Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Menyesuaikan Diri karo Jemaat sing Anyar

Menyesuaikan Diri karo Jemaat sing Anyar

APA njenengan tau pindhah jemaat? Nèk iya, mungkin njenengan ngrasakké sing dirasakké Jean-Charles. Dhèwèké ngomong, ”Pindhah jemaat kuwi ora gampang. Selain kudu nyesuaikké karo jemaat sing anyar, aku ya kudu mastèkké keluargaku tetep akrab karo Yéhuwah.” Sakliyané kuwi, ana tantangan liyané. Misalé kudu nggolèk gawéan, tempat tinggal, lan sekolah kanggo anak-anak. Terus, ya kudu menyesuaikan diri karo perubahan cuaca, budaya, lan dhaérah nginjil sing anyar.

Nicolas karo Céline ngadhepi tantangan liyané manèh. Meréka éntuk tugas saka kantor cabang Prancis kanggo pindhah jemaat. Meréka crita, ”Awalé kami seneng banget. Tapi terus kami mulai kangen karo kanca-kanca. Kami ya durung patia akrab karo para sedulur ing jemaat sing anyar.” a Merga pindhah kuwi ora gampang, piyé bèn njenengan isa tetep bahagia lan menikmati ing jemaat sing anyar? Piyé wong liya isa mbantu? Terus, piyé bèn isa dikuwatké lan nguwatké ing jemaat sing anyar?

PATHOKAN ING ALKITAB SING ISA DITRAPKÉ

Ngendelké Yéhuwah

1. Ngendelké Yéhuwah. (Mzm. 37:5) Merga gawéané bojoné, Sedulur Kazumi ing Jepang kudu pindhah. Padahal, dhèwèké wis gabung selama 20 taun ing jemaat sing lawas. Apa buktiné Kazumi ”gelem dituntun Yéhuwah”? Dhèwèké crita, ”Apa waé sing marakké aku panik, kesepian, utawa kuwatir wektu kuwi, kabèh tak critakké Yéhuwah. Bar ndonga, aku mesthi dadi ngrasa luwih kuwat.”

Bèn isa luwih ngendelké Yéhuwah, kudu piyé? Kaya tanduran sing butuh banyu karo nutrisi, imané awaké dhéwé ya kaya ngono. Nicolas, sing disebutké mau, isa luwih ngendelké Yéhuwah merga ngrenungké tokoh-tokoh ing Alkitab sing wis berkorban kanggo nglakoni karepé Yéhuwah, misalé kaya Abraham, Yésus, lan Paulus. Nèk rutin pelajaran pribadi, njenengan ora mung bakal tetep stabil wektu ngadhepi perubahan, tapi ya dadi éntuk saran-saran apik sing isa dienggo nguwatké wong liya ing jemaat sing anyar.

Aja mbandhing-mbandhingké

2. Aja mbandhing-mbandhingké. (Pkh. 7:10) Saka Benin, Jules kudu pindhah ing Amerika Serikat. Dhèwèké kudu menyesuaikan diri karo budaya sing anyar ing kono. Dhèwèké crita, ”Aku ngrasa nèk saben ketemu wong, aku kudu crita kabèh soal aku.” Merga dhèwèké ora kulina kaya ngono, suwé-suwé dhèwèké dadi wegah ketemu karo para sedulur ing jemaat. Tapi, bar luwih kenal para sedulur, dhèwèké dadi piyé? Dhèwèké crita, ”Saiki aku ngerti, ra soal manggoné ing endi, kabèh wong kuwi padha. Sing béda mung carané meréka ngomong lan bertindak. Ya aku kudu nrima meréka apa anané.” Dadi, aja nganti njenengan mbandhing-mbandhingké jemaat sing anyar karo sing lawas. Perintis sing jenengé Anne-Lise crita, ”Aku pindhah merga péngin mempelajari hal-hal sing anyar. Aku ora berharap keadaanku ing panggonan sing anyar kuwi padha persis kaya sing mbiyèn.”

Para pinituwa sing bar pindhah ya kudu ngati-ati bèn ora mbandhing-mbandhingké karo jemaaté sing lawas. Cara sing béda kuwi durung mesthi salah. Sing wicaksana kuwi, sakdurungé ngekèki saran, ya kudu berupaya memahami sik keadaan ing kono. (Pkh. 3:​1, 7b) Daripada meksa-meksa bèn manut sarané njenengan, luwih apik nèk njenengan ngekèki conto.—2 Kor. 1:24.

Mèlu aktif ing jemaat sing anyar

3. Mèlu aktif ing jemaat sing anyar. (Flp. 1:27) Pindhahan kuwi mémang répot lan marahi kesel. Tapi, penting nèk njenengan ndang mèlu pertemuan ibadah ing jemaat sing anyar, bahkan nèk isa teka langsung. Menurut njenengan, nèk njenengan ora tau ketemu karo para sedulur ing jemaat sing anyar, apa meréka isa dadi akrab lan nulungi njenengan? Lucinda, sing pindhah ing kutha gedhé ing Afrika Selatan bareng karo anaké wédok loro, crita, ”Aku disaranké kanggo melibatkan diri karo para sedulur ing jemaat, mèlu nginjil, lan semangat njawab ing pertemuan ibadah. Kami ya nawakké omah kami bèn dienggo pertemuan sakdurungé nginjil.”

