Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Pertanyaan saka Pembaca

Pertanyaan saka Pembaca

Sapa ”wong wédok” sing disebutké ing Yésaya 60:​1, lan piyé dhèwèké ’nduduhké cahayané’?

Ing Yésaya 60:1 disebutké, ”Hé wong wédok, duduhna cahayamu merga cahayamu wis njedhul. Kemuliaané Yéhuwah madhangi kowé.” Berdasarkan kontèksé, ”wong wédok” sing dimaksud kuwi Zion, utawa Yérusalèm, ibu kotané Yéhuda wektu kuwi. (Yés. 60:14; 62:​1, 2) Kutha Yérusalèm kuwi nggambarké kabèh bangsa Israèl. Terus, dadi ana loro pertanyaan. Pertama, kapan lan piyé Yérusalèm ’nduduhké cahayané’? Keloro, apa kata-katané Yésaya kuwi bakal digenepi manèh ing jaman saiki lan jaman sukmbèn?

Kapan lan piyé Yérusalèm ’nduduhké cahayané’? Wektu wong Yahudi ditawan ing Babilon 70 taun, Yérusalèm lan baité kondhisiné isih hancur. Tapi, bar Babilon dikalahké Média Pèrsia, wong Israèl sing ana ing wilayah Babilon isa bali ing Yérusalèm manèh kanggo ngibadah karo Yéhuwah. (Ézr. 1:​1-4) Kèt taun 537 SM, ana wong-wong Yahudi sing setya saka 12 suku, sing mulai bali ing Yérusalèm. (Yés. 60:4) Meréka mulai ngekèkké korban kanggo Yéhuwah, ngrayakké perayaan-perayaan, lan mbangun bait. (Ézr. 3:​1-4, 7-11; 6:​16-22) Sepisan manèh, Yéhuwah mulai ngekèki terangé kanggo Yérusalèm yaiku umaté, bèn meréka seolah-olah isa bercahaya. Bar kuwi, meréka dadi sumber cahaya kanggo bangsa-bangsa sing durung kenal Yéhuwah.

Tapi, ramalané Yésaya kuwi durung kabèh dadi kenyataan wektu kuwi. Soalé, akèh-akèhé wong Israèl ora terus manut karo Gusti Allah. (Néh. 13:27; Mal. 1:​6-8; 2:​13, 14; Mat. 15:​7-9) Malah bar kuwi, meréka nolak Yésus sing dadi Mésias. (Mat. 27:​1, 2) Taun 70 M, Yérusalèm lan baité dihancurké manèh.

Peristiwa kuwi wis diramalké Yéhuwah sakdurungé. (Dan. 9:​24-27) Dadi jelas, nèk sing dikarepké Yéhuwah nggenepi kabèh perincian sing ana ing ramalan ing Yésaya bab 60 kuwi dudu Yérusalèm sing ana ing bumi.

Apa ramalané Yésaya kuwi bakal dadi kenyataan manèh? Ya, tapi kuwi digenepi karo ”Yérusalèm sing ana ing ndhuwur”, dudu Yérusalèm sing ana ing bumi. Rasul Paulus tau nulis nèk Yérusalèm sing ana ing ndhuwur kuwi ”ibuné awaké dhéwé”. (Gal. 4:26) Yérusalèm sing ana ing ndhuwur kuwi bagéan saka organisasiné Yéhuwah sing ana ing swarga sing isiné para malaékat sing setya. Anak-anaké kuwi Yésus lan 144.000, termasuk Paulus. Wong-wong sing munggah swarga kuwi dadi ”bangsa sing suci”, utawa ”Israèl duwèké Gusti Allah”.—1 Ptr. 2:9; Gal. 6:16.

Piyé Yérusalèm sing ana ing ndhuwur ’nduduhké cahayané’? Kuwi dilakukan liwat anak-anaké sing dipilih munggah swarga tapi isih ing bumi. Sing dialami meréka padha karo sing diramalké ing Yésaya bab 60. Ayo nggatèkké kuwi.

Bar para rasul mati, ana akèh kemurtadan. Wektu kuwi, wong Kristen sing dipilih munggah swarga seolah-olah ana ing panggonan sing peteng. (Mat. 13:​37-43) Meréka dikuwasani Babilon Gedhé, yaiku kumpulan agama palsu sak donya, nganti ”akhir jaman” sing dimulai taun 1914. (Mat. 13:​39, 40) Ora suwé bar kuwi, taun 1919, meréka dibébaské lan langsung mulai ’nduduhké cahayané’ liwat kegiatan nginjil. a Sejak kuwi, wong-wong saka akèh bangsa nyambut cahaya kuwi, termasuk Israèl duwèké Gusti Allah sing isih ing bumi, sing ing Yésaya 60:3 disebut ”raja-raja”.—Why. 5:​9, 10.

Sukmbèn, 144.000 wong sing dipilih munggah swarga bakal nduduhké cahayané nganggo cara sing luwih luar biasa manèh. Kok isa? Sakwisé mati, meréka bakal dadi bagéan saka ”Yérusalèm Anyar”, utawa mantèn wédoké Kristus. Meréka bakal dadi raja lan imam bareng Yésus ing swarga.—Why. 14:1; 21:​1, 2, 24; 22:​3-5.

Nah, Yérusalèm Anyar iki sing bakal nduwé peran penting kanggo mujudké ramalan ing Yésaya 60:1. (Bandhingna Yésaya 60:​1, 3, 5, 11, 19, 20 karo Wahyu 21:​2, 9-11, 22-26.) Mbiyèn, kutha Yérusalèm dadi pusat pamréntahan ing Israèl. Nah, Yérusalèm Anyar karo Kristus bakal dadi pamréntah ing donya anyar. Apa maksudé Yérusalèm Anyar bakal ”mudhun saka swarga yaiku saka Gusti Allah”? Kuwi maksudé, meréka bakal nggatekké wong-wong ing bumi lan ”bakal madhangi dalan-dalan sing diliwati” wong-wong saka bangsa-bangsa sing wedi karo Gusti Allah. Wong-wong kuwi ora bakal dadi dosa lan mati manèh. (Why. 21:​3, 4, 24) Hasilé, kabèh bakal bener-bener ”dipulihké” kaya sing wis diramalké Yésaya lan nabi-nabi liyané. (Kis. 3:21) Kuwi wis dimulai wektu Yésus dadi raja lan bakal berakhir pas akhir Pamréntahan Sèwu Tauné Yésus.

a Yèhèzkièl 37:​1-14 lan Wahyu 11:​7-12 ya nyebutké soal pemulihan ibadah murni sing kelakon taun 1919. Yèhèzkièl ngramalké nèk sakwisé ditawan suwé banget, kabèh wong sing dipilih munggah swarga bakal dibébaské saka agama palsu. Nèk ramalan ing Wahyu nyebutké soal beberapa sedulur sing dipilih munggah swarga lan mimpin organisasi sing bar beberapa waktu dipenjara, akhiré dibébaské lan langsung semangat manèh mulai kegiatan rohani. Taun 1919, meréka dilantik dadi ”budhak sing setya lan wicaksana”.—Mat. 24:45; deloken Ibadah marang Yéhuwah Akhiré Dadi Murni Manèh, halaman 118.