Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Wektu Nduwé Bojo sing Ora Setya

Wektu Nduwé Bojo sing Ora Setya

”Rasané aku péngin mati waé wektu bojoku kandha nèk dhèwèké selingkuh karo wong wédok sing luwih enom. Aku ora trima, apa manèh nèk kèlingan kabèh pengorbananku kanggo dhèwèké.”​—Maria, Spanyol.

”Rasané uripku kaya ora ana artiné manèh wektu bojoku ninggalké aku. Kadhang kala, aku isa nglalèkké masalahku. Ning, ngerti-ngerti aku kèlingan lan dadi strès manèh.”​—Bill, Spanyol.

WONG sing bojoné selingkuh biasané lara ati banget. Dhèwèké mungkin isa ngapura lan rukun manèh karo bojoné. * Ning, ora masalah pegatan apa ora, dhèwèké bakal tetep lara ati. Apa sing isa ditindakké nèk ngadhepi keadaan kaya ngono?

AYAT ALKITAB SING ISA DIRENUNGKÉ

Wong sing bojoné selingkuh isa ngrasa dikuwatké nèk maca Alkitab. Wektu maca Alkitab, dhèwèké bakal ngerti nèk Gusti Allah perduli karo dhèwèké.​—Maléakhi 2:13-16.

”Manawi ing batos kawula saya mindhak kathah ingkang kawula manah; panglipur Paduka ingkang ngayemaken manah kawula.”​Jabur 94:19.

Bill kandha, ”Wektu maca ayat kuwi, aku ngrasa nèk Yéhuwah kaya bapak sing nguwatké aku.”

”Tumrap tiyang ingkang setya Paduka ugi tumindak setya.”​Jabur 18:26.

Carmen, sing bojoné tau selingkuh, kandha, ”Bojoku ora setya karo aku. Ning, aku ngerti nèk Yéhuwah tetep setya karo aku. Dhèwèké ora bakal nggawé aku kecéwa.”

”Aja nguwatirké apa waé, nanging ing kabèh kahanan, nyuwuna bantuané Gusti Allah liwat donga lan panyuwun . . . lan Gusti Allah bakal maringi katentreman sing ora isa dipahami manungsa, lan nganggo cara iki, Panjenengané bakal njaga ati[mu].”​Filipi 4:6, 7.

Sasha kandha, ”Aku bola-bali maca ayat iki. Merga terus ndonga, aku isa ngrasa ayem.”

Kabèh wong sing disebutké mau awalé ngrasa ora nduwé semangat urip manèh. Ning, wong-wong kuwi percaya karo Yéhuwah lan ngrasa dikuwatké wektu maca Alkitab. Bill kandha, ”Merga nduwé iman, aku ngrasa isih nduwé harapan senajan mauné aku ngrasa nèk uripku wis ora ana artiné. Aku ngrasa nèk Gusti Allah nguwatké aku senajan aku ”lumaku ana ing jurang palimenganing pati”.​—Jabur 23:4.

^ Deloken Sedarlah! 22 April 1999 sing judhulé ”Bila Teman Hidup Berselingkuh” ing halaman 3-5, 5-9, lan 9-12 sing ngrembug soal saran-saran sing isa dipikirké sakdurungé nggawé keputusan arep pegatan utawa ora.