Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Karo bojoku, Tabitha, wektu nginjil ing panggonan umum

KUWASANÉ ALKITAB

Kanggoku, Gusti Allah Kuwi Ora Ana

Kanggoku, Gusti Allah Kuwi Ora Ana
  • LAIR TAUN: 1974

  • NEGARA ASAL: RÉPUBLIK DÉMOKRASI JERMAN

  • MBIYÈNÉ: ATÉIS

MBIYÈNÉ

Aku lair ing salah siji désa ing Saxony, sing mbiyèn dadi bagéan saka Républik Démokrasi Jerman (RDJ). Kahanan ing keluargaku ayem tentrem lan wong tuwaku ngajari aku bèn dadi wong sing apik tumindaké. RDJ kuwi negara komunis. Dadi, agama kuwi ora penting kanggoné wong-wong ing Saxony. Lan kanggoku, Gusti Allah kuwi ora ana. Aku percaya banget karo ajaran atéis lan Komunis nganti umur 18 taun.

Apa sebabé aku seneng karo ajaran Komunis? Merga Komunis ngajarké nèk kabèh wong kuwi padha. Aku ya percaya nèk kabèh wong kuduné éntuk bagéan lemah sing padha. Dadi, ora ana manèh wong sing sugih banget utawa sing mlarat banget. Aku aktif mèlu kagiyatan ing organisasi pemuda Komunis. Wektu umur 14 taun, aku sibuk ndhukung proyèk lingkungan kanggo ngolah sampah kertas. Pamréntah ing kutha Aue ngajèni upayaku lan mènèhi penghargaan. Senajan isih enom, aku kenal karo para pimpinan politik ing RDJ. Aku rumangsa nèk apa sing tak tindakké kuwi wis bener lan bakal nggawé uripku dadi nyenengké.

Ngerti-ngerti kabèh kuwi malih. Ing taun 1989, Témbok Berlin ambruk, semono uga blok Komunis saka Eropa Timur. Sakliyané kuwi, jebulé akèh tumindak sing ora adil ing RDJ. Contoné, wong-wong sing ora ndhukung ajaran Komunis disepèlèkké karo negara. Kok isa ngono? Sak ngertiku, Komunis ngajarké nèk kabèh wong kuwi padha. Apa sakjané ajaran Komunis kuwi mung téori thok? Aku dadi mulai ragu.

Mulané, tujuanku saiki dadi béda. Aku nduwé cita-cita dadi seniman musik lan nggambar. Mula, aku mlebu ing sekolah musik supaya isa mlebu ing universitas sakwisé lulus. Banjur, uripku mulai dadi ora nggenah. Kanggoku saiki sing penting mung seneng-seneng lan nduwé akèh pacar. Ning, aku isih rumangsa kuwatir. Malah, kuwi isa kétok saka lukisan sing tak gawé. Sakjané, apa, ta, tujuané urip iki? Kaya apa kahanané donya sukmbèn?

Aku nggumun banget wektu ngerti nèk jebulé kabèh pitakonanku ana jawabané. Ing sawijiné dina, aku lan murid-murid liyané bengi-bengi ngrembug bab urip sukmbèn. Salah siji murid sing mèlu rembugan kuwi Seksi Yéhuwah sing jenengé Mandy. * Dhèwèké kandha, ”Andreas, nèk kowé péngin éntuk jawaban saka pitakonan-pitakonanmu, golèkana ing Alkitab.”

Aku isih ragu, ning ya penasaran. Banjur, Mandy mbukakké Dhanièl bab 2, lan apa sing tak waca ing kono kuwi nggawé aku kagèt. Ramalan ing buku Dhanièl kuwi nerangké urut-urutané panguwasa ing donya sing gedhé pengaruhé kanggo kita ing jaman saiki. Mandy nduduhké ramalan-ramalan liyané saka Alkitab sing nerangké bab urip sukmbèn. Akiré, kabèh pitakonanku isa kejawab. Ning, sapa sing nulis ramalan-ramalan kuwi, lan sapa sing isa ngramalké urip mbésuk kanthi rinci kaya ngono? Apa Gusti Allah kuwi pancèn ana tenan?

CARANÉ ALKITAB MBANTU AKU

Mandy ngenalké aku karo Horst lan bojoné sing jenengé Angelika, Seksi Yéhuwah sing mbantu aku sinau Alkitab. Aku dadi ngerti nèk mung Seksi-Seksi Yéhuwah sing terus nggunakké lan martakké asmané Gusti Allah, yaiku Yéhuwah. (Jabur 83:19; Matéus 6:9) Banjur, aku sinau nèk Allah Yéhuwah maringi pangarep-arep urip saklawasé ing bumi firdaus kanggo kabèh manungsa. Jabur 37:9 kandha, ”Wong kang nganti-anti marang Sang Yéhuwah iku bakal padha olèh warisan bumi.” Aku seneng merga kabèh wong sing ngupaya ngetrapké pathokané Alkitab isa éntuk pangarep-arep iki.

Ning, aku isih kudu ngupaya ngowahi uripku bèn isa cocog karo pathokané Alkitab. Aku iki seniman musik sing wis suksès. Mula, aku kudu ngupaya bèn ora dadi sombong. Sakliyané kuwi, ora gampang kanggo ninggalké urip sing ora nggenah. Untungé, Yéhuwah kuwi sabar lan welas asih, sarta pangertèn marang wong-wong sing ngupaya ngetrapké piwulangé Alkitab.

Nganti umur 18, aku percaya banget karo ajaran Komunis lan atéis. Ning, sakbanjuré kuwi, uripku malih merga ngetrapké wulangané Alkitab. Aku saiki dadi nduwé tujuan urip lan ora kuwatir manèh bab urip sukmbèn. Ing taun 1993, aku dibaptis dadi Seksi Yéhuwah, lan ing taun 2000, aku nikah karo Tabitha, sedulur wédok sing semangat nginjil. Aku lan bojoku mempeng nginjil marang wong-wong, sing akèh-akèhé ya percaya karo ajaran Komunis lan atéis kaya aku mbiyèn. Aku seneng banget isa mbantu wong-wong kuwi nyedhak marang Yéhuwah.

PAÉDAHÉ KANGGOKU

Mauné, wong tuwaku kuwatir merga aku sinau karo Seksi-Seksi Yéhuwah. Ning, akiré wong tuwaku isa ndelok nèk uripku malih dadi apik sakwisé sinau Alkitab. Seneng banget rasané merga wong tuwaku saiki uga sinau Alkitab lan teka ing pakumpulan ibadahé Seksi-Seksi Yéhuwah.

Keluargaku isa ayem tentrem merga aku lan bojoku ngupaya ngetrapké naséhaté Alkitab. Contoné, Alkitab mènèhi naséhat nèk wong sing wis bebojoan kuwi kudu setya marang siji lan sijiné.​—Ibrani 13:4.

Aku wis ora kuwatir manèh bab urip saiki lan sukmbèn. Aku rumangsa dadi bagéan saka paseduluran sakdonya sing rukun ngabdi bebarengan marang Yéhuwah. Kabèh sing dadi bagéan saka paseduluran sakdonya iki padha-padha nggatèkké lan ora mbédak-mbédakké. Iki sing wis tak idham-idhamké wiwit mbiyèn.

^ par. 12 Dudu jeneng asli.