Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Apa Waé Sipat-Sipaté Gusti Allah?

Apa Waé Sipat-Sipaté Gusti Allah?

Awaké dhéwé isa saya akrab karo kanca nèk ngerti sipat-sipaté. Mula, awaké dhéwé ya isa saya akrab karo Yéhuwah nèk ngerti sipat-sipaté. Yéhuwah nduwé papat sipat sing utama, yaiku kuwasa, kawicaksanan, keadilan, lan katresnan.

KUWASANÉ GUSTI ALLAH

”Dhuh Pangeran Yéhuwah! Saèstu Paduka punika ingkang nitahaken langit tuwin bumi, kaliyan karosan Paduka ingkang ageng.”​YÉRÉMIA 32:17.

Awaké dhéwé isa ngerti sepira gedhéné kuwasané Yéhuwah nèk ndelok ciptaané. Contoné, awaké dhéwé isa ngrasakké panasé sinar matahari nèk ngadeg ing njaba omah ing wayah awan. Kuwi bukti kuwasané Yéhuwah sing isa awaké dhéwé rasakké. Sepira panasé matahari? Suhu ing inti matahari kira-kira 15 yuta derajat Celsius. Saben detik, matahari ngetokké energi sing padha kaya ledakan atusan yuta bom nuklir.

Ning, matahari kuwi ukurané luwih cilik nèk dibandhingké karo jutaan bintang liyané. Ana ilmuwan sing ngomong nèk ana bintang sing jenengé UY Scuti. Ukurané bintang kuwi kira-kira ping 1.700 luwih gedhé ketimbang matahari. Nèk posisiné matahari digantèni UY Scuti, planèt bumi lan orbité Jupiter bakal ana ing njeroné. Conto iki nggawé awaké dhéwé ngerti nèk Yéhuwah nggunakké kuwasané sing gedhé banget wektu nyiptakké jagad raya.

Manfaat saka kuwasané Gusti Allah. Uripé awaké dhéwé bergantung karo ciptaané Yéhuwah, contoné matahari lan sumber daya alam liyané ing bumi. Yéhuwah ya nggunakké kuwasané kanggo mbantu manungsa. Contoné, wektu Yésus ing bumi, Gusti Allah mènèhi kuwasané marang Yésus kanggo nindakké mukjijat. Alkitab kandha, ”Wong wuta isa ndelok, wong lumpuh isa mlaku, wong lara kusta dimarèkké, wong budheg isa krungu, wong mati diuripké manèh.” (Matius 11:5) Piyé ing jaman saiki? Alkitab kandha, ”Panjenengané paring kakuwatan marang kang sayah.” Alkitab ya kandha, ”Wong kang padha nganti-anti marang Pangéran Yéhuwah kaparingan kakuwatan anyar.” (Yésaya 40:29, 31) Gusti Allah isa mènèhi ”kesanggupan sing nggumunké” bèn awaké dhéwé isa ngadhepi masalah sing abot. (2 Korintus 4:7) Awaké dhéwé mesthi péngin akrab karo Gusti Allah sing gelem nggunakké kuwasané kanggo mbantu awaké dhéwé.

KAWICAKSANANÉ GUSTI ALLAH

”Saèstu kathah sanget yeyasan Paduka punika, dhuh Yéhuwah, sadaya wau sami Paduka titahaken klayan kawicaksanan.”​JABUR 104:24.

Wektu nggatèkké ciptaané Yéhuwah, awaké dhéwé isa saya ngerti nèk Yéhuwah kuwi wicaksana banget. Ana bidang studi sing disebut biomimetika, utawa biomimikri. Ing bidang studi kuwi, para ilmuwan nliti lan niru ciptaané Yéhuwah bèn rancangané dadi luwih apik. Para ilmuwan ngetrapké kuwi kanggo nggawé barang sing sederhana, misalé lém, nganti barang sing rumit, misalé pesawat.

