Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Apa Panjenengan Ngerti?

Apa Panjenengan Ngerti?

Apa perumpamaané Yésus bab ”kirik” kuwi ngécé?

Patung bocah cilik lagi mbopong kirik, saka Yunani utawa Romawi (abad kapisan SM nganti abad kapindho M)

Ing sawijiné dina, wektu Yésus lagi ana ing njabané perbatasan Israèl ing propinsi Siria, Romawi, ana wong wédok sing asalé saka Yunani nyedhaki Yésus lan njaluk tulung. Yésus malah mènèhi perumpamaan sing mbandhingké wong sing dudu Yahudi karo ”kirik”. Ing Hukum Musa, kirik kuwi dianggep kéwan sing najis. (Kaimaman 11:27) Dadi, apa omongané Yésus kuwi tegesé ngécé wong wédok Yunani kuwi lan wong-wong liyané sing dudu Yahudi?

Ora ngono. Kaya sing Yésus jelaské marang para muridé, perumpamaan kuwi nandheské nèk sing diutamakké karo Yésus wektu kuwi yaiku mbantu wong-wong Yahudi. Dadi, Yésus kandha marang wong wédok Yunani kuwi, ”Ora bener nèk njupuk roti saka bocah-bocah banjur diuncalké marang kirik-kirik.” (Matéus 15:21-26, Terjemahan Dunia Baru (NW); Markus 7:26) Kanggoné wong Yahudi lan Romawi, kirik kuwi kéwan piaraan sing disayang lan kerep dijak dolanan karo bocah-bocah. Dadi, tembung ”kirik” kuwi mbokmenawa isa dinggo nggambarké perasaan sayang. Wong wédok saka Yunani kuwi mudheng maksudé Yésus lan njawab, ”Nggih, Gusti, ning sakjané kirik-kirik kuwi uga mangan cuwilan-cuwilan sing tiba saka mejané bendarané.” Yésus ngalem imané wong wédok kuwi, banjur nambani anaké.​—Matéus 15:27, 28, NW.

Apa sarané Paulus kanggo nundha pelayarané kuwi masuk akal?

Ukiran kapal barang (abad kapisan M)

Wektu lunga menyang Italia, ana angin badai sing nerjang kapal sing ditumpaki Paulus. Wektu mandheg ing pelabuhan, rasul Paulus nyaranké bèn pelayarané ditundha dhisik. (Para Rasul 27:9-12) Apa saran kuwi masuk akal?

Para pelaut mbiyèn ngerti tenan nèk pelayaran ing Laut Tengah wektu musim adhem kuwi mbebayani banget. Kira-kira saka 15 November nganti 15 Maret, kapal-kapal ora éntuk mlaku ing kono. Ning, pelayaran sing dicritakké Paulus mau kelakon ing sasi September utawa Oktober. Ing bukuné sing judhulé Epitome of Military Science, salah siji penulis saka Roma sing jenengé Vegetius (abad kapapat M) nerangké, ”Ana sasi-sasi sing cocog kanggo pelayaran, ana sing mbokmenawa ora cocog, lan ana sing pancèn ora mungkin cocog.” Vegetius kandha nèk sing aman kuwi antarané 27 Mei nganti 14 September. Ning, antarané 15 September nganti 11 November lan antarané 11 Maret nganti 26 Mei kuwi mbokmenawa ora cocog, utawa malah mbebayani. Paulus ngerti banget bab kuwi merga kerep numpak kapal. Mbokmenawa, kaptèn kapal lan sing nduwé kapal kuwi ya ngerti, ning ora padha nggugu sarané Paulus. Akiré, kapalé kandhas.​—Para Rasul 27:13-44.