Langsung mlebu

Piyé Carané Yésus Nylametké Awaké Dhéwé?

Piyé Carané Yésus Nylametké Awaké Dhéwé?

Jawaban ing Alkitab

 Yésus dadi tebusan bèn isa nylametké wong-wong sing nduwé iman. (Matius 20:28) Mula, ing Alkitab disebutké nèk Yésus kuwi sing ”nylametké donya”. (1 Yohanes 4:​14) Ing Alkitab ya disebutké, ”Ing bumi iki ora ana jeneng liya sing dipilih Gusti Allah saka antarané manungsa kanggo nylametké awaké dhéwé. Mula, ora bakal ana wong liya sing isa nylametké manungsa kecuali dhèwèké.”​—Kisah 4:​12.

 Yésus ”mati demi kabèh wong” sing nduwé iman karo dhèwèké. (Ibrani 2:9; Yohanes 3:​16) Terus, ’Gusti Allah nguripké manèh dhèwèké’, lan Yésus bali ing swarga dadi makhluk roh. (Kisah 3:​15) Ing kana, Yésus isa ”nylametké wong-wong sing nyedhak marang Gusti Allah liwat dhèwèké, merga dhèwèké terus urip lan isa njaluk marang Gusti Allah bèn mbantu wong-wong kuwi”.​—Ibrani 7:​25.

Kenapa Yésus kudu njaluk karo Gusti Allah bèn isa mbantu awaké dhéwé?

 Awaké dhéwé wis dosa. (Roma 3:​23) Merga wis dosa, awaké dhéwé dadi adoh karo Gusti Allah lan akhiré mati. (Roma 6:​23) Tapi, Yésus ”nulungi” utawa mbéla wong-wong sing nduwé iman karo tebusané Yésus. (1 Yohanes 2:1) Merga wis dadi tebusan, Yésus isa njaluk karo Gusti Allah bèn dongané awaké dhéwé dirungokké lan dosané awaké dhéwé diampuni. (Matius 1:​21; Roma 8:​34) Gusti Allah gelem ngrungokké dongané awaké dhéwé lan ngampuni dosané awaké dhéwé merga kuwi sesuai karo sing dikarepké Gusti Allah. Gusti Allah ngutus Yésus ing bumi ”supaya wong-wong ing donya dislametké” liwat Yésus.​—Yohanes 3:​17.

Bèn isa dislametké apa cukup nèk mung percaya karo Yésus?

 Ora. Mémang awaké dhéwé kudu percaya karo Yésus bèn isa dislametké. Tapi kuwi durung cukup. (Kisah 16:30, 31) Ing Alkitab disebutké, ”Badan sing ora ana napasé kuwi mati. Padha kaya ngono, nèk awaké dhéwé nduwé iman ning ora nindakké apa sing apik, iman kuwi mati.” (Yakobus 2:​26) Bèn isa dislametké, awaké dhéwé kudu:

  •   Kenal karo Yésus lan Bapaké, yaiku Yéhuwah.​—Yohanes 17:3.

  •   Nduwé iman karo Yéhuwah lan Yésus.​—Yohanes 12:44; 14:1.

  •   Manut karo Yéhuwah lan Yésus. (Lukas 6:​46; 1 Yohanes 2:​17) Yésus ngomong nèk sing dislametké kuwi dudu wong sing nyebut dhèwèké ”Gusti”. Tapi, wong sing ’nindakké karepé Bapaké ing swarga’.​—Matius 7:​21.

  •   Terus nduwé iman meskipun keadaané susah. Yésus ngomong, ”Wong sing terus setya nganti akhir bakal dislametké.”​—Matius 24:13.