Langsung mlebu

Ngapa Kok Yésus Isa Dadi Tebusan?

Ngapa Kok Yésus Isa Dadi Tebusan?

Jawaban ing Alkitab

 Gusti Allah nyedhiakké tebusan bèn manungsa dosané isa diampuni lan ora mati. Ing Alkitab disebutké nèk manungsa ditebus nganggo getihé Yésus sing berharga. (Éfésus 1:7; 1 Pétrus 1:​18, 19) Mula Yésus ngomong nèk dhèwèké teka ing bumi merga arep ”masrahké uripé dadi tebusan kanggo wong akèh”.​—Matius 20:28.

Ngapa kok manungsa butuh tebusan?

 Awalé, Adam kuwi sampurna lan isa urip saklawasé. Tapi akhiré dhèwèké mati merga ora manut karo Gusti Allah. (Purwaning Dumadi 3:​17-​19) Akibaté, kabèh keturunané ya dadi dosa lan mati. (Roma 5:​12) Ing Alkitab disebutké nèk Adam lan keturunané ”diedol dadi budhaké dosa”. (Roma 7:​14) Nah merga wis ora sampurna, ora ana keturunané Adam sing isa dadi tebusan bèn manungsa isa urip saklawasé manèh.​—Mazmur 49:​7, 8.

 Gusti Allah ngrasa mesakké wektu ndelok keadaané manungsa sing kaya ngono. (Yohanes 3:​16) Tapi merga Gusti Allah adil, dosané manungsa ora isa langsung diampuni ngono waé. (Mazmur 89:14; Roma 3:​23-​26) Mula, Gusti Allah nyedhiakké tebusan bèn dosané manungsa isa diampuni. Kuwi bukti nèk Gusti Allah sayang karo manungsa.​—Roma 5:​6-8.

Sing dimaksud tebusan kuwi apa?

 Menurut Alkitab sing dimaksud tebusan kuwi:

  1.   Rega sing kudu dibayar.​—Wilangan 3:​46, 47.

  2.   Isa mbébaské.​—Pangentasan 21:30.

  3.   Regané kudu padha karo apa sing ditebus. a

 Korban tebusané Yésus sesuai karo keterangan mau.

  1.   Rega sing kudu dibayar. Ing Alkitab disebutké nèk awaké dhéwé wis ”dituku nganggo rega sing larang”. (1 Korintus 6:​20; 7:​23) Yésus ”nuku wong-wong saka saben suku, basa, golongan, lan bangsa kanggo dadi duwèké Gusti Allah” nganggo getihé Yésus.​—Wahyu 5:​8, 9.

  2.   Isa mbébaské. Tebusané Yésus ”mbébaské awaké dhéwé” saka dosa.​—1 Korintus 1:​30; Kolose 1:​14; Ibrani 9:​15.

  3.   Regané padha karo apa sing ditebus. Yésus kuwi manungsa sing sampurna. Dadi Yésus isa ngganti sing mbiyèn diilangké Adam, yaiku urip sing sampurna. (1 Korintus 15:21, 22, 45, 46) Ing Alkitab disebutké, ”Wong siji sing ora manut karo Gusti Allah [Adam] nyebabké akèh wong dadi dosa. Wong siji sing manut karo Gusti Allah [Yésus] nggawé akèh wong dianggep bener.” (Roma 5:​19) Wong siji sing dadi tebusan kanggo wong akèh kuwi Yésus. Dhèwèké dadi tebusan kanggo kabèh wong sing percaya karo dhèwèké.​—1 Timotius 2:​5, 6.

a Ing Alkitab, kata tebusan kuwi artiné rega utawa sesuatu sing berharga sing kudu dibayarké. Kata Ibrani ka·pharʹ artiné ”nutupi”. (Purwaning Dumadi 6:​14) Contoné, nutupi dosa. (Mazmur 65:3) Kata koʹpher maksudé rega sing kudu dibayar bèn isa nutupi utawa nebus. (Pangentasan 21:30) Kata Yunani lyʹtron diterjemahké dadi ”tebusan” utawa ”rega kanggo mbébaské”. (Matius 20:28; The New Testament in Modern Speech, karya R. F. Weymouth) Para penulis Yunani nggunakké kata kuwi kanggo njelaské soal rega sing kudu dibayar kanggo mbébaské tahanan perang utawa budhak.