Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

KUWASANÉ ALKITAB

Aku Ora Péngin Mati

Aku Ora Péngin Mati
  • LAIR TAUN: 1964

  • NEGARA ASAL: INGGRIS

  • MBIYÈNÉ: WONG WÉDOK SING ORA NGGENAH

MBIYÈN

Aku lair ing Paddington, dhaérah sing pendhudhuké akèh ing London, Inggris. Aku urip karo ibuku lan mbakyuku sing cacahé telu. Bapakku arang ing omah merga seneng mendem.

Wektu aku isih cilik, ibuku ngajari aku ndonga saben bengi. Aku nduwé Alkitab cilik sing isiné mung buku Jabur, lan aku seneng nyanyèkké isiné buku Jabur kuwi. Aku kèlingan salah siji ukara ing buku sing tak waca, sing uniné, ”Ora bakal ana dina mbésuk.” Ukara kuwi terus tak pikirké nganti ora isa turu. Aku mikir, ’Urip iki mesthi ora mung ngéné thok. Aku urip kuwi nggo ngapa?’ Aku ora péngin mati.

Aku dadi penasaran banget karo ilmu gaib. Aku nyoba omong-omongan karo wong mati, mara menyang kuburan karo kanca-kanca sekolah, lan nonton film horor. Kuwi medèni ning ya nyenengké.

Wektu umurku sepuluh taun, aku mulai angèl ditata. Aku mulai kecanduan ngrokok. Banjur, aku mulai ngisep ganja. Wektu umur 11 taun, aku mulai ngombé-ngombé alkohol. Senajan ora seneng rasané alkohol, ning aku seneng rasané mendem. Aku uga seneng musik, njogèd, lan lunga menyang diskotik. Aku meneng-meneng lunga saka omah wektu bengi lan mulih sakdurungé padhang dinané. Sésuké aku mbolos sekolah merga isih kesel. Pas pelajaran ing sekolahan, aku kerep ngombé alkohol.

Wektu arep lulus, nilai pelajaranku èlèk banget. Ibuku gela lan nesu merga ora nyangka nèk jebulé tumindakku ora nggenah. Aku padu karo ibuku, terus minggat saka omah. Aku manggon karo pacarku sing jenengé Tony. Pacarku kuwi tukang ngrampog, dodolan narkoba, lan terkenal kejem. Banjur, wektu umur 16 taun aku nduwé anak lanang.

CARANÉ ALKITAB MBANTU AKU

Aku manggon ing panggonan sing disedhiyakké pamréntah kanggo ibu-ibu sing nduwé anak ning ora nduwé bojo. Aku ketemu karo Seksi Yéhuwah wédok sing cacahé loro. Wong loro kuwi ajeg marani ibu-ibu enom ing kono. Banjur aku mèlu rembugan bareng karo Seksi-Seksi Yéhuwah. Aku péngin mbuktèkké nèk ajarané Seksi Yéhuwah kuwi salah. Ning, saben aku takon mesthi dijawab saka Alkitab lan Seksi Yéhuwah kuwi tetep sabar sarta apikan senajan aku ngèyèl banget. Mula, aku dadi gelem sinau Alkitab karo Seksi Yéhuwah mau.

Aku banjur sinau ajarané Alkitab sing isa ngowahi uripku. Wiwit cilik, aku wedi mati. Ning, saka piwulangé Yésus, aku ngerti nèk wong mati bakal diuripké manèh. (Yokanan 5:28, 29) Aku uga sinau nèk Gusti Allah nggatèkké aku. (1 Pétrus 5:7) Aku paling seneng karo ayat ing Yérémia 29:11, sing kandha, ”Awit Ingsun iki nguningani rancanganingSun tumrap sira, yaiku: rancangan tentrem rahayu lan dudu rancangan bilai, yaiku supaya sira kebak pangarep-arep kang becik tumrap ing bésuké.” Aku mulai ngerti lan percaya nèk aku isa éntuk pangarep-arep urip saklawasé ing bumi Pirdus.Jabur 37:29.

Seksi Yéhuwah tresna tenan karo aku. Wektu sepisanan teka ing pakumpulan ibadah, aku seneng banget merga wong-wongé grapyak. (Yokanan 13:34, 35) Kuwi béda banget karo gréja-gréja liyané. Senajan uripku ora nggenah, Seksi-Seksi Yéhuwah apikan karo aku. Aku dadi rumangsa nduwé keluarga sing nggatèkké lan seneng mbantu aku.

Merga sinau Alkitab, aku dadi ngerti nèk aku kudu ngowahi uripku manut pathokané Gusti Allah sing luhur. Aku ora ngrungokké lagu-lagu sing marahi aku kepéngin ngisep ganja manèh. Aku uga ora mara menyang diskotik bèn ora kepéngin mendem manèh. Ning, aku isih rumangsa ora gampang kanggo mandheg ngrokok. Aku saiki kekancan karo wong sing isa mbantu aku malih dadi apik.Wulang Bebasan 13:20.

Tony uga mulai sinau Alkitab karo Seksi Yéhuwah. Kabèh pitakonané dijawab saka Alkitab. Mula, dhèwèké dadi yakin nèk sing disinau kuwi bener. Hasilé, Tony mulai ngowahi uripé. Dhèwèké ora kekancan manèh karo wong-wong sing jahat, mandheg ngrampog, lan ora ngisep ganja manèh. Bèn isa nyenengké Yéhuwah lan kanggo kepentingané anak-anakku, aku lan Tony akiré mutuské nikah resmi ing taun 1982.

”Aku saiki isa turu angler merga ora kuwatir manèh bab urip sukmbèn”

Aku nggolèki pengalaman-pengalaman sing dicritakké ing majalah Sadarlah! lan Menara Pengawal. * Aku dadi éntuk piwulang sing apik saka pengalamané wong-wong sing wis isa ngowahi uripé kaya sing lagi tak upayakké. Aku dadi semangat kanggo terus ngupaya. Aku ndonga terus bèn Yéhuwah ora ninggalké aku. Aku lan Tony akiré dibaptis dadi Seksi Yéhuwah ing sasi Juli 1982.

PAÉDAHÉ KANGGOKU

Uripku saiki nggenah merga aku nduwé hubungan sing cedhak karo Yéhuwah. Aku lan Tony terus ngendelké Yéhuwah lan ngrasakké dhukungané wektu ngalami kasusahan. Yéhuwah terus mbantu lan nyukupi kebutuhané keluargaku.Jabur 55:23.

Aku uga seneng mbantu anak-anakku kenal karo Yéhuwah. Seneng banget rasané atiku, saiki isa nyawang anak-anakku nduwé hubungan sing cedhak karo Yéhuwah.

Aku saiki isa turu angler merga ora kuwatir manèh bab urip sukmbèn. Saben minggu, aku lan Tony nduwé kesempatan kanggo marani lan nguwatké imané Seksi-Seksi Yéhuwah ing jemaat sing béda-béda. Aku, Tony, lan para Seksi Yéhuwah seneng mbantu wong liya sinau Alkitab bèn nduwé iman marang Yésus lan isa ngrasakké urip seneng saklawasé.

^ par. 19 Dicétak karo Seksi-Seksi Yéhuwah.