Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Wektu Ngalami Masalah

Wektu Ngalami Masalah

URIP kuwi pancèn nyenengké nèk keadaané apik-apik waé. Ning kadhang kala, masalah isa nggawé uripé awaké dhéwé susah.

Contoné, ana wong wédok ing Amerika Serikat sing jenengé Sally *. Dhèwèké kélangan kabèh bandhané merga kena badai. Sally kandha, ”Aku strès banget. Aku wis ora kuwat ngadhepi iki.”

Piyé nèk awaké dhéwé ditinggal mati karo wong sing disayangi? Janice, sing manggon ing Australia, kandha, ”Wektu anakku lanang loro-loroné mati, rasané aku ora péngin urip manèh. Aku njaluk karo Gusti Allah bèn aku mati waé.”

Conto liyané yaiku Daniel sing kecéwa wektu ngerti bojoné selingkuh. Daniel kandha, ”Wektu bojoku ngakoni nèk dhèwèké selingkuh, atiku lara banget. Saking kecéwané, aku bola-bali lara nganti pirang-pirang sasi.”

Majalah Warta Penting iki bakal ngrembug apa sebabé kudu tetep nduwé semangat urip wektu

Saiki, ayo dirembug dhisik saran-saran sing isa mbantu awaké dhéwé wektu ngalami bencana alam.

^ Ana jeneng-jeneng ing majalah iki sing dudu jeneng asliné.