus Kristus, sing nyampèkké pangandikané Gusti Allah. (Yokanan 1:1, 14) Dhèwèké uga disebut ”Ratuné para ratu lan Gustiné para gusti”, sarta ”Kang Setya lan Kang Sanyata”. (Wahyu 19:11, 16) Dadi, sing nunggang jaran kuwi nduwé wewenang dadi raja-pejuang, lan ora nggunakké kuwasané kanggo tumindak bejat utawa kasar. Ning, ana pitakonan liyané manèh.

Sapa sing maringi wewenang marang Yésus? (Wahyu 6:2) Nabi Dhanièl éntuk wahyu lan isa ndelok sang Mésias, sing disebut ’putraning manungsa’, diparingi ”pangwaos lan kaluhuran sarta pangwaosing karajan” karo pribadi sing disebut ”Kang Sepuh ing Yuswa”, yaiku Allah Yéhuwah. * (Dhanièl 7:13, 14) Dadi, sing maringi Yésus kuwasa lan wewenang kanggo mréntah lan ngakimi kuwi Gusti Allah sing Mahakuwasa. Ing Kitab Suci, werna putih kerep dadi lambang tumindak adil lan bener. Mula, jaran putih kuwi cocog kanggo nggambarké peperangan sing adil sing dipimpin karo Yésus.Wahyu 3:4; 7:9, 13, 14.

Kapan para penunggang kuwi mulai maju? Penunggang jaran sing kapisan, yaiku Yésus, mulai maju wektu dhèwèké dadi Raja. (Wahyu 6:2) Kapan Yésus dadi Raja ing swarga? Yésus ora langsung dadi Raja wektu balik menyang swarga sakwisé mati. Alkitab kandha nèk Yésus kudu ngentèni dhisik. (Ibrani 10:12, 13) Yésus ngandhani murid-muridé bab tandha-tandha akir jaman lan wiwitané pamréntahané ing swarga. Yésus kandha nèk wektu dhèwèké mulai mréntah, kahanan donya bakal dadi rusak parah. Bakal ana perang, kurang pangan, lan penyakit. (Matéus 24:3, 7; Lukas 21:10, 11) Ora let suwé sakwisé Perang Donya I ing taun 1914, manungsa mulai ngalami jaman rekasa sing disebut ”dina-dina wekasan” ing Alkitab.2 Timotéus 3:1-5.

Ning, apa sebabé kahanan ing bumi dadi saya susah wiwit Yésus dadi raja ing taun 1914? Merga wektu kuwi Yésus durung mréntah ing bumi, ning lagi ing swarga. Yésus, sing disebut Mikhaèl, perang nglawan Sétan ing swarga. Banjur, Sétan lan hantu-hantuné dibuwang menyang bumi. (Wahyu 12:7-9, 12) Sétan nesu banget merga ora isa bali menyang swarga lan ngerti nèk wektuné mung kari sithik. Ora suwé manèh, Gusti Allah pancèn arep nindakké kersané kanggo nyingkirké Sétan saka bumi. (Matéus 6:10) Saiki, ayo ngrembug bab telung penunggang jaran liyané sing mbuktèkké nèk awaké dhéwé pancèn urip ing ”dina-dina wekasan”. Telung penunggang jaran kuwi nggambarké kahanan sing dialami karo kabèh wong ing bumi, kuwi ora kaya jaran sing kapisan mau sing ditunggangi karo pribadi sing idèntitasé cetha.

SING NUNGGANG JARAN ABANG

”Tumuli ana jaran liyané maju, ulesé abang mbranang sarta kang nunggang kaparingan panguwasa ngilangi tentrem-rahayu saka ing bumi, supaya wong padha patèn-pinatènan, lan uga kaparingan pedhang gedhé.”Wahyu 6:4.

Sing nunggang jaran iki nggambarké peperangan. Alkitab kandha nèk dhèwèké ngilangi tentrem rahayu saka saklumahing bumi. Ing taun 1914, mulai ana perang donya sing kapisan. Sakwisé kuwi, ana perang donya kapindho, sing akibaté luwih parah. Wiwit taun 1914, sing mati merga perang lan pertempuran nganggo senjata kira-kira ana luwih saka 100 yuta wong. Lan ana akèh wong liyané sing ngalami luka parah.

Perang saiki wis kelakon ing ngendi-endi. Malah, manungsa saiki sakjané nduwé kemampuan kanggo nyirnakké kabèh manungsa ing bumi. Organisasi sing dibentuk kanggo mujudké kahanan sing rukun, contoné PBB, ora isa ngendhegké lakuné penunggang jaran abang.

SING NUNGGANG JARAN IRENG

”Tumuli aku weruh: lah, ana jaran ireng, kang nunggangi nyekel timbangan. Aku tumuli krungu ana swara ing tengah-tengahé makluk papat iku tembungé: ’Gandum sataker sadinar, lan sair [barli] telung taker sadinar. Ananging aja ngrusakaké lenga [lenga jaitun] lan anggur iku.’”Wahyu 6:5, 6.

