Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Jeneng Tattannu ditulis ing pinggiré watu sing ditatah iki

Penemuan sing Dadi Bukti

Penemuan sing Dadi Bukti

Apa ana bukti arkéologi sing ndhukung cathetan Alkitab? Ing taun 2014, salah siji artikel ing majalah Biblical Archaeology Review takon, ”Ana pirang wong sing disebutké ing Kitab-Kitab Ibrani sing uga ana ing bukti arkéologi?” Jawabané, ”Paling ora ana 50.” Salah siji sing ora disebutké ing artikel kuwi yaiku Tatnai. Sapa kuwi Tatnai? Ayo ngrembug tugasé Tatnai sing dicritakké ing Alkitab.

Yérusalèm wis tau dadi bagéan saka Imperium Pèrsia. Kutha kuwi ana ing dhaérah sing disebut Seberang Sungai, ing sak kuloné kali Éfrat. Sakwisé ngalahké Babil, wong-wong Pèrsia mbébaské wong Yahudi saka pembuwangan lan mènèhi ijin kanggo mbangun manèh baité Yéhuwah ing Yérusalèm. (Ézra 1:1-4) Ning, para mungsuhé wong Yahudi nentang proyèk kuwi lan malah nudhuh nèk wong Yahudi mbrontak marang Pèrsia. (Ézra 4:4-16) Ing pamréntahané Darius I (522-486 SM), ana pejabat Pèrsia sing jenengé Tatnai sing nliti masalah kuwi. Alkitab nyebut wong kuwi ”bupati ing sakuloné bengawan Éfrat”.—Ézra 5:3-7.

Ana tulisan-tulisan sing ditatah ing watu, sing nyebutké jenengé Tatnai, sing isih ana nganti saiki merga disimpen karo keluargané Tatnai. Salah siji tulisan kuwi isiné cathetan perjanjian sing dianakké ing taun kaping 20 saka pamréntahané Darius I, yaiku taun 502 SM. Ing kono disebutké salah siji seksi saka prajanjian kuwi, yaiku abdiné ”Tattannu, gubernur saka Seberang-Sungai”. Tattannu kuwi disebut Tatnai ing buku Ézra ing Alkitab.

Apa tugasé Tatnai? Ing taun 535 SM, Korès Agung mbagi dhaérah kekuwasaané dadi propinsi-propinsi. Salah siji propinsi disebut ”Babilon lan Seberang-Sungai”. Propinsi kuwi dibagi dadi loro, salah sijiné disebut Seberang Sungai. Sing klebu ing propinsi kuwi yaiku Sele-Siria, Fénisia, Samaria, lan Yéhuda. Pusat pamréntahané kétoké ana ing Damaskus. Tatnai dadi gubernur ing kono kira-kira saka taun 520 tekan 502 SM.

Tatnai lunga menyang Yérusalèm kanggo nliti tudhuhan marang wong Yahudi mau. Banjur, Tatnai nglaporké marang Darius nèk wong-wong Yahudi wis éntuk ijin saka Korès kanggo mbangun manèh baité Yéhuwah. Tatnai wis nliti arsip-arsipé kerajaan lan mbenerké bab kuwi. (Ézra 5:6, 7, 11-13; 6:1-3) Dadi, Tatnai dikongkon supaya ora ngganggu proyèk kuwi, lan dhèwèké manut.—Ézra 6:6, 7, 13.

Cathetan bab ”Tatnai, bupati ing sabrang kuloné bengawan Éfrat”, ora pati dikenal ing sejarah. Ning, Alkitab nyebutké Tatnai lan jabatané kanthi cetha. Kuwi dadi salah siji bukti nèk penemuan arkéologi bola-bali mbuktèkké nèk cathetan Alkitab kuwi pancèn bener.