Langsung mlebu

Apa Isiné Alkitab Saling Bertentangan?

Apa Isiné Alkitab Saling Bertentangan?

Jawaban ing Alkitab

 Ora. Isiné Alkitab saling berkaitan. Meskipun kétoké ana ayat-ayat Alkitab sing saling bertentangan, tapi nèk nyoba cara-cara iki awaké dhéwé isa mastèkké nèk sakjané kuwi ora bertentangan.

  1.   Mikirké kontèks utawa kabèh isiné. Nèk ora maca kontèksé utawa kabèh isiné, awaké dhéwé isa waé mikir nèk kisah sing ditulis kuwi saling bertentangan.

  2.   Nggatèkké pandhangané penulisé. Wong sing ndelok peristiwané mungkin ora nggunakké kata-kata sing padha utawa ora nyampèkké kabèh perinciané, tapi kabèh sing dicritakké kuwi bener.

  3.   Gatèkna sejarah lan kebudayaan.

  4.   Pikirna sing dimaksud kuwi kata-kata kiasan utawa ora.

  5.   Pikirna isa waé mung wong siji sing disebutké, tapi sakjané ana wong liya sing terlibat. a

  6.   Nggunakké terjemahan Alkitab sing akurat.

  7.   Aja menghubungkan isiné Alkitab karo ajaran sing ora bener.

 Nèk ngetrapké cara-cara kuwi, awaké dhéwé isa mbuktèkké nèk sakjané ayat-ayat ing Alkitab ora saling bertentangan. Gatèkna beberapa contoné.

Cara 1: Nggatèkké kontèksé

  Nèk Gusti Allah istirahat ing dina kepitu, tapi kok Dhèwèké isih terus nyambut gawé? Ing Purwaning Dumadi disebutké nèk ”ing dina kepitu Gusti Allah istirahat saka kabèh gawéan sing ditindakké”. Kontèks ayaté kuwi soal penciptaan bumi sak isiné. (Purwaning Dumadi 2:​2-4) Yésus tau ngomong nèk Gusti Allah ”terus nyambut gawé nganti saiki”. Omongané Yésus ora bertentangan karo Purwaning Dumadi mau. Soalé sing dimaksud Yésus kuwi gawéan liyané sing dilakoni Gusti Allah. (Yohanes 5:​17) Misalé, nuntun wong-wong kanggo nulis Alkitab lan ngekèki tuntunan kanggo manungsa.​—Mazmur 20:6; 105:5; 2 Pétrus 1:​21.

Cara 2 lan 3: Pandhangané sing nulis lan sejarah

  Ing endi Yésus marèkké wong sing wuta? Ing buku Lukas disebutké ana wong wuta sing dimarèkké Yésus ”ing cedhaké kutha Yérikho”. Tapi, ing Matius disebutké nèk ana wong wuta loro sing dimarèkké Yésus pas Yésus ”ninggalké kutha Yérikho”. (Lukas 18:35-​43; Matius 20:29-​34) Loro buku kuwi sing nulis béda lan pandhangané ya béda. Dadi, sing siji nulis luwih rinci lan sing siji ora. Nèk Matius luwih fokus karo jumlah wong wuta sing dimarèkké Yésus, yaiku ana loro. Tapi nèk Lukas mung fokus karo salah siji wong wuta kuwi sing dijak omong-omongan Yésus. Nèk soal lokasiné, para arkéolog nyebutké nèk pas jamané Yésus kutha Yérikho ana loro. Kutha Yérikho sing lawas dibangun karo wong Yahudi. Jaraké kira-kira siji setengah kilomèter saka kutha Yérikho sing anyar sing dibangun karo wong Romawi. Kemungkinan, Yésus ana ing antara loro kutha kuwi pas marèkké wong wuta.

Cara 4: Kiasan apa ora

  Apa bumi bakal dihancurké? Ing Pengkhotbah 1:4 disebutké, ”Bumi tetep ana saklawasé.” Kétoké kata-kata kuwi bertentangan karo ayat sing nyebutké nèk ”bumi bakal melèlèh merga saking panasé”. (2 Pétrus 3:​10) Ing Alkitab, kata ”bumi” kuwi maksudé isa loro. Sing pertama, maksudé isa bumi tenanan. Sing keloro, maksudé isa kiasan yaiku wong-wong sing manggon ing bumi. (Purwaning Dumadi 1:1; 11:1) Kata ”bumi” ing 2 Pétrus 3:​10 maksudé dudu bumi tenanan sing bakal dihancurké, tapi ”wong-wong sing ora ngajèni Gusti Allah” sing bakal disingkirké.​—2 Pétrus 3:7.

