Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Apa Térorisme Bakal Ana Terus?

Apa Térorisme Bakal Ana Terus?

 Pas ana téroris, njenengan mungkin mikir, ’Jané Gusti Allah kuwi perduli ora, ta? Ngapa kok ana kaya ngéné? Apa térorisme a bakal ana terus? Piyé carané bèn aku ora wedi?’ Ayo dibahas jawaban ing Alkitab.

Apa Gusti Allah seneng karo térorisme?

 Gusti Allah ora seneng karo térorisme. (Mazmur 11:5; Wulang Bebasan 6:16, 17) Terus, Yésus ya tau nyenèni muridé sing kejem karo wong liya. (Matius 26:50-52) Meskipun ana téroris sing ngomong nèk kuwi kanggo Gusti Allah, tapi jané Gusti Allah ora seneng. Malah, dongané wong kuwi ya ora dirungokké.​—Yésaya 1:15.

 Gusti Allah perduli karo wong-wong sing susah, termasuk sing dadi korban térorisme. (Mazmur 31:7; 1 Pétrus 5:7) Menurut Alkitab, Gusti Allah bakal nyingkirké kabèh wong sing jahat.​—Yésaya 60:18.

Ngapa kok ana térorisme?

 Menurut Alkitab, kuwi merga ”manungsa nguwasani manungsa liyané mulané dadi sengsara”. (Pengkhotbah 8:9) Kèt mbiyèn, ana wong sing kejem karo wong liya bèn wong liya manut karo dhèwèké. Terus akibaté, wong sing dadi korban kuwi akhiré mbales.​—Pengkhotbah 7:7.

Térorisme ora bakal ana manèh

 Gusti Allah janji nèk bakal nyingkirké térorisme, dadi ora perlu wedi manèh. (Yésaya 32:18; Mikha 4:3, 4) Dhèwèké bakal:

  •   Nyingkirké wong jahat. Kabèh pamréntahané manungsa bakal disingkirké karo Gusti Allah, terus diganti karo pamréntahané. Rajané kuwi Yésus Kristus. Yésus kuwi raja sing adil lan bakal nyingkirké wong jahat. (Mazmur 72:2, 14) Dadi, mengko ora ana manèh téroris. Wong-wong ”bakal seneng merga ngrasa ayem banget”.​—Mazmur 37:10, 11.

  •   Nggawé sing tau dadi korban térorisme ora sedhih manèh. Sing dadi korban térorisme mungkin trauma utawa luka-luka, tapi sukmbèn kuwi kabèh bakal disingkirké karo Gusti Allah. (Yésaya 65:17; Wahyu 21:3, 4) Terus, wong sing mati ya bakal diuripké manèh.​—Yohanes 5:28, 29.

 Ing Alkitab ana akèh bukti nèk ora suwé manèh Gusti Allah bakal nyingkirké wong jahat. Tapi mungkin njenengan mikir, ’Ngapa kok ora saiki waé?’ Bèn isa ngerti jawabané, deloken vidéo Kenapa Kasusahan Isih Ana Nganti Saiki?

a Ana akèh pendapat soal térorisme. Akèh sing ngomong nèk térorisme kuwi maksudé kekerasan utawa ancaman kekerasan sing tujuané nggawé wong-wong dadi wedi lan bèn ana perubahan soal politik, agama, utawa sosial. Biasané sing dadi korban kuwi masyarakat.