Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Wektu Lara Parah

Wektu Lara Parah

”Aku kagèt banget pas dikandhani dokter nèk aku kena kanker paru-paru lan usus. Sakwisé tekan omah, aku mikir, ’Iki pancèn dudu sing tak karepké. Ning, aku ora éntuk nyerah.’”​—Linda, 71 taun.

”Aku lara gangguan syaraf ing bagéan wajah sebelah kiwa. Kadhang kala, rasané lara banget nganti nggawé aku dadi strès. Aku kerep rumangsa nèk ora ana sing perduli karo aku. Aku dadi péngin bunuh diri waé.”​—Elise, 49 taun.

AWAKÉ DHÉWÉ mesthi sedhih banget wektu ngerti nèk awaké dhéwé utawa wong sing awaké dhéwé sayangi kena penyakit sing parah. Wektu ngadhepi situasi kaya ngono, isa waé awaké dhéwé dadi gampang nesu utawa kuwatir. Awaké dhéwé ya isa dadi tambah wedi lan kuwatir wektu arep ketemu dokter, ora isa nemokké perawatan sing cocog, ora nduwé dhuwit kanggo berobat, utawa ngrasakké èfèk samping saka perawatan sing ditindakké. Kuwi kabèh isa nggawé awaké dhéwé saya strès.

Apa sing isa mbantu awaké dhéwé ngadhepi situasi kaya ngono? Akèh wong ngrasa dikuwatké merga ndonga lan maca Alkitab. Anggota keluarga lan kanca-kanca ya isa nguwatké awaké dhéwé.

SARAN-SARAN SING ISA MBANTU

Robert, sing umuré 58 taun, kandha, ”Awaké dhéwé perlu ngendelké Gusti Allah. Dhèwèké bakal mbantu awaké dhéwé ngadhepi penyakité awaké dhéwé. Wektu ndonga, critakna apa sing lagi awaké dhéwé adhepi. Awaké dhéwé isa njaluk Yéhuwah mbantu awaké dhéwé bèn nduwé pikiran sing positif lan tetep tenang. Terus, awaké dhéwé ya isa njaluk Yéhuwah kanggo nguwatké keluargané awaké dhéwé.”

Robert ya kandha, ”Dhukungan saka keluarga kuwi pengaruhé gedhé banget. Saben dina, aku ditélépon lan ditakoni kabarku. Kanca-kancaku ya nguwatké aku. Aku ngrasa dihibur. Kuwi mbantu aku bèn ora nyerah.”

Wektu niliki wong sing lagi lara, awaké dhéwé isa ngéling-éling apa sing diomongké Linda. Dhèwèké kandha, ”Wong sing lara biasané ora péngin dianggep lara lan ora péngin ngomongké soal penyakité. Mula, luwih apik nèk awaké dhéwé ngomongké liyané.”

Dadi, nèk ngendelké Gusti Allah, maca Alkitab, lan didhukung karo keluarga lan kanca-kanca, awaké dhéwé isa tetep nduwé semangat urip senajan lagi lara parah.