Cara 5: Wong-wong sing terlibat

  Pas ing Kapernaum, sapa sing nemoni Yésus kanggo nyampèkké omongané perwira? Ing Matius 8:​5, 6 disebutké nèk ana perwira sing mara langsung kanggo njaluk tulung karo Yésus, tapi ing Lukas 7:3 disebutké nèk perwira kuwi ngongkon para pemimpin Yahudi kanggo njaluk tulung karo Yésus. Ayat-ayat kuwi ora saling bertentangan, soalé kuwi permintaané perwirané lan sing nyampèkké wong-wong sing diutus.

Cara 6: Terjemahan sing akurat

  Apa kabèh wong nduwé dosa? Ing Alkitab disebutké nèk awaké dhéwé nduwé warisan dosa saka Adam. (Roma 5:​12) Ing beberapa terjemahan Alkitab liyané disebutké nèk wong sing apik ”ora gawé dosa”. (1 Yohanes 3:6, Kitab Suci mawi Basa Jawi Resmi) Kétoké keterangan kuwi saling bertentangan. Tapi ing basa asliné, kata ”gawé dosa” ing 1 Yohanes 3:6 kuwi maksudé sesuatu sing dilakoni terus-terusan. Dosa warisan karo dosa merga ora manut karo Gusti Allah kuwi béda. Makané bèn ayaté jelas, ing beberapa terjemahan Alkitab, kata-katané diterjemahké ”ora bakal nindakké dosa” utawa ”tidak terus-menerus berbuat dosa”.​—Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar; Bahasa Indonesia Masa Kini.

Cara 7: Alkitab, dudu ajaran sing ora bener

  Apa Yésus padha karo Gusti Allah utawa Gusti Allah luwih unggul timbang Yésus? Yésus ngomong, ”Aku lan Bapak kuwi siji.” Kata-kata kuwi kétoké bertentangan karo omongané Yésus nèk ”Bapak sing luwih kuwasa timbang aku”. (Yohanes 10:30; 14:28) Bèn isa paham tenan karo ayaté, awaké dhéwé kudu nggolèk keterangan sing bener saka Alkitab soal Yéhuwah lan Yésus daripada menghubungkan ayat kuwi karo ajaran Tritunggal sing dhasaré ora saka Alkitab. Menurut Alkitab, Yéhuwah kuwi ora mung Bapaké Yésus, tapi ya Gusti Allah sing disembah Yésus. (Matius 4:​10; Markus 15:34; Yohanes 17:3; 20:17; 2 Korintus 1:3) Dadi, Yésus ora padha karo Gusti Allah.

 Pas Yésus ngomong ”Aku lan Bapak kuwi siji”, kontèksé pas Yésus ngomongké nèk tujuané dhèwèké karo Yéhuwah kuwi padha. Terus Yésus ngomong, ”Bapak bersatu karo aku lan aku bersatu karo Bapak.” (Yohanes 10:38) Yésus ya péngin murid-muridé nduwé tujuan sing padha, makané dhèwèké ndonga kanggo murid-muridé, ”Aku wis mènèhi wong-wong kuwi kemuliaan sing padha karo kemuliaan sing wis mbok wènèhké aku supaya wong-wong kuwi isa bersatu, kaya aku ya bersatu karo Njenengan. Supaya wong-wong kuwi bener-bener bersatu, aku bersatu karo wong-wong kuwi lan aku ya bersatu karo Njenengan.”​—Yohanes 17:22, 23.

a Misalé ing Encyclopædia Britannica ana artikel soal Taj Mahal. Ing kono disebutké nèk ”sing mbangun Taj Mahal kuwi kaisar Mughal Shah Jahān”, tapi sakjané sing mbangun dudu dhèwèké. Ing artikel kuwi disebutké nèk ”sing mbangun kuwi luwih saka 20.000 wong”.