Sing nunggang jaran iki nggambarké kahanan kurang pangan. Bahan pangan dadi larang banget nganti sak taker (1.08 L) gandum waé regané sak dinar, kuwi kaya opahé wong kerja sedina ing abad kapisan. (Matéus 20:2) Sak dinar kuwi uga isa kanggo tuku telung taker (3.24 L) barli, wiji sing kwalitasé sak ngisoré gandum. Piyé carané nyukupi kebutuhané sak keluarga gedhé? Wektu kuwi, lenga jaitun lan anggur dadi bahan pokok sing umum. Dadi, wong-wong diélikké supaya ngirit, merga jumlahé bahan pokok mung ana sithik.

Wiwit taun 1914, wis ana akèh bukti nèk sing nunggang jaran ireng wis mulai maju. Kira-kira ana 70 yuta wong sing mati ing abad ke-20 merga kurang pangan. Ana sing nglaporké nèk ”805 yuta wong—kira-kira wong siji saka sangang pendhudhuk ing donya iki—ngalami kurang gizi sing parah ing taun 2012-2014”. Laporan liyané kandha, ”Saben taun, jumlahé wong sing mati merga kurang pangan luwih akèh timbang sing mati merga AIDS, malaria, lan tuberkulosis.” Senajan ana akèh upaya kanggo ngatasi masalah kuwi, jaran ireng lan sing nunggang terus maju.

SING NUNGGANG JARAN IJO-KUNING

”Tumuli aku weruh: lah ana jaran ijo-kuning [”pucet”, Terjemahan Dunia Baru (NW)] siji sarta kang nunggang jenengé si Pati, lan dietutaké déning teleng palimengan [”Kuburan”, NW]. Lan iku padha kaparingan panguwasa matèni isining jagad saprapat srana pedhang, pailan sarta pageblug, tuwin kalawan kéwan-kéwan galak ing bumi.”Wahyu 6:8.

Sing nunggang jaran iki nggambarké pati merga penyakit sing nular lan sebab liyané. Ora let suwé sakwisé taun 1914, ana puluhan yuta wong sing mati merga flu Spanyol. Ana kira-kira 500 yuta wong sing kena penyakit kuwi, lan sing tetep urip mung 1 saka 3 wong.

Ning, ora mung kuwi thok. Para ahli kandha nèk kira-kira ana atusan yuta luwih sing mati merga penyakit cacar ing abad ke-20. Nganti saiki, jutaan wong mati merga AIDS, tuberkulosis, lan malaria, senajan wis ana penelitian mèdis sing intènsif.

Perang, kurang pangan, lan penyakit padha-padha marahi mati. Kuburan kanthi kejem nglumpukké akèh kurban tanpa ana pengarep-arep.

ANA PENGAREP-AREP

Ora suwé manèh kasusahan bakal sirna. Élinga nèk Yésus wis ”maju kaya kang wus unggul” ing taun 1914, wektu nguncalké Sétan menyang bumi. Ning, wektu kuwi Yésus durung ngrampungi tugasé kanggo ”ngrebut kaunggulan”. (Wahyu 6:2; 12:9, 12) Wektu Armagédhon, Yésus bakal nyingkirké pengaruhé Sétan lan nyirnakké wong-wong sing ndhukung Sétan. (Wahyu 20:1-3) Yésus ora mung bakal nyirnakké sing nunggang telung jaran mau, ning uga bakal ndandani karusakan sing diakibatké. Piyé carané? Gatèkna janjiné Alkitab iki.

Peperangan bakal ora ana manèh. Yéhuwah ”kang ngendhakaké peperangan nganti tumeka ing pungkasaning bumi, kang mutung gandhéwa sarta mapakaké tumbak”. (Jabur 46:10) Wong-wong sing seneng urip rukun ”bakal bungah-bungah marga ngrasakaké katentreman kang linuwih”.Jabur 37:11.

Kahanan kurang pangan bakal ora ana manèh. ”Nagari mugi kalubèrana taneman gandum, ingkang katingal ngombak-ombak wonten ing pucaking paredèn.”Jabur 72:16.

Ora suwé manèh Yésus bakal ndandani karusakan sing diakibatké karo telung jaran lan penunggangé

Penyakit lan pati bakal ora ana manèh. Kabèh wong bakal séhat tenan lan urip langgeng. Gusti Allah ”bakal ngusapi sakèhé luh saka ing mripaté, lan bakal ora ana pati manèh; kasusahan lan pasambat apadéné karubedan iya bakal wus ora ana”.Wahyu 21:4.

Wektu ing bumi, Yésus mènèhi conto sing nentremké ati bab kahanan ing pamréntahané. Yésus seneng urip rukun, nggawé mukjijat mènèhi panganan kanggo éwonan wong, nambani sing lara, lan nguripké manèh sing wis mati.Matéus 12:15; 14:19-21; 26:52; Yokanan 11:43, 44.

Seksi-Seksi Yéhuwah seneng nduduhké saka Alkitab carané bèn isa siap sakdurungé pungkasané jaman iki teka. Apa panjenengan gelem sinau luwih akèh?