Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Aku seneng isa srawung karo cah-cah enom ing jemaat

KUWASANÉ ALKITAB

Olahraga Kuwi Paling Penting Kanggoku

Olahraga Kuwi Paling Penting Kanggoku
  • LAIR TAUN: 1928

  • NEGARA ASAL: KOSTA RIKA

  • MBIYÈNÉ: KECANDUAN OLAHRAGA PROFÉSIONAL LAN JUDHI

MBIYÈN

Wiwit cilik aku manggon ing Puerto Limón, kutha pelabuhan ing pesisir Kosta Rika sisih wétan. Wong tuwaku nduwé anak wolu, lan aku anak nomer pitu. Bapakku mati wektu umurku wolung taun. Dadi, ibuku kudu nggedhèkké anak wolu dhèwèkan.

Wiwit cilik, aku seneng banget main baseball. * Wektu umurku 20-an, aku gabung karo tim liga amatir. Banjur, ana salah siji pencari bakat sing nawani aku main ing tim profésional ing Nikaragua. Ning, aku ora gelem manggon ing Nikaragua, merga kudu ngopèni ibuku sing lara-laranen. Sakbanjuré, ana pencari bakat liyané sing ngundang aku mèlu main ing tim baseball nasional Kosta Rika, sing isiné para pemain liga amatir sing wis dipilih. Aku gelem nampa undangan kuwi. Saka taun 1949 tekan 1952, aku mèlu akèh pertandingan ing Kuba, Meksiko, lan Nikaragua. Aku dadi baseman sing trampil lan isa main 17 pertandingan terus-terusan tanpa nggawé kesalahan. Aku seneng banget wektu wong-wong padha nyoraki jenengku.

Sayangé, aku uga nglakoni urip sing bejat. Aku nduwé pacar ora mung siji thok. Aku uga seneng mendem. Wis tau aku mendem nganti ora sadhar, ngerti-ngerti sésuké aku wis ana ing omah, ning ora ngerti piyé caraku mulih. Aku uga seneng main lotré lan judhi domino.

Wektu kuwi, ibuku dadi Seksi Yéhuwah. Dhèwèké ngupaya bèn aku gelem sinau Alkitab. Ning, aku durung nduwé minat merga wektu kuwi uripku mung kanggo olahraga. Malah, nèk lagi latihan, aku ora éling mangan lan ora krasa luwé. Baseball kuwi sing paling penting kanggoku.

Ning, wektu umur 29, aku ngalami cilaka sing parah pas arep nyekel bal wektu lagi main. Sakwisé mari, aku mandheg dadi pemain profésional. Senajan ngono, aku tetep dadi pelatih kanggo tim liga amatir ing cedhak omahku.

CARANÉ ALKITAB MBANTU AKU

Ing taun 1957, aku nampa undangan lan teka ing kebaktiané Seksi Yéhuwah sing dianakké ing stadion sing mbiyèn tak nggo main baseball. Wektu lungguh, aku nggatèkké nèk para Seksi kuwi sopan-sopan lan tertib. Kuwi béda banget karo para penonton pertandingan baseball sing padha urakan. Kuwi nggawé aku dadi gelem sinau Alkitab karo Seksi Yéhuwah lan teka ing pakumpulan ibadah.

Aku tertarik karo akèh ajarané Alkitab sing tak sinaoni. Contoné, Yésus ngramalké nèk ing dina-dina pungkasan, para muridé bakal martakké kabar apik bab Kratoné Allah ing saklumahing bumi. (Matéus 24:14) Aku uga sinau nèk wong Kristen sejati ora nggolèk keuntungan matèri wektu nginjil. Yésus kandha, ”Kowé padha nampani kanthi lelahanan [tanpa mbayar], mulané wènèhna kanthi lelahanan uga.”Matéus 10:8.

Aku mbandhingké apa sing tak sinaoni saka Alkitab karo tumindaké Seksi-Seksi Yéhuwah. Aku kagum karo upayané para Seksi sing mempeng nginjil ing saklumahing bumi. Yésus wis mréntahké para muridé bèn dadi wong sing loma. Aku nggatèkké nèk para Seksi manut karo kandhané Yésus kuwi. Mula, aku gelem dadi Seksi Yéhuwah wektu maca undangané Yésus ing Markus 10:21 sing kandha, ’Mèlua aku!’

Aku pancèn butuh wektu kanggo ngetrapké apa sing tak sinaoni. Contoné, wis pirang-pirang taun, aku senengané main lotré lan masang nomer ”keberuntunganku” saben minggu. Ning, saka Alkitab aku sinau nèk Gusti Allah sengit karo wong-wong sing nyembah ”allah Keberuntungan”, sing dipadhakké karo wong srakah. (Yésaya 65:11, Terjemahan Dunia Baru; Kolosé 3:5) Dadi, aku mutuské mandheg main judhi. Dina Minggu sakwisé kuwi, jebulé nomer ”keberuntunganku” menang. Wong-wong padha ngelokké aku merga ora masang nomer kuwi lan padha meksa aku bèn main manèh. Ning, aku wis ora gelem main judhi manèh.

Taun 1958, aku dibaptis ing kebaktiané Seksi Yéhuwah. Pas dinané dibaptis, aku ngalami tantangan manèh kanggo upayaku ninggalké urip sing lawas. (Éfesus 4:24) Benginé, wektu bali menyang hotèl sing tak nggo nginep, mantan pacarku wis ngentèni ing ngarep lawang kamar. Dhèwèké meksa aku, ”Ayo seneng-seneng, Sammy!” Ning, aku langsung nolak lan kandha nèk saiki aku urip manut pathokan Alkitab. (1 Korinta 6:18) Dhèwèké ora trima lan malah ngrèmèhké pandhangan Alkitab bab hubungan sèksual sing ora sah. Dhèwèké uga meksa aku bèn dadi pacaré manèh. Ning, aku langsung mlebu kamar lan tak kunci lawangé. Wiwit dibaptis nganti saiki, aku seneng banget merga wis isa ngowahi uripku lan tetep setya.

PAÉDAHÉ KANGGOKU

Paédah sing tak rasakké merga manut karo pathokané Alkitab kuwi akèh banget, nganti nèk tak tulis mbokmenawa isa dadi sak buku. Contoné, aku saiki nduwé akèh kanca sing tulus ati, urip sing aji, lan rasa bungah sing sejati.

Aku isih seneng baseball, ning kuwi ora dadi bab sing utama kanggoku. Nèk main baseball, aku isa dadi sugih lan terkenal, ning kuwi ora langgeng. Sing isa langgeng yaiku hubunganku karo Gusti Allah saiki lan para sedulur seiman. Alkitab kandha, ”Donya iki lan kamélikané nedhengé sirna, nanging sapa kang nglakoni karsané Gusti Allah iku tetep urip ing salawas-lawasé.” (1 Yokanan 2:17) Tresna marang Yéhuwah lan umaté kuwi dadi bab sing paling penting kanggoku saiki.

[Katrangan Tambahan]

^ par. 9 Baseball kuwi olahraga sing dimainké karo rong tim. Sak tim isiné sangang wong. Salah siji pemain nguncalké bal cilik lan pemain saka tim lawan nggebug bal kuwi nganggo kayu sing diarani bat.