Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Sapa Raja Kratoné Allah?

Sapa Raja Kratoné Allah?

Gusti Allah wis mènèhi ramalan soal sapa sing bakal dadi Raja ing Kratoné. Apa waé ramalané?

  • Raja kuwi dipilih langsung karo Gusti Allah. ”Ingsun kang wus ngadegaké ratuningSun [utawa, raja-Ku]. . . . Sira Sunparingi para bangsa dadi pusakanira, lan pungkasaning bumi dadi darbèkira.”​—Jabur 2:6, 8.

  • Raja kuwi keturunané Raja Daud. ”Ana Bayi kang wus miyos kanggo kita, ana Putra kang wus kaparingaké marang kita. . . . Gedhé pangwaosé, tuwin tentrem rahayu bakal tanpa wekasan ana ing dhamparé Sang Prabu Dawud lan ana ing karajané, awit iku . . . kasantosakaké.”​—Yésaya 9:5, 6.

  • Raja kuwi lair ing Bètlehèm. ”Hé, Bètlehèm . . . saka sira bakal miyos  . . . wong kang bakal ngerèh [utawa, mréntah]. . . . Panjenengané iku dadi luhur nganti tekan ing pungkasané bumi.”​—Mikha 5:1, 3.

  • Raja kuwi disengiti wong-wong lan dipatèni. ”Panjenengané . . . banget anggoné karèmèhaké, . . . Panjenengané iku iya ora klebu étungan. . . . Mangka Panjenengané iku sinudukan [utawa, ditusuk] marga saka anggon kita padha mbalèla, Panjenengané karemuk marga saka piala kita.”​—Yésaya 53:3, 5.

  • Raja kuwi dibangkitké lan diluhurké. ”Amargi Paduka boten masrahaken kawula dhateng ing teleng palimengan; Paduka boten marengaken manawi kekasih Paduka ngantosa sumerep kluwat [utawa, kuburan]. . . . Ing asta Paduka ingkang tengen wonten kanikmatan ingkang langgeng.”​—Jabur 16:10, 11.

Yésus Kristus Kuwi Raja sing Paling Apik

Mung ana wong siji sing nggenepi kabèh ramalan kuwi, yaiku Yésus. Malah, ana malaékat sing ngandhani ibuné Yésus, yaiku Maria. Malaékat kuwi ngomong, ”Gusti Allah Yéhuwah bakal maringké tahtané Daud, leluhuré, . . . lan Kratoné bakal ana nganti sakterusé.”​—Lukas 1:31-33.

Ning, Yésus ora dadi raja ing bumi. Dhèwèké dadi Raja Kratoné Allah sing bakal mréntah manungsa saka swarga. Apa sebabé Yésus kuwi Raja sing paling cocog kanggo mréntah bumi? Gatèkna apa waé sing wis Yésus tindakké wektu ana ing bumi.

  • Yésus perduli karo wong-wong. Yésus gelem mbantu wong lanang utawa wédok, wong tuwa utawa cah enom, ora masalah latar belakangé wong-wong kuwi. (Matius 9:36; Markus 10:16) Wektu kuwi, ana wong sing lara kusta ngomong, ”Nèk panjenengan kersa, panjenengan isa marèkké aku.” Yésus ngrasa mesakké lan marèkké wong kuwi.​—Markus 1:40-42.

  • Yésus mulang carané isa nyenengké Gusti Allah. Yésus ngomong, ”Kowé ora isa dadi budhaké Gusti Allah lan ing wektu sing padha dadi budhaké Bandha.” Yésus ya mulang soal Aturan Emas bèn awaké dhéwé nindakké dhisik apa sing awaké dhéwé péngini kanggo ditindakké wong liya. Terus, Yésus ya mulang nèk Gusti Allah ora mung nggatèkké tumindaké awaké dhéwé, ning ya nggatèkké pikiran lan perasaané awaké dhéwé. Dadi, bèn isa nyenengké Gusti Allah, awaké dhéwé ya kudu njaga pikiran lan ati. (Matius 5:28; 6:24; 7:12) Yésus ya ngomong nèk awaké dhéwé manut Gusti Allah, awaké dhéwé bakal bener-bener bahagia.​—Lukas 11:28.

  • Yésus mulang carané nduduhké katresnan. Omongan lan tumindaké Yésus kuwi gedhé pengaruhé kanggo sing ngrungokké. Alkitab ngomong, ”Kumpulan wong kuwi nggumun karo carané Yésus mulang, merga apa sing diwulangké Yésus asalé saka Gusti Allah.” (Matius 7:28, 29) Yésus mulang para muridé bèn ’tresna marang mungsuh-mungsuhé’. Malah, Yésus ya ndongakké wong-wong sing ngukum mati dhèwèké. Yésus ndonga, ”Bapak, tulung apurana wong-wong iki, merga wong-wong iki ora ngerti apa sing ditindakké.”​—Matius 5:44; Lukas 23:34.

Yésus kuwi Raja sing paling cocog kanggo mréntah bumi merga dhèwèké apikan lan nresnani manungsa. Ning, kapan dhèwèké mulai mréntah?