Langsung mlebu

Apa Waé Tandhané ”Akhir Jaman”?

Apa Waé Tandhané ”Akhir Jaman”?

Jawaban ing Alkitab

 Menurut Alkitab, saiki wis ”akhir jaman”. Ing Alkitab ya dijelaské piyé sipaté wong-wong lan apa waé sing bakal kelakon ing akhir jaman.​—2 Timotius 3:1; Matius 24:3; Danièl 8:19.

Apa waé sing kelakon ing ”akhir jaman”?

 Ing Alkitab disebutké tandha-tandhané akhir jaman. (Lukas 21:7) Misalé:

 Ing endi-endi ana perang. Yésus ngramalké, ”Bangsa bakal nglawan bangsa, lan kerajaan nglawan kerajaan.” (Matius 24:7) Terus, ing Wahyu 6:4 ya diramalké nèk ana wong sing numpak jaran sing nggambarké perang. Menurut Alkitab, dhèwèké ”ngrampas perdamaian saka bumi”.

 Kelaparan. Yésus ngramalké, ”Bakal ana kelaparan.” (Matius 24:7) Ing buku Wahyu ya ana ramalan soal wong sing numpak jaran karo nyekel timbangan. Kuwi nggambarké nèk ana kelaparan ing endi-endi.​—Wahyu 6:5, 6.

 Gempa bumi sing gedhé. Yésus ngramalké nèk bakal ana ”gempa bumi ing endi-endi”. (Matius 24:7; Lukas 21:11) Akibaté, akèh wong dadi susah lan mati.

 Penyakit. Yésus ngomong nèk ing endi-endi bakal ana ”wabah penyakit” sing parah.​—Lukas 21:11.

 Wong jahat. Mémang kèt mbiyèn wis ana wong jahat. Tapi ing akhir jaman tambah ”akèh sing nglanggar hukum”.​—Matius 24:12.

 Bumi tambah rusak. Ing Wahyu 11:18 disebutké nèk bakal ana wong-wong sing ”ngrusak bumi”. Wong-wong kuwi kelakuané ora nggenah. Terus, meréka ya ngrusak lingkungan.

 Kelakuané wong-wong tambah ora nggenah. Ing 2 Timotius 3:1-4 wis diramalké nèk wong-wong bakal ”ora nduwé rasa maturnuwun, ora setya, . . . ora gelem setuju karo wong liya, seneng mitnah, ora isa ngendhalèni dhiri, kejem, sengit karo apa sing apik, seneng ngianati, ngèyèl, sombong”. Saking parahé kelakuané wong-wong, menurut Alkitab keadaané ”bakal angèl diadhepi lan berbahaya”.

 Keluarga ora rukun. Ing 2 Timotius 3:2, 3 wis diramalké nèk akèh wong ”ora sayang karo keluargané”, terus anak-anak ya ”ora manut karo wong tuwa”.

 Ora sayang karo Gusti Allah. Yésus ngramalké, ”Akèh wong suwé-suwé ora nduwé katresnan manèh.” (Matius 24:12) Maksudé, wong-wong padha wis ora sayang manèh karo Gusti Allah. Ing 2 Timotius 3:4 ya diramalké nèk ing akhir jaman, wong-wong ”mung nggolèk senengé dhéwé lan ora nresnani Gusti Allah”.

 Akèh wong munafik. Ing 2 Timotius 3:5 disebutké nèk akèh wong kétoké ngibadah karo Gusti Allah, tapi kelakuané ora sesuai karo pathokané Gusti Allah.

 Pengetahuan sing bener bakal saya akèh. Ing buku Danièl diramalké nèk ing ”akhir jaman”, akèh wong bakal saya ngerti ajaran ing Alkitab. Termasuk soal tandha-tandhané akhir jaman.​—Danièl 12:4.

 Kabar apik diwartakké ing sak donya. Yésus ngramalké, ”Kabar apik soal Kerajaan bakal diumumké ing kabèh wilayah ing bumi.”​—Matius 24:14.

 Akèh wong ora nggagas lan malah ngécé. Yésus ngomong meskipun bukti-buktiné jelas nèk saiki wis akhir jaman, ana akèh sing ora percaya. (Matius 24:37-39) Terus ing 2 Pétrus 3:3, 4 ya disebutké nèk wong-wong ngomong kèt mbiyèn nganti saiki keadaané padha waé.

 Kabèh ramalan ing Alkitab kelakon. Yésus ngomong nèk kabèh tandha-tandha sing disebutké ing Alkitab bakal kelakon ing akhir jaman.​—Matius 24:33.

Apa saiki wis ”akhir jaman”?

 Ya. Akhir jaman kuwi dimulai kèt taun 1914, pas ana Perang Donya I. Buktiné apa? Buktiné saka ramalan ing Alkitab soal taun 1914. Terus, peristiwa-peristiwa sing kelakon saiki ya mbuktèkké nèk saiki wis akhir jaman. Misalé, deloken ing vidéo iki:

 Taun 1914, Kerajaané Gusti Allah mulai mréntah ing swarga. Terus bar kuwi, Sétan karo para pengikuté diusir saka swarga ing bumi. (Wahyu 12:7-12) Merga dipengaruhi karo Sétan, manungsa kelakuané dadi ora nggenah. Makané pas akhir jaman keadaané ”angèl diadhepi lan berbahaya”.​—2 Timotius 3:1.

 Akèh wong dadi susah merga wedi dijahati.

 Tapi sakjané isih ana harapan. Ora suwé manèh Kerajaané Gusti Allah bakal nyingkirké kabèh sing nggawé manungsa susah. (Danièl 2:44; Wahyu 21:3, 4) Awaké dhéwé kudu ngentèni Gusti Allah nepati janjiné kuwi. Awaké dhéwé ya kudu manut kata-katané Yésus, ”Wong sing terus setya nganti akhir, bakal dislametké.”​—Matius 24:13; Mikha 7:7.