”Bareng-bareng ngupaya” ing kegiatan rohani karo para sedulur ing jemaat sing anyar ya isa marakké njenengan ”tetep nduwé iman marang kabar apik”. Anne-Lise, sing disebutké mau, disaranké para pinituwa kanggo nginjil karo kabèh sedulur ing jemaat sing anyar. Apa hasilé? Anne-Lise crita, ”Aku dadi sadhar nèk iki kunciné bèn isa cepet akrab karo para sedulur.” Nèk mèlu resik-resik utawa ngrawat Balai Ibadah, kuwi ya bukti nèk njenengan saiki nganggep jemaat sing anyar iki jemaaté njenengan. Suwé-suwé, para sedulur bakal péngin luwih akrab karo njenengan, lan njenengan ya ngrasa nèk iki keluargané njenengan sing anyar.

Nggolèk sahabat

4. Nggolèk sahabat. (2 Kor. 6:​11-13) Cara sing paling apik bèn isa ndang éntuk sahabat kuwi nèk perduli karo wong liya. Mulané, sakdurungé pertemuan ibadah nyobaa teka luwih gasik, terus aja kesusu mulih bèn isa ngobrol lan luwih kenal karo para sedulur. Upayakna ngéling-éling jenengé para sedulur. Nèk éling jenengé para sedulur, ramah, lan gampang dicedhaki, para sedulur ya dadi péngin akrab karo njenengan. Hasilé, mengko njenengan isa nduwé sahabat sing anyar.

Dadia wong sing apa anané waé, ora usah éthok-éthok mung bèn disenengi. Njenengan ya isa niru Lucinda. Dhèwèké crita, ”Kami saiki nduwé sahabat-sahabat anyar merga seneng ngundang sedulur liya ing omah.”

”RAMAH LAN APIKAN KARO WONG LIYA”

Merga ora ana sing dikenal, ana sing ngrasa nèk ngibadah ing jemaat sing anyar kuwi marahi strès. Dadi, nèk ana sing pindhah ing jemaaté njenengan, kudu piyé? Rasul Paulus ngomong, ”Kowé kudu ramah lan apikan karo wong liya, padha kaya Kristus ya wis apikan karo kowé.” (Rm. 15:7) Nèk niru Yésus, para pinituwa ya bakal ngupaya bèn para sedulur sing lagi waé pindhah kuwi ngrasa disambut. (Deloken kothak ” Nèk Arep Pindhah”.) Tapi, ora mung para pinituwa thok. Kabèh sedulur, termasuk anak-anak, ya isa menyambut para sedulur sing lagi waé pindhah kuwi.

Menyambut kuwi ora mung ramah thok, tapi ya ngekèki bantuan sing dibutuhké. Misalé, ana sedulur wédok sing ngejak sedulur sing lagi waé pindhah kanggo keliling kutha lan ngajari carané numpak kendaraan umum ing kono. Kuwi marakké sedulur wédok sing lagi waé pindhah kuwi ngrasa disayang lan ya dadi luwih gampang menyesuaikan diri.

HASIL-HASIL APIKÉ

Kaya walang, sakdurungé sayapé isa dienggo mabur, dhèwèké kudu nglepaské kulité nganti beberapa kali. Padha kaya ngono, wektu pindhah jemaat, bèn isa tetep menikmati nglayani Yéhuwah lan nggawé kemajuan, njenengan ya kudu ngilangké kekuwatiran apa waé. Nicolas karo Céline ngomong, ”Pindhah kuwi kaya lagi dilatih. Menyesuaikan diri karo wong sing anyar lan panggonan sing anyar kuwi isa marakké awaké dhéwé dadi nduwé sifat-sifat sing luwih apik.” Jean-Charles sing disebutké mau, ngomong, ”Keluargaku ya éntuk akèh manfaat. Anak-anakku dadi luwih maju rohaniné lan tambah akrab karo Yéhuwah. Sakwisé beberapa bulan, anakku wédok mulai éntuk tugas siswa ing pertemuan ibadah tengah pekan. Terus, anakku lanang dadi penginjil sing durung terbaptis.”

Lha terus, piyé nèk merga keadaan, njenengan ora isa pindhah jemaat, misalé ing panggonan sing butuh luwih akèh penginjil? Njenengan isa tetep ngrasakké suasana sing anyar ing jemaaté njenengan nèk coba ngetrapké saran-saran ing artikel iki. Njenengan isa terus ngendelké Yéhuwah, tambah sibuk ing kegiatan jemaat, janjian nginjil karo para sedulur, golèk sahabat manèh, utawa berupaya luwih akrab karo para sedulur ing jemaat. Njenengan ya isa nduwé inisiatif mbantu para sedulur sing lagi waé gabung utawa mbutuhké bantuan. Élinga, nèk tandhané muridé Yésus kuwi sayang wong liya. Dadi nèk seneng mbantu, njenengan bakal tambah akrab karo Yéhuwah. (Yoh. 13:35) Kuwi kaya ”persembahan sing nggawé Gusti Allah seneng”.—Ibr. 13:16.

Meskipun ora gampang, ana akèh sedulur sing isa menikmati lan tetep bahagia bar pindhah jemaat. Njenengan ya mesthi isa kaya ngono. Anne-Lise ngomong, ”Pindhah jemaat kuwi marakké aku isa membuka diri.” Kazumi crita, ”Njenengan dadi isa ngrasakké bantuané Yéhuwah nganggo cara sing durung tau njenengan rasakké.” Jules crita, ”Saiki aku ngrasa luwih akrab karo para sedulur ing kéné, kuwi marakké aku dadi krasan lan ora péngin ninggalké jemaat iki.”

a Wacanen artikel ”Mengatasi Kerinduan akan Kampung Halaman dalam Dinas Allah” ing Menara Pengawal 15 Mei 1994.