Mripaté manungsa kuwi rancangan sing luar biasa

Badané manungsa kuwi bukti kawicaksanané Yéhuwah sing luar biasa. Contoné, perkembangané bayi sakdurungé lair. Awalé, ana siji sèl sing dibuahi. Ing sèl kuwi ana rancangan sing dibutuhké kanggo mbentuk badané manungsa. Siji sèl kuwi dadi saya akèh, lan bentuké sèl-sèl kuwi mèh padha. Ning, akhiré sèl-sèl kuwi nduwé bentuk lan kegunaan sing béda-béda, misalé ana sing dadi sèl darah, sèl saraf, lan sèl tulang. Terus, sèl-sèl kuwi mulai dadi organ sing akhiré isa berfungsi. Dadi, siji sèl isa berkembang dadi bayi mung ing sangang sasi. Prosès kuwi bener-bener nduduhké kawicaksanané Yéhuwah. Mula, akèh wong sing setuju karo Daud sing kandha, ”Kawula ngucap sokur dhumateng Paduka margi èlok ngébat-ébati kadadosan kawula.”​—Jabur 139:14.

Manfaat saka kawicaksanané Gusti Allah. Yéhuwah ngerti apa sing awaké dhéwé butuhké bèn isa bahagia. Mula, Yéhuwah nyedhiakké naséhat sing wicaksana ing Alkitab. Contoné, Alkitab kandha, ”Terusa sabar lan padha ngapurani kanthi tulus marang siji lan sijiné.” (Kolosé 3:13) Naséhat kuwi pancèn wicaksana. Para dokter kandha nèk wong sing seneng ngapura, turuné isa angler lan ora nduwé tekanan darah tinggi. Kuwi ya isa ngurangi strès lan masalah keséhatan liyané. Gusti Allah bener-bener kaya kanca sing wicaksana lan perduli. Dhèwèké terus mènèhi bantuan lan naséhat sing ana manfaaté. (2 Timotius 3:16, 17) Awaké dhéwé mesthi péngin nduwé kanca sing kaya ngono, ta?

KEADILANÉ GUSTI ALLAH

”Yéhuwah nresnani kaadilan.”​JABUR 37:28.

Gusti Allah kuwi adil. Alkitab kandha, ”Nglengkara [utawa, ora mungkin] yèn Gusti Allah nindakaké piala, utawa yèn Kang Mahakwasa tumindak culika.” (Ayub 34:10) Sing nulis Jabur ya kandha nèk Yéhuwah kuwi adil wektu ngakimi wong. (Jabur 67:5) Yéhuwah ora isa diapusi merga ’Yéhuwah mirsani isining ati’. Mula, Yéhuwah isa adil wektu ngakimi lan isa nggawé keputusan sing bener. (1 Samuèl 16:7) Yéhuwah ya isa ngerti kabèh tumindak jahat lan ora adil sing ana ing bumi. Yéhuwah janji nèk ”wong duraka bakal padha kasirnakaké”.​—Wulang Bebasan 2:22.

Ning, Yéhuwah kuwi dudu hakim sing seneng ngukum. Alkitab kandha, ”Yéhuwah kuwi nduwé welas asih lan sabar.” Yéhuwah nduduhké welas asihé marang wong-wong jahat sing mertobat.​—Jabur 103:8; 2 Pétrus 3:9.

Manfaat saka keadilané Gusti Allah. Rasul Pétrus ngomong, ”Gusti Allah ora mbédak-mbédakké wong, nanging kabèh wong saka bangsa ngendi waé sing wedi marang Gusti Allah lan nindakké apa sing bener ditampa Panjenengané.” (Kisah 10:34, 35) Yéhuwah kuwi adil merga ora tau mbédak-bédakké wong. Senajan ras, bangsa, pendidikan, utawa status sosialé béda-béda, awaké dhéwé isa dadi abdiné Gusti Allah.

