Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Apa sing Bakal Ditindakké Kratoné Allah?

Apa sing Bakal Ditindakké Kratoné Allah?

Yésus mulang para muridé kanggo ndongakké bèn Kratoné Allah teka. Yésus ngerti nèk masalah sing ana ing bumi iki dudu kepénginané Gusti Allah lan mung Kratoné Allah sing isa nyingkirké kabèh masalah. Mula, apa sing bakal ditindakké Kratoné Allah?

SING WIS DITINDAKKÉ KRATONÉ ALLAH

Ing artikel sakdurungé, awaké dhéwé wis ngrembug soal tandha sing diomongké karo Yésus. Tandha kuwi dadi bukti sing nyata nèk Kratoné Allah wis mréntah ing swarga lan Yésus sing dadi Rajané.

Alkitab ngomong nèk Yésus ngusir Sétan lan para hantuné saka swarga sakwisé dhèwèké dadi Raja. Saiki, Sétan lan para hantuné mung isa mengaruhi sing ana ing bumi. Kuwi sebabé ana akèh kesusahan ing bumi kèt taun 1914.​—Wahyu 12:7, 9.

Senajan keadaan donya dadi saya susah, Yésus sing wis dadi Raja Kratoné Allah mènèhi bantuan kanggo manungsa. Ana pendidikan Alkitab sak donya sing mbantu wong-wong ngerti lan isa ngetrapké pathokané Alkitab. (Yésaya 2:2-4) Wong-wong kuwi sinau carané nduwé pandhangan sing seimbang soal dhuwit lan carané bèn keluargané isa bahagia. Merga sinau Alkitab, wong-wong kuwi isa ngrasakké manfaaté saiki lan ya nduwé harapan kanggo dadi rakyat Kratoné Allah.

SING BAKAL DITINDAKKÉ KRATONÉ ALLAH

Senajan Yésus wis mréntah ing swarga, manungsa isih mréntah manungsa liyané. Ning, Gusti Allah ngomong karo Yésus, ”Kowé kudu marani lan ngalahké mungsuh-mungsuhmu.” (Jabur 110:2, Terjemahan Dunia Baru) Ora suwé manèh, Yésus bakal nyingkirké kabèh mungsuhé lan nylametké wong-wong sing manut.

Wektu kuwi, apa waé sing bakal disingkirké karo Kratoné Allah?

  • Agama palsu. Agama-agama sing kèt mbiyèn mulangké ajaran palsu lan nggawé wong-wong susah bakal disingkirké. Alkitab nggambarké agama palsu kuwi kaya pelacur. Wong-wong bakal kagèt wektu kuwi disingkirké.​—Wahyu 17:15, 16.

  • Pamréntahané manungsa. Kratoné Allah bakal nyingkirké kabèh pamréntahané manungsa.​—Wahyu 19:15, 17, 18.

  • Wong-wong sing jahat. Wong-wong sing jahat lan ora gelem manut pamréntahané Gusti Allah bakal diapakké? Alkitab ngomong, ”Para wong duraka bakal padha kasirnakaké saka ing tanah iku.”​—Wulang Bebasan 2:22.

  • Sétan lan hantu-hantu. Sétan lan hantu-hantu bakal diuncalké ing jurang sing jero banget bèn ora isa ”nyasarké manèh bangsa-bangsa”.​—Wahyu 20:3, 10.

Nèk iki kabèh wis kelakon, berkah apa sing bakal ditampa karo wong-wong sing manut Kratoné Allah?

BERKAH SING DIHASILKÉ KRATONÉ ALLAH KANGGO MANUNGSA

Wektu dadi Raja ing swarga, Yésus bakal nindakké luwih akèh ketimbang kabèh pamréntahané manungsa. Dhèwèké bakal dibantu karo 144.000 wong sing dipilih saka bumi. (Wahyu 5:9, 10; 14:1, 3) Yésus bakal nggawé kepénginané Gusti Allah kelakon ing bumi. Berkah apa waé sing bakal ditampa karo rakyat Kratoné Allah?

  • Ora bakal lara, tuwa, lan mati. ”Ora ana wong siji-sijia kang bakal celathu ana ing kono: ’Aku lara’” lan ”pati ora bakal ana manèh”.​—Yésaya 33:24; Wahyu 21:4.

  • Ngrasakké keadaan sing bener-bener damai lan aman. ”Anakira . . . bakal kadunungan karahayon gedhé” lan ”bakal lungguh ana ing sangisoré wité anggur dhéwé, lan ana ing sangisoring wité anjir dhéwé lan ora ana wong kang gawé kagèté”.​—Yésaya 54:13; Mikha 4:4.

  • Nduwé gawéan sing nyenengké. ”Para pepilihaningSun bakal padha ngrasakaké nikmating gegawéané tangané. Anggoné padha nglakoni rekasa ora bakal tanpa guna.”​—Yésaya 65:22, 23.

  • Urip ing lingkungan sing resik. ”Ara-ara samun [utawa, padhang belantara] lan palemahan mati bakal padha bungah, pasamunan bakal surak-surak lan metokaké kembang.”​—Yésaya 35:1.

  • Isa sinau carané urip saklawasé. ”Kanggo éntuk urip langgeng, wong-wong kudu kenal karo Panjenengan, siji-sijiné Gusti Allah sing sejati, lan kenal karo Yésus Kristus sing Panjenengan utus.”​—Yohanes 17:3.

Gusti Allah péngin njenengan éntuk kabèh berkah kuwi. (Yésaya 48:18) Artikel sakbanjuré bakal njelaské apa sing kudu njenengan tindakké bèn isa éntuk kabèh berkah kuwi.