Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

SING UTAMA DIREMBUG | APA NDONGA KUWI ANA GUNANÉ?

Alesané Gusti Allah Ngongkon Manungsa Ndonga

Alesané Gusti Allah Ngongkon Manungsa Ndonga

Gusti Allah péngin manungsa dadi kancané.

Wong kekancan kuwi kudu kerep ngobrol, bèn saya akrab. Semono uga, Gusti Allah péngin awaké dhéwé ngobrol bèn isa dadi kanca akrabé. Gusti Allah ngendika, ”Lan samangsa sira sesambat lan sowan kanthi panyuwun marang Ingsun, Ingsun iya bakal nyembadani panyuwunira iku.” (Yérémia 29:12) Wektu panjenengan ndonga, panjenengan isa nyedhaki Gusti Allah lan ”Gusti Allah bakal nyelaki kowé.” (Yakobus 4:8) Alkitab mènèhi jaminan nèk ”Pangéran Yéhuwah celak karo saben wong sing nyebut marang asmané”. (Jabur 145:18) Nèk kerep ndonga, awaké dhéwé isa saya akrab karo Gusti Allah.

”Pangéran Yéhuwah celak karo saben wong sing nyebut marang asmané.”Jabur 145:18

Gusti Allah péngin mbantu panjenengan.

Yésus ngendika, ”Apa ana panunggalanmu kang dijaluki roti anaké, kok mènèhi watu, utawa yèn dijaluki iwak, kok mènèhi ula? Dadiné yèn kowé . . . mangreti ing bab pawèwèh kang becik marang anak-anakmu, saya manèh Ramamu kang ana ing swarga, mesthi peparing kang becik marang wong sing padha nyenyuwun marang panjenengané.” (Matéus 7:9-11) Gusti Allah péngin panjenengan ndonga, merga Gusti Allah sing ”ngopèni” lan péngin mbantu panjenengan. (1 Pétrus 5:7) Gusti Allah uga péngin panjenengan crita bab masalah sing diadhepi. Alkitab kandha, ”Aja padha nyumelangké bab apa baé, nanging padha lairna sakèhing pepénginanmu marang Gusti Allah ing pandonga lan panyuwun kalawan caos sokur.”Filipi 4:6.

Manungsa péngin cedhak karo Gusti Allah.

Sakwisé diteliti, jebulé manungsa kuwi nduwé kebutuhan ndonga, klebu wong atéis (sing ora percaya karo Gusti Allah) lan wong agnostik (sing ora percaya nèk manungsa isa cedhak karo Gusti Allah). * Kuwi bukti nèk manungsa pancèn digawé, bèn nduwé rasa péngin cedhak karo Gusti Allah. Yésus ngendika, ”Rahayu wong kang mlarat ing budi.” (Matéus 5:3) Salah siji cara bèn isa cedhak karo Gusti Allah, yaiku ndonga.

Nèk ndonga marang Gusti Allah, apa paédahé kanggo awaké dhéwé?

^ par. 8 Taun 2012 Pew Research Center neliti nèk 11 persèn saka wong atéis/agnostik ing Amerika Serikat ndonga paling sithik sesasi pisan.