Senajan ras utawa status sosialé béda-béda, awaké dhéwé isa éntuk manfaat saka keadilané Yéhuwah

Yéhuwah mènèhi awaké dhéwé hati nurani bèn awaké dhéwé isa ngerti soal keadilané. Alkitab kandha nèk hati nurani kuwi kaya hukum sing ”katulis ing njero ati” sing ”mènèhi kesaksian” wektu awaké dhéwé tumindak salah, utawa bener. (Roma 2:15) Apa manfaaté? Hati nurani sing dilatih isa mbantu awaké dhéwé ngedohi bahaya utawa nolak tumindak sing ora bener. Wektu awaké dhéwé nggawé salah, hati nurani isa mbantu awaké dhéwé mertobat lan nindakké sing bener. Dadi, hati nurani isa mbantu awaké dhéwé ngerti keadilané Yéhuwah, yaiku soal endi sing bener lan sing salah. Kuwi mbantu awaké dhéwé isa akrab karo Gusti Allah.

KATRESNANÉ GUSTI ALLAH

”Gusti Allah kuwi katresnan.”​—1 YOHANÉS 4:8.

Senajan isa nduduhké kuwasa, kawicaksanan, lan keadilan, Alkitab ora kandha nèk Gusti Allah kuwi kuwasa, kawicaksanan, lan keadilan. Ning, Alkitab kandha nèk Gusti Allah kuwi katresnan. Apa maksudé? Kuwasa nggawé Gusti Allah isa tumindak. Kawicaksanan lan keadilan nuntun tumindaké. Ning, katresnané Yéhuwah kuwi sing dadi dhasar kabèh tumindaké.

Yéhuwah sakjané ora butuh apa-apa. Ning, merga tresna, Yéhuwah nyiptakké manungsa ing bumi lan para malaékat ing swarga. Yéhuwah péngin bèn kabèh ciptaané kuwi isa éntuk manfaat saka katresnané. Gusti Allah nyiptakké bumi dadi panggonan sing cocog kanggo manungsa. Gusti Allah ya terus nduduhké katresnané marang kabèh manungsa. Contoné, Yéhuwah ”nggawé srengéngé mlethèk kanggo wong sing jahat lan wong sing apik, uga nggawé udan kanggo wong sing bener lan wong sing ora bener”.​—Matius 5:45.

Alkitab ya kandha, ”Yéhuwah kuwi kebak welas asih lan rasa tresna.” (Yakobus 5:11) Yéhuwah sayang karo kabèh sing péngin akrab karo Dhèwèké. Yéhuwah ya nggatèkké saben wong. Dadi, awaké dhéwé isa yakin nèk ”Panjenengané nggatèkké kowé”.​1 Pétrus 5:7.

Manfaat saka katresnané Gusti Allah. Awaké dhéwé seneng wektu ndelok langit sing éndah ing wayah soré utawa wektu krungu swarané bayi lagi ngguyu. Awaké dhéwé ya seneng nèk disayang karo keluarga. Senajan ora butuh kuwi kabèh bèn isa tetep urip, ning kuwi isa nggawé awaké dhéwé luwih seneng.

Merga sayang, Yéhuwah ngundang awaké dhéwé kanggo ndonga marang Dhèwèké. Alkitab kandha, ”Aja nguwatirké apa waé, nanging ing kabèh kahanan, nyuwuna bantuané Gusti Allah liwat donga lan panyuwun sarta ucapan sokur.” Yéhuwah péngin awaké dhéwé nyritakké kabèh sing awaké dhéwé kuwatirké. Terus, Yéhuwah bakal mènèhi ”katentreman sing ora isa dipahami manungsa”.​—Filipi 4:6, 7.

Awaké dhéwé wis ngrembug papat sipat utamané Yéhuwah, yaiku kuwasa, kawicaksanan, keadilan, lan katresnan. Kuwi mbantu awaké dhéwé isa luwih kenal karo Yéhuwah. Saiki, ayo ngrembug apa sing wis ditindakké lan sing bakal ditindakké Yéhuwah kanggo awaké dhéwé. Kuwi isa mbantu awaké dhéwé luwih ngajèni Yéhuwah.

APA WAÉ SIPAT-SIPATÉ GUSTI ALLAH? Ora ana sing isa nandhingi kuwasa, kawicaksanan, lan keadilané Yéhuwah. Ning, sipaté sing paling unggul yaiku katresnané