Langsung mlebu

Apa Kelakuané Wong-Wong Saiki Mémang Wis Diramalké ing Alkitab?

Apa Kelakuané Wong-Wong Saiki Mémang Wis Diramalké ing Alkitab?

Jawaban ing Alkitab

 Ya, ing Alkitab wis diramalké nèk saiki akèh-akèhé wong kelakuané bakal dadi tambah jahat merga ora gelem manut pathokané Gusti Allah. a (2 Timotius 3:1-5) Tapi ing Alkitab ya diramalké nèk ana wong-wong sing ora bakal mèlu-mèlu wong-wong sing jahat kuwi mau. Merga manut Gusti Allah, wong-wong kuwi berusaha bèn pikiran lan tingkah lakuné sesuai karo sing dikarepké Gusti Allah.​—Yésaya 2:2, 3.

Ing artikel iki bakal dibahas:

 Ing Alkitab ana ramalan apa soal kelakuané wong-wong ing jaman saiki?

 Ing Alkitab dijelaské nèk akèh wong dadi jahat merga mung mikirké kepentingané dhéwé. Wong-wong kuwi dadi ”ora isa ngendhalèni dhiri”, ”mung mikirké kepentingané dhéwé”, lan ”mung nggolèk senengé dhéwé lan ora nresnani Gusti Allah”.​—2 Timotius 3:2-4.

 Ramalan kuwi kelakon saiki. Wong-wong mung mikirké kepentingané dhéwé lan nggolèk untungé dhéwé. Mulané kelakuané ya dadi tambah parah. Malah, wong-wong kuwi ya ”sengit karo apa sing apik”. Maksudé, ora seneng nèk ana wong sing sipaté apik. Terus merga ”ora nduwé rasa maturnuwun”, wong-wong kuwi ya ora tau bersyukur lan ora menghargai nèk wis dibantu utawa dikèki wong liya.​—2 Timotius 3:2, 3.

 Merga mung mikirké kepentingané dhéwé, akhiré wong-wong dadi:

  •   Srakah. Wong-wong sing ”ngutamakké harta” nganggep nèk suksès kuwi ya kudu sugih.​—2 Timotius 3:2.

  •   Sombong. Akèh wong saiki ”nyombongké dhiri”, ”rumangsa hébat”, lan ”sombong”. (2 Timotius 3:2, 4) Misalé, ana sing pamèr nèk pinter utawa sugih, lan pamèr nèk wis mbantu wong liya.

  •   Seneng ngèlèk-èlèk. Akèh wong saiki ”seneng ngrèmèhké” lan ”seneng mitnah”. (2 Timotius 3:2, 3) Sing dièlèk-èlèk lan difitnah kuwi ora mung wong liya, tapi ya Gusti Allah.

  •   Ngèyèl. Akèh wong ”ora setya”, ”ora gelem rukun”, ”seneng ngianati”, lan ”ngèyèl”. (2 Timotius 3:2-4, ctn.) Nèk ana masalah, wong-wong kuwi ora gelem dijak ngrampungi masalahé. Terus, wong-wong kuwi ya ora nepati janji.

  •   Kejem. Merga gampang nesu, akèh wong saiki dadi ”kejem”.​—2 Timotius 3:3.

  •   Nglanggar hukum. Yésus ngramalké nèk saiki bakal ana ”akèh sing nglanggar hukum”. (Matius 24:12) Dhèwèké ya ngramalké nèk bakal ana akèh ”gègèran”, utawa ”pembrontakan”.​—Lukas 21:9, ctn.

  •   Ora sayang keluarga. Merga ”ora manut karo wong tuwa” lan ”ora sayang karo keluargané”, ana sing nganti ora perduli karo keluargané utawa malah KDRT.​—2 Timotius 3:2, 3.

  •   Munafik. Akèh wong saiki nèk ”ing ngarepé wong liya kétoké ngibadah marang Gusti Allah”, tapi sakjané ora manut. (2 Timotius 3:5) Wong-wong kuwi mung bakal manut nèk ajarané cocog karo karepé.​—2 Timotius 4:3, 4.

 Merga akèh sing mung mikirké kepentingané dhéwé, wong-wong dadi piyé?

 Akèh wong saiki dadi strès banget. (Pengkhotbah 7:7) Misalé, ana sing diapusi karo wong sing seneng ngutamakké harta. Ana manèh sing dadi korban KDRT, terus dadi strès utawa malah péngin bunuh diri. Terus ya ana wong sing dadi ora isa percaya karo wong liya merga tau dikhianati.

 Ngapa kok saiki kelakuané akèh wong dadi tambah parah?

 Ing Alkitab dijelaské alesané:

  •   Akèh wong wis ora sayang karo Gusti Allah lan wong liya. (Matius 24:12) Makané, wong-wong kuwi mung dadi mikirké kepentingané dhéwé.

  •   Sétan wis diusir saka swarga lan mung éntuk ing bumi. (Wahyu 12:9, 12) Terus, dhèwèké mengaruhi bèn wong-wong mung mikirké kepentingan dhéwé kaya dhèwèké.​—1 Yohanes 5:19.

 Terus awaké dhéwé kudu piyé?

 Menurut Alkitab, awaké dhéwé kudu ”ngedohi wong-wong sing kaya ngono kuwi”. (2 Timotius 3:5) Kuwi ora berarti awaké dhéwé ora gelem ketemu karo sapa-sapa. Tapi, awaké dhéwé ora bakal dadi kancané wong-wong sing mung mikirké kepentingané dhéwé lan ora manut karo Gusti Allah.​—Yakobus 4:4.

 Apa kabèh wong bakal dadi jahat?

 Ora. Menurut Alkitab, ana wong-wong sing ”sambat lan susah merga kabèh perkara njijiki sing ditindakké” wong jahat. (Yèhèzkièl 9:4) Wong-wong kuwi tetep manut Gusti Allah lan ora mikirké kepentingané dhéwé. Omongan lan tingkah lakuné wong-wong kuwi béda karo liyané. (Maléakhi 3:16, 18) Misalé, wong-wong kuwi berusaha bèn tetep rukun, ora mèlu perang, lan ora kejem.​—Mikha 4:3.

 Apa keadaan ing donya bakal dadi parah banget?

 Ora. Keadaan ing donya ora bakal dadi parah banget. Ora suwé manèh, Gusti Allah bakal nyingkirké wong-wong sing sengaja nglanggar hukumé Gusti Allah. (Mazmur 37:38) Dhèwèké bakal nggawé ”bumi anyar”. Maksudé, wong-wong sing gelem manut karo Gusti Allah bakal urip saklawasé ing bumi. (2 Pétrus 3:13; Mazmur 37:11, 29) Kuwi bakal bener-bener kelakon. Malah, saiki waé wis ana wong-wong sing berhasil bèn tingkah lakuné sesuai kaya sing dikarepké Gusti Allah merga sinau Alkitab.—Éfésus 4:23, 24.

a Ing Alkitab wis diramalké nèk ”ing akhir jaman, keadaané bakal angèl diadhepi lan berbahaya”. (2 Timotius 3:1) Keadaan ing donya saiki mbuktèkké nèk kuwi wis kelakon. Nèk péngin ngerti luwih akèh, wacanen artikel ”Apa Saja Tanda ’Hari-Hari Terakhir’, atau ’Akhir Zaman’?